Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Yohanes 1 >> 

1Layang saka aku, pinituwa, tumeka marang Ibu kang pinilih déning Gusti Allah lan marang anak-anaké sing daktresnani banget. Ora mung aku waé, malah sakèhé wong sing precaya marang kabar kabungahan saka Gusti Allah, padha nresnani kowé kabèh.

2Awit kabar mau tetep dumunung ana ing ati kita lan bakal nunggal karo kita ing selawasé.

3Berkah, sih-rahmat lan tentrem rahayu saka Allah Sang Rama, lan Yésus Kristus, Kang Putra kaparingna marang kita, temah urip kita bisa mbabaraké kayektèn lan katresnan.

4Aku bungah banget weruh anak-anakmu ana sawetara sing uripé ngambah dalan sing bener, condhong karo dhawuhé Sang Rama marang kita.

5Mulané, hé Ibu kang daktresnani! Banget penjalukku, supaya kita kabèh padha tresna-tinresnan. Kang daktulis iki dudu prekara anyar; merga pepakon iki wis diparingaké marang kita wiwit-wiwitan mula.

6Nresnani kuwi tegesé urip manut pepakon-pepakoné Gusti Allah. Lan pepakon sing wis padha kokrungu ing wiwit-wiwitan mula, yakuwi kowé kudu padha tresna-tinresnan.

7Awit akèh juru-panasaran sing padha jumedhul lan ndlajahi jagad. Wong-wong mau padha ora ngakoni yèn Gusti Yésus wis rawuh ing jagad ngagem sarira manungsa. Wong-wong sing mengkono kuwi tukang ngapusi, kuwi Anti-Kristus.

8Mulané padha diawas, aja nganti kélangan kaprecayan sing wis dakdhedher ana ing kowé, malah ngudia geneping enggonmu nampani opahé precayamu.

9Sing sapa ora ngantepi piwulangé Sang Kristus, malah nyimpang saka piwulang mau, wong kuwi ora nunggil karo Gusti Allah. Nanging sing sapa ngantepi piwulang kuwi, wong mau nduwèni Sang Rama lan Sang Putra pisan.

10Mulané yèn kowé padha katekanan wong sing ora nggawa piwulangé Sang Kristus, aja koktampani ana ing omahmu, lan aja koksalami.

11Awit sing sapa nyalami, ateges mbiyantu penggawéné sing ala mau.

12Sakjané akèh prekara sing prelu dakkandhakaké marang kowé, nanging luwih becik ora nganggo layang. Pengarep-arepku bisaa ketemu dhéwé, lan guneman adu arep, supaya ati kita padha maremé.

13Para sedulur kinasih ing pasamuwan kéné padha kirim salam marang kowé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Yohanes 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel