Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 29 >> 

1Sing sapa saben diwelèhaké mangkotaké atiné, bakal dirusak dadakan, nganti ora kena didandani menèh.

2Pangwasa sing adil gawé bungahé rakyat, nanging yèn sing nyekel pangwasa wong duraka, rakyaté sambat-sambat.

3Sing sapa rumaket ing kawicaksanan ndadèkaké bungahé bapakné, nanging sing sapa sesrawungan karo sundel, ngebrèh-ebrèh kasugihané.

4Raja nyentosakaké negara srana nindakaké keadilan, nanging sing narik pajeg kakèhen gawé ambruké negara.

5Sing sapa dhemen ngalem pepadhané, kuwi masang jiret ing sikilé dhéwé.

6Wong ala kejiret déning pialané dhéwé, nanging wong temen uripé bébas lan bungah.

7Wong becik kuwi ngurmati wewenangé wong miskin, nanging wong ala ora mikir tekan semono.

8Wong sing ora maèlu kepentingané pepadhané kuwi gawé gègèré negara, nanging wong wicaksana nyirep huru-hara.

9Yèn wong wicaksana prekaran karo wong sing tanpa pikir, wong sing tanpa pikir mau bakal nggeguyu, omongané seru lan ngawur.

10Wong ambek siya kuwi sengit karo wong temen, nanging wong mursid ngayomi uripé wong temen.

11Wong tanpa pikir ngumbar nepsuné sakatogé, nanging wong wicaksana sabar lan ngendhalèni rasaning atiné.

12Yèn wong sing nyekel pangwasa seneng karo laporan palsu, punggawané kabèh bakal seneng goroh.

13Wong miskin lan wong ambek siya kuwi Gusti Allah sing paring mripat marang karo-karoné.

14Raja sing tumindak adil marang wong miskin pepréntahané bakal lestari suwé.

15Gitik lan pitutur kuwi ngolèhaké kawicaksanan, nanging bocah ugungan gawé wirangé ibuné.

16Yèn saya akèh wong ala sing nyekel pangwasa, kadursilan bakal mundhak akèh. Wong mursid bakal lestari urip lan nyipati ambruké wong-wong mau.

17Anakmu perdinen, mesthi bakal ndadèkaké ayemé atimu, malah awèh kabungahan marang kowé.

18Bangsa sing ora katuntun déning wangsité Allah dadi wong urakan. Begja wong sing netepi pepakoné Allah.

19Batur aja mung diperdi nganggo tembung thok, sebab senajan ngerti, wong mau ora bakal nggatèkaké.

20Wong sing gunemé tanpa dipikir kuwi luwih asor tinimbang wong sing tanpa pikiran.

21Batur yèn cilik mula diugung, wekasané bakal ngrampas barang-darbèkmu kabèh.

22Wong sing cepak nepsuné nekakaké tukar-padu lan huru-hara.

23Sing sapa gemedhé ndadèkaké awaké ora kajèn, nanging sing wataké andhap-asor bakal diluhuraké.

24Sing sapa nampani panduman saka maling, kuwi ora ngéman awaké dhéwé. Yèn wong mau gelem ngaku ana ing pengadilan, bakal diukum negara, nanging yèn ora ngaku diukum déning Allah.

25Wedi marang manungsa ora nylametaké, nanging sing sapa kumandel marang Allah kareksa kalawan sentosa.

26Akèh wong sing ngudi supaya olèh sih saka penggedhé, nanging mung Allah kang bisa paring keadilan.

27Wong mursid sengit marang penggawéné wong duraka, lan wong duraka sengit marang wong mursid.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel