Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 5 >> 

1Hé anakku, rungokna lan gatèkna kawicaksanan lan pangertèn saka aku.

2Kowé bakal ngerti carané tumindak sing bener, lan saka tembungmu bakal ketitik yèn kowé wong sing duwé kawruh.

3Bojoné wong liya lambéné bisa uga manisé kaya madu lan yèn nucup alusé kaya lenga wangi,

4nanging yèn wis rampung ninggal rasa pait lan perih.

5Wong kuwi njorogaké kowé menyang pati, awit dalané wong mau pancèn anjog ing pati.

6Wong kuwi ora ngambah dalaning urip, lakuné nasar lan ora ngrumangsani pialané.

7Hé anakku, rungokna! Aja lali karo pituturku.

8Wong wadon mengkono kuwi edohana. Aja pisan-pisan kokcedhaki!

9Yèn ora, kowé bakal kélangan kaurmatanmu; kowé bakal mati enom déning tangané wong kang ambek siya.

10Wong liya bakal ngrayah bandhamu, lan pituwasing kangèlanmu bakal dipèk wong mau.

11Kowé bakal sambat-sambat ana ing peturon ngentèni ajalmu, merga daging lan ototmu wis rusak kabèh.

12Kowé bakal getun lan ngucap, "Yagéné aku koknampik marang pamerdi? Yagéné aku biyèn kokora gelem diélingaké?

13Kokora gelem ngrungokaké piwulangé guruku? Pituturé kokora dakgatèkaké?

14Lan saiki ngerti-ngerti aku wis ora kajèn ing tengahé masarakat."

15Setyaa marang bojomu dhéwé lan katresnanmu sokna kabèh marang wong mau.

16Anak-anak olèhmu saka wong wadon liya ora nggawa berkah tumraping kowé.

17Anak-anakmu dhéwé sing samasa wis gedhé bakal mitulungi kowé, dudu wong liya.

18Mulané bebungaha karo bojomu sepisanan,

19prawan pilihanmu sing nengsemaké kaya kidang, karebèn katresnané lan kepéncuté marang kowé gawé bungahing atimu.

20Apa gunané kowé nresnani wong wadon liya, hé anakku? Yagéné kowé luwih kepéncut karo bojoné liyan?

21Gusti Allah pirsa samubarang kang koklakoni. Panjenengané mirsani saparan-paranmu.

22Dosa-dosané wong duraka kuwi kala-jiret. Wong mau kejiret déning dosané dhéwé.

23Matiné merga ora bisa ngendhalèni awaké dhéwé. Penggawéné sing ngawur njalari patiné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel