Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 7 >> 

1Hé anakku, pituturku lakonana. Aja pisan-pisan lali nindakaké welingku.

2Tembungku gugunen, temah kowé bakal urip. Dingati-ati lan nastiti enggonmu nglakoni pituturku, kaya enggonmu njaga maniking mripatmu.

3Pituturku tansah gatèkna; catheten ing atimu.

4Kawicaksanan kuwi anggepen sedulurmu wadon, lan pangertèn anggepen mitramu kenthel.

5Mula kowé bakal diedohaké saka bojoné liyan, saka wong wadon sing dhemen golèk ati.

6Nalika aku pinuju ngungak metu liwat jendhélané omahku,

7aku weruh nonoman akèh lan ing antarané ana sing tanpa budi.

8Nonoman mau liwat ing sacedhaké omahé sundel sing ana ing pojoking dalan.

9Wayahé repet-repet ngarepaké bengi.

10Wongé wadon banjur marani nonoman mau; enggoné menganggo kaya sundel.

11Lumrahé wong mau kanthi kendel lan tanpa isin ngadeg ana ing pinggiring dalan

12utawa ana ing pojoking prapatan, terkadhang uga ana ing pasar.

13Jaka mau banjur dirangkul, dipandeng lan diambungi, pangucapé,

14"Mau aku saos kurban lan olèh dagingé kurban.

15Aku banjur metu arep nggolèki kowé, jebul kowé ana ing kéné!

16Peturonku wis dakslèmèki kain léna kembangan saka Mesir.

17Wis takkepyuri mur lan garu karo manis jangan.

18Ayo padha bareng turu sewengi muput.

19Bojoku ora ana ing omah, merga lagi lelungan adoh.

20Nggawa dhuwit akèh lan rong minggu engkas lagi bali."

21Kaya mengkono nonoman mau dibujuk nganggo tembung sing ngresepaké atiné, mula kèlu karo gunemé wong wadon mau.

22Ora sranta nonoman mau ngetutaké lakuné sundel, kaya sapi sing dituntun menyang pejagalan, lan kaya wong ala sing dibanda arep diukum

23nganti jantungé suwèk kena ing panah. Nonoman mau kaya manuk sing marani jaring, ora ngerti uripé kaancam déning bebaya.

24Mulané anak-anakku nggèr, rungokna pituturku. Kandhaku iki gatèkna.

25Wong wadon sing mengkono kuwi aja kokwènèhi ati. Aja koktutaké lakuné.

26Sebab akèh wong lanang sing ambruk lan tiwas merga dhèwèké; cacahé wong sing tiwas mau ora kena diétung.

27Omahé sundel kuwi dalan sing anjog ing pati, dalan sing medhun ing senthong-senthonging teleng palimengan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel