Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 1 >> 

1Kecrita ing tanah Us ana wong jenengé Ayub. Ayub kuwi wong sing ngabekti marang Allah lair trus ing batin; wong sing luhur budiné lan ora tau gawé piala.

2Ayub duwé anak lanang pitu lan anak wadon telu.

3Kejaba kuwi duwé batur akèh. Wedhusé gèmbèl 7.000, untané 3.000, sapiné 1.000 lan kuldiné 500. Cethané, Ayub mau ing antarané penduduk daérah Wétanan kono klebu wong sing sugih dhéwé.

4Anak-anaké lanang Ayub gawéné nganakaké pésta, gentènan, ing omahé wong pitu mau. Ing pésta kono sedulur-seduluré wadon iya padha diulemi. Kabèh banjur padha mangan lan ngombé bebarengan.

5Saben anak-anaké bubar pésta, Ayub ésuké mesthi tangi gasik lan nyaosaké kurban kanggo anaké siji-siji, supaya padha diapura déning Allah. Sebab Ayub kuwatir yèn anak-anaké sajroné bungah-bungah padha gawé dosa lan tanpa dijarag padha nyenyamah marang Allah.

6Ing sawijining dina nalika para putrané Allah padha sowan marang Panjenengané, Sétan uga teka.

7Pangéran ndangu marang Iblis, "Kowé saka endi?" Wangsulané, "Saking mider-mider ndlajahi bumi."

8Pendanguné Pangéran menèh, "Apa kowé iya nggatèkaké Ayub? Sajagad ora ana wong sing mursidé lan luhuring budiné kaya Ayub, wong sing ngabekti marang Aku lan ora tau gawé piala."

9Nanging Iblis mangsuli, "Temtu kémawon Ayub ngabekti dhateng Paduka, mergi piyambakipun nampi ganjaran.

10Piyambakipun piyambak, lan sedaya gadhahanipun Paduka ayomi. Pedamelanipun Paduka berkahi lan Paduka paringi raja-kaya kathah, cekap kanggé ngebaki sanegari sedaya.

11Nanging cobi menawi bandhanipun Paduka pundhut sedaya, temtu piyambakipun badhé ngawon-awon Paduka wonten ing ngarsa Paduka!"

12Gusti Allah banjur ngandika marang Iblis, "Ya wis, sakèhé bandhané Ayub arep kokkapakaké sekarepmu, angger awaké aja kokpilara!" Sawisé mengkono Iblis banjur mundur saka ing ngarsané Allah.

13Ing sawijining dina anak-anaké Ayub padha nganakaké pésta ana ing omahé anak sing mbarep.

14(1:14-15) Dumadakan ana abdi teka marani Ayub karo matur, "Ndara, kula sami dipun serang tiyang Syéba, nalika kula sami mluku ing sabin lan kuldi-kuldi saweg sami wonten ing pangènan. Kéwan-kéwan wau sami dipun rebat lan réncang-réncang panjenengan sami dipun pejahi. Namung kula piyambak ingkang luwar, mila saged sowan ngaturi pirsa dhateng panjenengan."

15(1:14)

16Nalika abdi mau isih matur, ana abdi liyané teka, aturé, "Ménda-ménda gèmbèl panjenengan lan para pangèn sami dipun samber bledhèg, temah pejah sedaya. Namung kula piyambak ingkang gesang, mila saged sowan ngaturi pirsa dhateng panjenengan."

17Abdi mau durung rapung olèhé matur, ana abdi katelu teka karo matur, "Wonten rampog tiyang Kasdim tigang rombongan sami ngrebat unta-unta panjenengan lan mejahi para abdi. Namung kula piyambak ingkang saged luwar, mila saged ngaturi pirsa dhateng panjenengan."

18Nalika abdi mau lagi matur mengkono, ana abdi liyané teka nggawa kabar, "Para putra panjenengan saweg sami ngawontenaken pésta ing griyanipun putra panjenengan ingkang mbajeng.

19Dumadakan wonten angin lésus dhateng saking seganten wedhi nempuh griya ingkang dipun anggé pésta wau; griyanipun lajeng rebah, ngrebahi putra-putra panjenengan, ngantos sami tilar-donya sedaya. Namung kula piyambak ingkang wilujeng, mila saged ngaturi pirsa dhateng panjenengan."

20Ayub banjur ngadeg lan nyuwèk sandhangané, tandha yèn susah atiné. Sirahé banjur dicukur sarta sujud ing bumi, pangucapé,

21"Lairku tanpa sandhangan. Enggonku bakal bali mrana iya mengkono. Allah sing maringi, Allah sing mundhut. Pinujia asmané Pangéran!"

22Sajroné ngalami lelakon mau kabèh, Ayub ora nganti gawé dosa, sarta ora nyepèlèkaké marang Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel