Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 11 >> 

1(11:1-2) Zofar: Gunem sing ngawur kuwi apa ora prelu diwangsuli? Apa wong sing angkuh mengkono kuwi tembungé kena digugu?

2(11:1)

3Ayub, apa kokkira aku padha ora bisa mangsuli kowé? Apa kokkira aku arep meneng waé ngrungokaké penacadmu?

4Manut panemumu, tembungmu kuwi bener. Apa rumangsamu kowé kuwi wong resik ana ing ngarsané Allah?

5Muga Allah piyambak sing ngandika!

6Lan kowé digawé ngerti déning Panjenengané. Kawicaksanan iku akèh wewadiné, sing ora dingertèni déning manungsa. Mulané ngertia yèn kasangsaran kuwi ora sepiraa, katandhing karo paukuman sing mesthiné kudu koksangga.

7Mokal kowé bisa njajagi kawontenané Allah sing sanyatané! Kowé ora bakal bisa nyumurupi pangwasané Allah.

8Pangwasané luwih dhuwur tinimbang dhuwuré langit. Ora kena kokgayuh lan kokcandhak. Pangwasané luwih jero tinimbang kuburané wong mati, tangèh bisané kokngertèni.

9Pangwasané Allah ngungkuli jembaré jagad, luwih jembar tinimbang segara.

10Yèn kowé dicekel Panjenengané, diasta menyang pengadilané, sapa sing wani ngalang-alangi tumindaké?

11Allah pirsa wong sing apus-apus, lan pirsa pialané wong tanpa mirsani.

12Yèn wong bodho bisa dadi wicaksana, kuldi alasan iya bisa manak manungsa.

13Ayub, atimu sucèkna, getunana dosamu, ndedongaa marang Allah!

14Dosamu buwangen saka atimu, lan pialamu edohna saka omahmu!

15Mengko kowé bakal bisa ngadhepi urip klawan tabah lan sentosa; adegmu teguh lan kowé ora bakal wedi.

16Malah kowé bakal lali marang kasangsaranmu. Kaya banjir, sawisé surut wong wis ora kèlingan menèh.

17Uripmu bakal padhang ngungkuli padhangé raina, lan pepeteng sing kokalami bakal dadi kencar-kencar.

18Uripmu bakal sentosa lan duwé pengarep-arep. Kowé bakal direksa déning Allah, temah ngalami katentreman.

19Kowé bakal ora wedi karo satru, lan akèh wong sing bakal njaluk tulung marang kowé.

20Nanging mripaté wong duraka bakal dadi blawur, merga wong mau dalané kapepetan lan sing dadi pengarep-arepé mung pati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel