Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 14 >> 

1Wiwit lair mila manungsa menika ringkih, tanpa daya; umuripun celak lan kebak kasangsaran.

2Kados sekar ingkang semi lajeng alum; ical kados ayang-ayangan, lan mboten dhateng malih.

3Dhuh Allah, menapa inggih Paduka kersa mirsani dhateng kawula, sarta ngladosaken kawula dhateng pengadilan Paduka!

4Menapa saged manungsa ingkang nandhang dosa ngasilaken kasampurnan?

5Umuripun manungsa sampun Paduka tetepaken watesipun; cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken. Semanten ugi wates-watesing gesangipun; mokal saupamia badhé nglangkungi.

6Mbok dipun kèndelna kémawon, sampun ngantos dipun ganggu, supados ngraosaken ayem gesangipun ngantos satelasing tugasipun.

7Tumraping wit ingkang kategor taksih wonten pengajeng-ajeng, saged trubus malih lan ngedalaken pang.

8Senajan oyodipun ing siti dados gapuk, lan sogolipun pejah mergi bosok;

9nanging samangsa kagepok ing toya, badhé tuwuh malih; kados taneman nèm, ngedalaken pang-pangipun.

10Nanging menawi manungsa pejah, telas riwayatipun, menawi pejah lajeng dhateng pundi purugipun?

11Kados toyaning tlaga ingkang nguwap, kados lèpèn ingkang asat, telas toyanipun,

12mekaten ugi manungsa ingkang pejah: mboten badhé tangi malih. Mboten badhé polah selaminipun taksih wonten langit, mboten badhé nglilir ing salebeting tilemipun.

13Kawula keparenga umpetan ing alamipun tiyang pejah. Kawula mugi Paduka ayomi, ngantos paukuman Paduka sirep. Paduka mugi netepaken wekdal kagem menggalih dhateng kawula.

14Sebab, menawi manungsa pejah, menapa saged tangi malih? Saben dinten kawula badhé nengga giliran kawula, ngantos puputing kasangsaran kawula.

15Kawula badhé Paduka timbali, lan kawula badhé nyaosaken wangsulan. Paduka badhé ngasihi kawula malih, titah ingkang kadamel ing asta Paduka.

16Tindak-tanduk kawula lajeng badhé Paduka awasi, nanging dosa kawula mboten badhé Paduka penggalih.

17Dosa kawula lajeng badhé Paduka apunten lan Paduka singkiraken; kalepatan kawula nalika laré badhé Paduka lebur.

18Redi-redi mbénjing badhé sami jugrug, lan redi séla ingkang sentosa badhé mingser saking papanipun.

19Séla-séla badhé dipun krikiti déning toya ingkang mili santer; siti badhé katut ilining toya jawah ingkang deres. Kados mekaten Paduka badhé ngremuk pengajeng-ajengipun manungsa.

20Piyambakipun badhé Paduka kawonaken ing selaminipun. Paduka tundhung lan Paduka gantos rupinipun. Lajeng sami késah lan nengga ajalipun.

21Anak-anakipun dados tiyang mulya, nanging piyambakipun mboten sumerep. Lan menawi sami dhawah ing kanisthan, mboten wonten tiyang ingkang nyriyosi piyambakipun.

22Piyambakipun namung ngraosaken sakit ing badanipun piyambak, lan perihing nyawanipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel