Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 23 >> 

1(23:1-2) Ayub: Saiki pesambatku malih dadi nglawan marang Allah; astané metek aku, nganti aku sesambat.

2(23:1)

3Sukur yèn aku bisa ketemu karo Panjenengané, lan kepareng séba ing ngarsané.

4Prekaraku bakal dakjlèntrèhaké ing ngarsané, lan lambéku bakal mbélani sakatogé.

5Aku kepéngin ngerti apa sing bakal dingandikakaké, lan kepriyé paring wangsulané.

6Apa Panjenengané bakal ngempakaké pangwasané marang aku? Ora! Panjenengané mesthi kersa miyarsakaké aturku.

7Aku ora keluputan lan kena mbélani prekaraku ing ngarsané, lan aku bakal diputus bébas déning Hakimku ing selawas-lawasé.

8(23:8-9) Gusti Allah dakgolèki ing Wétan, Kulon, Kidul lan Lor, nanging ana ing endi waé Panjenengané ora ana; aku ora bisa nemokaké.

9(23:8)

10Nanging Panjenengané pirsa paranku, iya sakèhé solah tingkahku. Saupama dilèlèra kaya emas, bakal ketara yèn atiku resik.

11Aku mbangun-turut kanthi setya; durung tau aku nyimpang saka dalan sing ditedahaké.

12Dhawuh-dhawuhé Allah tansah daktetepi, kersané dakturut; dudu karepku sing dakanut.

13Gusti Allah ora molah-malih penggalihé; ora ana sing keconggah nglawan Panjenengané. Panjenengané nindakaké apa sing dikersakaké.

14Panjenengané bakal nindakaké rancangané ing ngatasé aku. Kejaba kuwi isih akèh rancangan liyané.

15Saka wediku marang Panjenengané aku nganti gemeter. Angger dakrasakaké aku dadi sangsaya wedi.

16(23:16-17) Kang Mahakwasa kang gawé semplahing atiku. Aku ora sirna merga pepeteng, sing ngemuli awakku, lan nutupi raiku.

17(23:16)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel