1(25:1-2) Bildad: Allah kuwi Mahakwasa; saben wong kudu precaya marang Panjenengané. Gusti Allah kang nitahaké katentreman ing swarga.
2(25:1)
3Sapa sing bisa ngétung malaékat sing ngladosi? Apa ana panggonan sing ora kesorotan ing padhangé?
4Apa ana manungsa ketemu resik ing paningalé Allah? Apa ana sing tanpa cacad ing pamawasé?
5Tumraping Allah mbok rembulan pisan ora padhang, lan lintang dianggep surem.
6Apa menèh manungsa, mung presasat sèt lan singgat. Ing paningalé Allah ora ana ajiné.