Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 27 >> 

1(27:1-2) Ayub: Atas asmané Allah kang gesang, kang ora paring kaadilan marang aku, atas asmané Kang Mahakwasa kang gawé sedhihing atiku,

2(27:1)

3aku sumpah, sajroné aku isih diparingi bisa ambekan déning Allah, sasuwéné nyawaku isih ana ing badanku,

4lambéku ora bakal ngucapaké goroh, lan ilatku ora bakal ngapusi.

5Mulané aku ora bakal mbeneraké kandhamu; tekana mati pisan aku yakin, yèn aku resik.

6Dakcekeli temenan lan ora bakal dakculaké panemuku, yèn aku bener. Swarané batinku selawasé ora tau nggugat aku.

7Muga mungsuhku padha diukum kaya wong ala, lan sing padha sengit marang aku diukum kaya durjana.

8Wong ala apa ana pengarep-arepé samasa Allah njabut nyawané?

9Apa Allah bakal miyarsakaké tangisé, yèn wong mau ketekan kasangsaran?

10Kuduné wong mau nyuwun kabungahan saka Allah, lan ndedonga tanpa rumangsa salah.

11Kowé arep dakwulang bab Allah Kang Mahakwasa; daksumurupaké marang pangwasa lan kawicaksanané.

12Nanging, kowé wis padha weruh dhéwé. Yagéné enggonmu ngrembugi aku kokora ana tegesé? Zofar:

13Mengkéné iki carané Allah Kang Mahakwasa ndhawahaké paukumané marang wong ala lan duraka.

14Yèn anaké akèh, anaké mau bakal mati ing peprangan, anak-putuné uripé bakal kecingkrangan.

15Sanak-seduluré liyané bakal mati merga pageblug, lan ora padha ditangisi déning randha-randhané.

16Senajan simpenané slaka akèh banget lan sandhangané tumpuk-tumpuk,

17nanging slaka lan sandhangan mau kabèh bakal dadi duwèké wong sing tulus atiné.

18Omahé wong ala kropos kaya klamat kemlandhingan, mung kaya gubugé wong jaga, kanggo sawetara mangsa.

19Nalika mapan turu isih kaya wong sugih, nanging mung sepisan kuwi; bareng tangi turu, bandhané wis entèk gusis.

20Tekané rasa giris kaya banjir bandhang sing tekané dadakan. Kaya lésus ing wayah bengi ngamuk lan nyèrèd wongé, digawa lunga.

21Dhèwèké diangkat déning angin sing tekané saka Wétan, diglandhang saka omahé.

22Wong mau golèk papan kanggo ngéyub, nanging dibenturaké déning Allah tanpa diéman.

23Nalika mlayu ngoncati astané, anginé semiyut nggegirisi numpes dhèwèké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel