Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 28 >> 

1Upama slaka ana asal-usulé, lan upama ana panggonan kanggo nglimbang.

2Wesi dikedhuk saka lemah, tembaga dijèr saka watu.

3Peteng lelimengan dibrobosi, panggonan sing jero dhéwé ditliti. Ana ing panggonan sing peteng mau, wong golèk watu akik.

4Ana ing panggonan sing adoh Lor adoh Kidul, sing durung tau kambah ing wong, wong padha nyambut-gawé gandhulan tali, ing njero trowongan sing sepi mamring.

5Bumi metokaké pangan kanggo manungsa, nanging iya ing sangisoré lemah, kabèh diwolak-walik, nganti isining bumi mobrak-mabrik.

6Watu ing bumi isi watu manila, awuné kanggonan emas murni.

7Manuk wulung ora weruh dalané menyang papan pamelikan, manuk bidho iya durung tau mabur mrono.

8Singa lan kéwan galak liyané durung tau ngambah dalan sepi kuwi.

9Watu sing atos banget dikedhuk déning wong, dijugili nganti tekan dhasaré.

10Nalika gawé trowongan ing njero gunung watu, wong mau nemu watu akik sing pengaji.

11Enggoné ngedhuk tekan sumbering kali, banjur dibukak apa sing ketutupan.

12Nanging kawicaksanan, ana ing endi enggoné golèk? Ana ing endi panggonané meguru supaya ngerti?

13Kawicaksanan ora tinemu ing antarané manungsa; ora ana sing ngerti ajiné sing sabeneré.

14Dhasar-dhasaring segara lan samodra padha kandha kawicaksanan dunungé ora ana ing kana.

15Kawicaksanan ora kena dilironi emas murni, ora kena dituku nganggo slaka.

16Emas lan watu akik sing pengaji dhéwé ora bisa nandhingi ajiné.

17Emas utawa kristal kuwi dudu tandhingé, ora olèh diijoli piranti sing digawé saka emas murni.

18Kawicaksanan luwih dhuwur ajiné, tinimbang merjan, kristal utawa mutiara.

19Watu topas sing asli lan emas sing murni, ora sepira ajiné katandhing karo akal budi.

20Kawicaksanan kuwi saka endi asalé? Ana ing endi panggonané kawruh lan pangerti?

21Titah sing urip durung tau weruh, manuk ing awang-awang durung tau ndeleng.

22Pati lan kawicaksanan kandha, "Aku iya mung krungu wartané waé."

23Mung Allah piyambak pirsa panggonané kawicaksanan, mung Panjenengané kang pirsa dalané mrana.

24Merga Panjenengané pirsa tekan pungkasaning bumi; samubarang kabèh ing sangisoring langit diuningani.

25Nalika angin diparingi kekuwatan, lan segara ditetepaké wates-watesé;

26nalika diatur tibané udan, lan dalan sing diambah déning kilat lan gludhug,

27iya nalika semana kawicaksanan kapirsanan, banjur dicoba sepira ajiné, lan ndadèkaké mareming penggalihé.

28Allah ngandika marang manungsa, "Pangabekti marang Allah kuwi kawicaksanan, sarta nyingkiri penggawé ala kuwi kaluwihaning budi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel