Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 34 >> 

1(34:1-2) Kowé rak wong pinter lan duwé budi? Mulané rungokna tembungku iki kabèh.

2(34:1)

3Wong ngerti panganan kuwi énak, yèn wis diicipi déning ilat, lan ngerti tembung wicaksana, yèn wis dirungokaké ing kupingé.

4Prekara iki kudu kita tliti lan kita udhari bebarengan.

5Ayub kandha, ‘Aku ora duwé keluputan, nanging Allah ora kersa paring wangsulan marang aku.

6Aku dianggep wong ngapusi, merga aku kandha yèn aku ora salah. Saiki aku nandhang sangsara, senajan aku ora salah.’

7Apa tumon wong sing kaya Ayub iki, wong sing ora lèrèn-lèrèn olèhé ngala-ala marang Allah sakepénaké?

8Senengé memitran karo wong ala, lan sesrawungan karo wong durjana.

9Kandhané, ora ana gunané ngudi nglakoni kersané Allah.

10Hé, wong sing padha luhur ing budi, rungokna! Apa Allah Kang Mahakwasa nindakaké kaluputan?

11Pangéran rak ngganjar manungsa timbang karo penggawéné, lan maringi manungsa laras karo kalakuané.

12Allah Kang Mahakwasa rak ora nindakaké piala, saben wong rak diparingi keadilan.

13Gusti Allah nampi pangwasa saka sapa? Sapa sing masrahaké bumi marang Panjenengané?

14Saupama Allah njabel Rohé lan mundhut ambekan saka irungé,

15apa titah sing ana nyawané ora banjur mati, lan bali dadi lebu kaya asalé.

16Dadi, yèn kowé wicaksana, jajal rasak-rasakna, kupingmu enggonen ngrungokaké.

17Yagéné Pangéran kang mahaadil kokluputaké? Apa koksengguh Allah sengit marang kaadilan?

18Allah ngukum raja lan pangwasa, yèn lakuné ala lan gawé duraka.

19Panjenengané ora ngiloni raja, utawa mbédakaké wong sugih karo wong mlarat, merga karo-karoné Panjenengané kang nitahaké.

20Karo-karoné bisa mati dadakan ing tengah wengi. Yèn diukum déning Allah karo-karoné tumpes; senajan wong rosa disirnakaké kanthi gampang.

21Panjenengané ngulataké uripé manungsa, solah-tingkahé dipirsani.

22Senajan peteng ndhedheta kaya apa, ora bisa ngaling-alingi wong dosa.

23Ora prelu Allah netepaké wektuné, kapan manungsa kudu sowan, supaya diadili déning Panjenengané.

24Tanpa ditliti lan dipriksa, Panjenengané nglèrèni penggedhé lan ngangkat gantiné.

25Merga Panjenengané pirsa apa sing padha dilakoni; mulané Panjenengané nglèngsèr lan numpes ing wayah bengi.

26Padha disiksa merga dosané, lan diukum ing ngarepé wong akèh.

27Merga padha ora nglakoni dhawuhé, lan ora mreduli marang kersané.

28Wong-wong mau padha njalari wong mlarat padha sesambat; tangisé dipiyarsakaké déning Allah.

29Saupama Allah kèndel waé, sapa sing wani nyapa Panjenengané? Saupama Panjenengané ngaling-alingi wedanané, sapa sing bisa nggolèki?

30Mulané bangsa-bangsa ora bisa nulak anané pangwasa ala tumindak sawenang-wenang.

31Ayub, apa kowé wis ngakoni kesalahanmu marang Allah? Apa kowé wis janji ora arep gawé dosa menèh?

32Apa kowé wis nyuwun supaya dituduhaké dosamu? Apa kowé wis sumpah ora arep gawé dosa menèh?

33Gusti Allah ora bakal njurungi panyuwunmu, yèn kowé ora nyetujoni pendamelé. Saiki kowé dhéwé sing kudu netepaké, dudu aku, kepriyé panemumu.

34Saben wong wicaksana bakal mbeneraké; wong wasis sing krungu tembungku bakal muni,

35yèn Ayub caturané ngawur, tanpa teges.

36Yèn tembungé Ayub ditliti temenan, bakal ketitik yèn caturané kaya wong ala.

37Kaluputané isih diwuwuhi dosa siji menèh; yakuwi enggoné nglawan marang Allah, lan ngunèk-unèkaké Allah ana ing ngarep kita.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel