Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 42 >> 

1(42:1-2) Ayub: Atur wangsulané Ayub marang Allah, "Gusti, kawula ngertos, bilih rancangan Paduka mesthi kelampahan, awit Paduka kwaos nindakaken samukawis.

2(42:1)

3Paduka ndangu kénging menapa kawula kumawantun, maiben dhateng kawicaksanan Paduka, mangka kawula piyambak mboten mangertos menapa-menapa. Sejatosipun kawula nyriyosaken prekawis-prekawis ingkang mboten kawula ngertosi, inggih prekawis-prekawis ingkang anèh kanggénipun kawula.

4Kawula Paduka dhawuhi mirengaken pangandika Paduka, sarta ngaturaken wangsulan menawi Paduka dangu.

5Rumiyin kawula tepang kaliyan Paduka saking criyosipun tiyang, nanging samenika kawula tepang mergi aben-ajeng kaliyan Paduka piyambak.

6Pramila samenika kawula isin menawi kèngetan dhateng tembung kawula, lan klawan getun kawula samenika nglésod wonten ing lebu lan awu."

7Sawisé ngandika marang Ayub, Gusti Allah banjur ngandika marang Élifas, "Aku duka marang kowé lan kancamu loro, merga kowé ora ngandhakaké sing sabeneré ing ngatasé Aku. Ora mengkono mungguh Ayub.

8Mulané saiki njupuka sapi lanang pitu lan wedhus gèmbèl pitu, lan maranana Ayub. Kéwan-kéwan kuwi kabèh gawénen kurban obongan kanggo keslametanmu. Ayub bakal ndedonga kanggo kowé lan pandongané bakal Dakjurungi. Kowé bakal ora Dakgawé wirang, senajan kowé pantes olèh paukuman. Kowé padha ora ngandhakaké sing sabeneré ing ngatasé Aku, mangka Ayub kandha sing sanyatané."

9Élifas, Bildad lan Zofar nindakaké apa sing kadhawuhaké déning Pangéran, lan Pangéran njurungi marang panyuwuné Ayub.

10Sawisé Ayub ndongakaké para mitrané telu-teluné, Pangéran banjur mangsulaké Ayub dadi sugih menèh, malah diparingi tikel loroné kasugihané sing biyèn.

11Kakang-kakangé lan sedulur-seduluré wadon, sarta tepungané lawas, kabèh padha tilik Ayub, banjur padha nganakaké pésta bebarengan ing omahé. Kabèh padha nélakaké béla-sungkawa ing ngatasé kasusahan sing diparingaké déning Allah, sarta padha nglipur Ayub. Saben wong sing teka awèh sumbangan rupa dhuwit lan ali-ali emas.

12Ayub kaberkahan lubèr-lubèr déning Pangéran, ngungkuli biyèn sadurungé ketaman kasangsaran. Ayub duwé wedhus gèmbèl patbelas èwu, unta nem èwu, sapi rong èwu, lan kuldi sèwu.

13Uga kaparingan anak lanang pitu lan anak wadon telu.

14Anaké wadon sing kapisan dijenengaké Yémima, sing kapindho Kézia lan sing ragil Kèrèn-Hapukh.

15Sanegara kono ora ana bocah wadon sing ayuné kaya anaké Ayub telu mau. Telu-teluné olèh warisan saka bapakné, padha karo warisan sing ditampa déning sedulur-seduluré lanang.

16Sapungkuré lelakon sing kasebut ing ndhuwur mau Ayub kaganjar umur 140 taun menèh, nganti menangi putu-putu lan buyut-buyuté.

17Wekasané Ayub tinggal-donya bareng umuré wis akèh banget.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel