Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 12 >> 

1Musa bebojoan karo wong Kus yaiku bangsa Étiopia, harun lan Miryam ora ngrujuki.

2Tembungé, "Apa Gusti Allah mung ngandika lantaran Musa waé? Apa iya ora lantaran kita uga?" Gusti allah midhanget apa sing padha diucapaké wong loro mau.

3(Musa kuwi wong sing lembah ing ati, ngungkuli wong sajagadkabèh.)

4Sanalika Gusti Allah ngandika marang Musa, Harun lan Miryam, "Padha lungaa ngadhep Aku ana ing Kémah Suci." Wong telu mau banjur sowan.

5Gusti Allah banjur tedhak ana ing tugu méga, ing sangarepé Kémah Suci, sarta ngandika, "Harun lan Miryam!" Wong loro mau banjur sowan.

6Pangandikané Allah, "Rungokna tembungKu! Aku ngandika marang para nabi sing ana ing antaramu nganggo sasmita rupa gambar-wewayangan lan Aku ngandika sajroning impèn.

7Nanging ora kaya mengkono cara-Ku ngandika marang Musa, sing Dakparingi ayahan nuntun umat-Ku Israèl.

8Aku ngandika adu-arep karo Musa, cetha lan ora wujud bedhèkan. Malah Musa wis ndeleng rupa-Ku. Yagéné kowé wani-wani maido?"

9Gusti Allah duka marang wong loro mau. Nalika Panjenengané mengker,

10lan tugu méga mau munggah saka Kémah Suci kono, Miryam dumadakan kecandhak lara kusta. Kulité dadi putih kaya kapuk. Nalika Harun méngo ndelengaké Miryam lan weruh yèn Miryam nandhang lara kusta,

11banjur kandha karo Musa, "Dhuh bendara, mugi sampun négakaken kula kekalih sami kaukum margi dosa ingkang sampun sami kula lampahi awit saking bodho kula.

12Sampun négakaken Miryam kados bayi kluron, ingkang lair mawi badan ingkang setengah bosok."

13Musa banjur ndedonga, "Dhuh Allah, mugi kersa nyarasaken tiyang menika."

14Dhawuhé Allah, "Saupama rainé diidoni bapakné, apa dhèwèké ora kudu krasa wirang lawasé pitung dina? Mulané wetokna saka palèrènan pitung dina; sawisé kuwi kena bali menèh."

15Miryam banjur diwetokaké saka palèrènan pitung dina lan sajroné Miryam durung bali, bangsa Israèl ora lunga saka panggonan kono.

16Sawisé budhal saka Haserot banjur padha masang kémah ana ing ara-ara samun Paran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel