Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 18 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Harun, "Harun, kowé lan anak-anakmu sarta wong-wong Lèwi kudu nyangga sakèhing kaluputan sing magepokan karo Kémah Suci kéné. Nanging mung kowé lan anak-turunmu waé sing nyangga kabèh kaluputan sing magepokan karo tugas kaimaman.

2Sanak sedulurmu saka taler Lèwi jaken nyambut-gawé bebarengan karo kowé, lan konen ngréwangi kowé, samasa kowé lan anak-anakmu lagi nglakoni ayahan ing Kémah Suci.

3Taler Lèwi kudu nglakoni kuwajibané tumraping kowé lan nglakoni ayahané ing Kémah Palenggahané Allah kéné, nanging ora kena nggepok barang-barang suci sing ana ing Papan Suci utawa sing ana ing mesbèh. Yèn nganti padha nggepok, wong mau lan kowé pisan bakal mati.

4Wong-wong mau kudu nyambut-gawé bebarengan karo kowé lan padha nglakoni apa sing dadi kuwajibané lan sedhéngah tugas ing Kémah Palenggahané Allah, nanging sapa waé sing ora duwé wewenang, ora kena ngladèni kowé.

5Mung kowé lan anak-anakmu dhéwé sing kepareng nindakaké ayahan ing Papan Suci lan ing mesbèh, supaya Aku ora duka menèh marang bangsa Israèl.

6Aku dhéwé sing wis milih sanak sedulurmu, wong Lèwi saka tengahé bangsa Israèl Dakparingaké marang kowé. Wong-wong kuwi Dakpilih kanggo ngladèni ing Kémah Palenggahané Allah.

7Nanging mung kowé lan anak-anakmu sing kepareng nindakaké pegawéan imam, ngladèni ing mesbèh lan Papan Suci. Yakuwi tanggung jawabmu, merga kowé lan anak-anakmu sing Dakparingi kanugrahan dadi imam. Saben wong sing ora wenang, yèn nyedhak barang-barang suci mau bakal kaukum pati."

8Pangandikané Allah marang Harun, "Sakèhing pisungsung sing mligi kanggo Aku lan ora diobong kanggo kurban, kuwi dadi bagéanmu. Iki prenatan kanggo selawas-lawasé ing ngatasé kowé lan anak-turunmu.

9Pisungsung-pisungsung mahasuci, sing ora diobong ing mesbèh sing dadi bagéanmu yakuwi: kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa, kurban dhendha. Sabarang kabèh sing disaosaké marang Aku dadi kurban suci, kuwi dadi bagéanmu lan anak-anakmu.

10Kuwi kudu kokanggep suci, mula kudu kokpangan ing panggonan sing suci. Sing kena mangan mung wong lanang.

11Kejaba kuwi, sakèhing pisungsung khusus sing disaosaké déning umat Israèl kanggo Aku, kuwi iya dadi bagéanmu; Dakparingaké marang kowé lan anak-anakmu, lanang lan wadon. Prenatan iki kanggo selawas-lawasé. Saben wargané brayat sing resik miturut prenataning agama, kepareng mangan saosan mau.

12Kowé Dakpandumi sing apik dhéwé saka pametuné bumi, panènan sing kawitan, sing saben taun disaosaké déning umat Israèl marang Aku, yakuwi: lenga zaitun, anggur lan gandum.

13Kabèh kuwi kanggo kowé. Saben wargané brayat sing resik miturut prenataning agama, kepareng mangan saosan mau.

14Sabarang sing mligi disaosaké marang Aku kuwi dadi bagéanmu.

15Saben anak pembarep, dadia manungsa utawa kéwan sing disaosaké déning wong Israèl marang Aku, kuwi dadi bagéanmu. Kowé kudu nampa dhuwit tebusané saben anak pembarep lan anaké saben kéwan karam, sing lair kawitan.

16Bocah mbarep kudu ditebus samasa umur sesasi. Rega resmi sing wis ditetepaké yakuwi limang slaka.

17Nanging pembarepé sapi, wedhus gèmbèl lan wedhus jawa ora kena ditebus. Kéwan-kéwan mau mung kanggo Aku dhéwé lan kudu disaosaké dienggo kurban. Getihé siramna ing mesbèh lan gajihé kudu dienggo kurban dhaharan. Gandané kurban mau gawé renaning penggalih-Ku.

18Déné dagingé dadi bagéanmu, mengkono uga dhadha lan sampil mburi.

19Pisungsung khusus sing disaosaké wong Israèl marang Aku, kuwi selawasé Dakparingaké marang kowé lan anak-anakmu lanang lan wadon. Kuwi dadia prejanjian ing antarané Aku lan kowé turun-temurun."

20Gusti Allah uga ngandika marang Harun, "Kowé padha ora nampa warisan apa-apa. Kowé padha ora nampa panduman lemah saka tanah sing Dakjanjèkaké. Aku Allah, ya Aku iki pandumanmu."

21Pangandikané Allah marang Harun, "Kabèh prasepuluhan sing disaosaké déning wong Israèl marang Aku, wis Dakparingaké marang wong Lèwi. Kuwi opahé enggoné ngrawat Kémah Suci.

22Wong Israèl liyané ora kepareng nyedhak ing Kémah Suci, supaya aja nemahi mati.

23Wiwit saiki mung wong Lèwi dhéwé sing kepareng ngrawat Kémah Suci lan mikul sakèhing tanggung jawab ing ngatasé pegawéan mau. Prenatan iki uga kanggo anak-turunmu ing selawas-lawasé. Wong Lèwi ora bakal nampa warisan apa-apa ana ing Israèl,

24merga wis Dakparingi warisan, yakuwi prasepuluhan sing disaosaké déning umat Israèl mligi kanggo Aku. Kuwi sebabé Aku ngandika marang wong Lèwi, yèn dhèwèké ora nampa panduman warisan ana ing Israèl."

25Gusti Allah ngandika marang Musa

26supaya ndhawuhaké marang wong Lèwi, "Yèn kowé padha nampa pisungsung prasepuluhan saka wong Israèl sing dadi pandumanmu, kowé nyaosna saprasepuluhé pandumanmu mau konjuk marang Aku, minangka pisungsung khusus.

27Pisungsung khusus kuwi dianggep padha karo pisungsung rupa gandum anyar lan anggur anyar sing disaosaké déning wong tani.

28Srana mengkono kowé padha nyaosaké pisungsung khusus marang Aku, saka prasepuluhan sing padha koktampa saka umat Israèl. Pisungsung khusus sing konjuk marang Allah kuwi kudu koktampakaké marang Imam Harun.

29Pasrahna apa sing becik dhéwé saka sing koktampa.

30Sawisé sing becik dhéwé wis kokpasrahaké marang Harun, turahé kena kokjupuk, ora béda karo wong tani njupuk apa sing turah, sawisé nyaosaké pisungsungé.

31Apa sing turah mau kena kokpangan karo brayatmu ana ing endi waé, merga kuwi opahé enggonmu ngladèni ana ing Kémah Suci.

32Kowé ora kesalahan, angger kowé wis nyaosaké bagéan sing becik dhéwé marang Allah. Nanging aja pisan najisaké pisungsung suci sing disaosaké déning wong Israèl. Srana mangan pisungsung mau, sadurungé nyaosaké sing becik dhéwé konjuk marang Allah. Yèn kowé nganti nindakaké sing mengkono, kowé bakal diukum pati."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel