Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 31 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2dhawuhé, "Wong Midian walesen merga penggawéné marang bangsa Israèl. Sawisé kuwi kowé bakal tinggal-donya."

3Musa banjur kandha karo wong Israèl, "Padha siagaa ing perang nglawan bangsa Midian, tumpesen, merga penggawéné marang Allah.

4Kanggo kepreluan mau, saben taler nyawisna prejurit sèwu."

5Saben taler banjur milih wong sèwu, dadi kabèh ana wong rolas èwu sing arep mangkat perang.

6Musa nguntapaké lakuné para prejurit mau. Sénapatiné Pinéhas, anaké Imam Èléazar. Pinéhas kuwi tugasé ngurusi barang-barang suci lan slomprèt-slomprèt sing dienggo awèh tandha nyasmitani umat.

7Netepi dhawuhé Allah marang Musa, wong Israèl banjur nyerang wong Midian lan matèni wongé lanang kabèh.

8Klebu uga raja lima yakuwi: Èwi, Rèkèm, Zur, Hur lan Réba. Biléam bin Béor uga mèlu dipatèni.

9Wongé wadon lan anak-anaké padha ditawan. Kéwan raja-kaya sarta bandhané kabèh dirampas.

10Kutha-kutha lan pedésan-pedésané diobong.

11Sawisé mengkono wong Israèl nuli nggawa barang-barang rampasan sarta para tawanan lan kéwan-kéwan mau,

12menyang ngarepé Musa, Èléazar lan para penggedhéné Israèl. Nalika semana wong Israèl lagi padha manggon ing Lebak Moab, sacedhaké Kali Yardèn, ing ngarepé kutha Yérikho.

13Musa, Èléazar lan para penggedhéné Israèl kabèh padha metu saka kémah methukaké tentarané Israèl sing bali saka peprangan.

14Para perwira, para komandhan batalion lan komandhan kompi sing bali saka peprangan mau padha didukani déning Musa.

15Kandhané, "Yagéné wong wadon Midian kokora kokpatèni?

16Élinga, yèn wong-wong kuwi sing padha nglakoni pirembugé Biléam, padha mbujuk wong Israèl supaya padha ninggal marang Allah! Lan kuwi sing marakaké Gusti Allah nekakaké paukuman marang Israèl!

17Wis saiki patènana kabèh bocah lanang lan wong wadon sing dudu prawan.

18Nanging kabèh sing isih prawan kena kokpèk.

19Sebanjuré kowé kabèh sing wis matèni wong utawa nggepok mayit ora kena mlebu ing kémah nganti pitung dina lawasé. Ing dina katelu lan kapitu, kowé lan para wong wadon Midian kuwi kudu nganakaké upacara pasucèn.

20Sandhangan lan apa waé sing digawé saka lulang, wulu wedhus utawa kayu, kudu disucèkaké miturut prenataning agama."

21Èléazar banjar kandha karo wong-wong sing padha bali saka peprangan mau, "Gusti Allah maringaké marang Musa prenatan-prenatan mengkéné:

22(31:22-23) Sakèhé barang sing ora bisa kobong, kudu disucèkaké nganggo geni, kayata: emas, slaka, tembaga, wesi, timah putih lan timah ireng. Barang-barang liyané sing bisa kobong, kudu disucèkaké nganggo banyu.

23(31:22)

24Ing dina kapitu kowé kudu padha ngumbah sandhanganmu. Yèn wis mengkono kowé lagi dadi resik miturut prenatané agama, lan olèh mlebu ing kémah."

25Pangandikané Gusti Allah marang Musa,

26"Kowé lan Èléazar sarta para penggedhéné bangsa Israèl liyané, kudu nacahaké barang-barang sing wis dirampas, uga para tawanan lan kéwan.

27Barang-barang mau dumen dadi loro sing padha akèhé. Sing separo kanggo para prejurit lan sing separo liyané kanggo rakyat.

28Sebanjuré minangka pisungsung marang Allah, saben prejurit kudu nyaosaké sapralimang atusé bagéané, rupa wong tawanan, rupa sapi, kuldi, wedhus gèmbèl, utawa wedhus jawa,

29kuwi tampakna marang Imam Èléazar minangka pisungsung khusus konjuk marang Allah.

30Déné bagéané rakyat saprasèketé kudu disaosaké minangka pisungsung khusus marang Allah, iya sing rupa tawanan, utawa sing rupa sapi, kuldi, wedhus gèmbèl lan wedhus jawa. Kuwi tampakna marang wong Lèwi sing ngurusi Kémah Suci."

31Musa lan Èléazar banjur nindakaké apa sing didhawuhaké déning Allah mau.

32(31:32-35) Kejaba barang-barang rampasan, kabèh gunggungé mengkéné: wedhus gèmbèl lan wedhus jawa: 675.000; sapi: 72.000; kuldi: 61.000; prawan 32.000.

33(31:32)

34(31:32)

35(31:32)

36(31:36-40) Barang semono mau sing separo diwènèhaké marang para prejurit, yakuwi: wedhus gèmbèl lan wedhus jawa 337.500. Saka cacah semono mau 675 dipisungsungaké marang Allah. Sapi: 36.000, sing 72 dipisungsungaké marang Allah. Kuldi: 30.500, sing 61 kanggo pisungsung marang Allah. Prawan 16.000 sing 31 dipisungsungaké marang Allah.

37(31:36)

38(31:36)

39(31:36)

40(31:36)

41Pisungsung kabèh mau banjur dipasrahaké déning Musa marang Èléazar, minangka pisungsung khusus konjuk marang Allah, miturut dhawuhé Allah piyambak.

42(31:42-46) Pandumané rakyat padha akèhé karo pandumané para prejurit. Wedhus gèmbèl lan wedhus jawa: 337.500; sapi: 36.000; kuldi: 30.500; prawan 16.000.

43(31:42)

44(31:42)

45(31:42)

46(31:42)

47Kaya sing didhawuhaké déning Allah, Musa njupuk saprasèketé wong tawanan lan kéwan, banjur ditampakaké marang wong Lèwi sing padha nglakoni ayahan ing Kémah Suci.

48Para perwira sing padha dadi komandhané tentara Israèl banjur padha ngadhep marang Musa,

49sarta lapur mengkéné, "Pak, kula sampun ngétang sedaya prejurit, bala kula piyambak-piyambak, lan ketitik mboten wonten setunggal kémawon ingkang tiwas.

50Samenika kula badhé nyaosaken barang emas-masan rupi gelang tangan, gelang suku, sesupé, anting-anting lan kalung ingkang kula rampas, konjuk dhateng Allah minangka tebusan kanggé nyawa kula sedaya, supados mbénjing salajengipun kula sami dipun reksa."

51Musa lan Èléazar banjur nampani barang emas-masan mau, rupa rerenggan.

52Pisungsungé para perwira mau boboté kabèh mèh rong atus kilogram.

53Déné para prejurit sing dudu perwira sing iya padha ngrampas padha ngepèk barang-barang mau kanggo awaké dhéwé.

54Musa lan Èléazar banjur nggawa barang-barang mau disimpen ing Kémah Suci, supaya Gusti Allah ngreksa marang bangsa Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel