Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 5 >> 

1Gusti allah dhawuh marang Mus,

2"Wong Israèl dhawuhana mengkéné: Wong sing lara kusta, wong sing ngetokaké umbel mani, lan wong sing nggepok layon, kudu dllungakaké saka kémahé wong Israèl.

3Wong mau kudu dikon lunga, supaya aja gawé najisé papan sing Dakenggoni bebarengan karo umat-Ku."

4Wong Israèl iya banjur nindakaké dhawuh mau. Kabèh wong sing nandhang lelara kaya kasebut ing ndhuwur mau padha dilungakaké saka kémah.

5(5:5-6) Gusti Allah maringaké prenatan-prenatan marang Musa, kangge bangsa Israèl mengkéné: Yén ana wong sing ora setya marang Allah lan gawé ruginé pepadhané,

6(5:5)

7wong mau kudu ngakoni salahé lan ngijoli marang wong sing digawé tuna, dipunjuli rong puluh persèn.

8Nanging yén wong sing digawé tuna mau wis mati, mangka ora duwé sanak sedulur sing cedhak, ijolé kudu disaosaké marang Allah, lan dadi bagéané imam. Kejaba kuwi isih ditambahi wedhus jawa lanang sing dienggo saos kurban pangruwating dosané.

9Mengkono uga saben saosané wong Israèl sing mligi kaaturaké marang Allah, kuwi dadi bagéané imam.

10Dadi sesaosan sing ditampakaké marang salah sawijining imam kuwi dadi bagéané imam mau.

11Gusti Allah ndhawuhi Musa,

12(5:12-14) supaya maringaké prenatan marang umat Israèl mengkéné: Yèn ana wong lanang sujono karo somahé kanthi pandakwa yèn sing wadon diwori turu wong lanang liya, nanging ora ana buktiné, marga enggoné laku jina mau ana ing papan sing sepi wong, dadi ora ana sing neksèni, mangka iya ora konangan; utawa yèn ana wong lanang sujono karo somahé, mangka sing wadon mau sanyatané ora tumindak sèdhèng,

13(5:12)

14(5:12)

15wong lanang mau kudu ngajak somahé sowan imam. Wong mau kudu nggawa pisungsung kaya mesthiné, yakuwi glepung jewawut sakilogram. Glepung mau ora kena disoki lenga zaitun utawa ditumpangi menyan, merga disaosaké déning wong lanang sing nyujanani somahé, lan maksudé arep nyumurupi pangirané mau bener apa ora.

16Imam kudu akon wong wadon mau maju, ngadeg ing ngarepé mesbèh.

17Imam banjur njupuk mangkok sing digawé saka lemah, diisèni banyu suci sethithik. Sawisé mengkono banjur njumput lemah sethithik saka ing jrambahé Kémah Suci, diuwuraké ing banyu suci mau, supaya dadi banyu sing nekakaké paukuman.

18Wong mau rambuté banjur dioré, lan ing tangané disèlèhi glepung sing arep disaosaké mau. Mangkok sing isi banyu dicekeli dhéwé déning imam.

19Sawisé mengkono imam kudu ngucapaké sumpah lan wong wadon mau dijaluk ngiyani sumpahé. Imam kudu muni, "Yèn kowé ora laku jina, kowé ora kena paukumané banyu iki.

20Nanging yèn kowé laku jina,

21muga-muga kowé kena paukumané Pangéran. Kandhunganmu mengkeret lan watengmu busung.

22Banyu iki bakal mlebu ing wetengmu lan njalari wetengmu busung lan kandhunganmu mengkeret." Wong wadon mau kudu mangsuli, "Inggih, kula purun; mugi Gusti Allah nindakna kados mekaten."

23Imam banjur kudu nulis isiné paukuman kuwi, lan mbusak nganggo banyu sing ana ing mangkok mau.

24Banyu mau bisa marakaké wong wadon kuwi krasa lara banget. Nanging sadurungé dikon ngombé banyuné,

25imam kudu njupuk glepung sing arep disaosaké lan tangané ngathung nyaosaké glepung mau kaaturaké marang Allah. Sawisé mengkono kudu nyèlèhaké glepung mau ana ing mesbèh.

26Imam banjur kudu njupuk glepungé segegem kanggo tandha enggoné nyaosaké saosan mau, lan ngobong glepung mau ana ing mesbéh. Banyuné banjur diombèkaké marang wong wadon mau.

27Yèn wong wadon mau pancèn nglakoni jina, banyu kuwi bakal marakaké wong wadon mau krasa lara banget. Wetengé dadi busung lan kandhungané mengkeret. Wong wadon mau bakal disebut wong sing tampa paukuman ana ing tengahé bangsané.

28Nanging yèn wong wadon mau ora luput, ora bakal tampa paukuman lan bisa duwé anak.

29(5:29-30) Kaya mengkono prenatané yèn wong lanang nyujanani karo somahé, merga sing wadon mau dikira laku jina. Wong wadon mau kudu dikon ngadeg ing ngarepé mesbèh lan imam kudu nindakaké upacara.

30(5:29)

31Wongé lanang dhéwé ora keluputan, nanging bojoné, yèn pancèn salah, kudu nyangga salahé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel