Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 8 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Harun kandhanana, yèn masang lampu pitu ing pedamaran kudu diatur supaya sunaré mengarep."

3Harun iya banjur nindakaké apa sing didhawuhaké déning Allah mau. Lampu-lampu dipasang miturut adhepé pedamaran.

4Pedamaran kuwi saka ndhuwur tekan ngisor digawé saka emas murni, miturut conto sing diparingaké déning Gusti Allah marang Musa.

5Gusti Allah ngandika marang Musa,

6"Wong-wong Lèwi padha dhèwèkna, pisahen karo umat Israèl liyané, lan nganggo upacara pasucèn

7carané mengkéné: Wong-wong mau kepyurana nganggo banyu suci sing mligi kanggo upacara, lan konen nyukur awaké sekojur sarta ngumbah sandhangané, supaya padha dadi suci miturut prenatané agama.

8banjur konen njupuk sapi lanang enom siji lan kurban gandum sapreluné, yakuwi glepung sing diulet karo lenga zaitun. Lan kowé, Musa, kudu njupuk sapi lanang siji engkas dienggo kurban pangruwating dosa.

9Sawisé mengkono umat Israèl kabèh, mengkono uga wong Lèwi padha klumpukna ing platarané Kémah Suci.

10Umat Israèl kudu numpangaké tangané ing sirahé wong-wong Lèwi.

11Sebanjuré Harun kudu nyaosaké wong-wong Lèwi mau dadi pisungsungé umat Israèl. Mligi konjuk marang Aku, supaya bisa nindakaké pegawéané kagem Aku.

12Wong Lèwi nuli kudu padha numpangaké tangané ing endhasé sapi lanang loro mau, sing siji kanggo kurban pangruwating dosa, sijiné kanggo kurban obongan. Srana upacara mau wong-wong Lèwi diluwari saka dosa-dosané.

13Wong-wong Lèwi kuwi dadia pisungsung mligi konjuk marang Aku. Déné Harun lan anak-anaké dhawuhana dadi penggedhéné.

14srana cara mengkono kowé kudu milih para wong Lèwi saka ing antarané umat Israèl liyané, mligi dadi kagungan-Ku.

15Sawisé upacara nyaosaké wong-wong Lèwi konjuk marang Allah, wong kuwi diparengaké nyambut-gawé ing Kémah Suci.

16Wong-wong mau wis Dakdadèkaké sesulihé anak lanang pembarep kabèh ing Israèl; mulané mligi dadi kagungan-Ku dhéwé.

17Nalika Aku gawé patiné sakèhé bocah lanang pembarep ing Mesir, saben anak lanang pembarep ing brayaté wong Israèl lan saben anaké kéwan sing sepisanan wis Dakpilih dadi kagungan-Ku.

18dadiné kanggo ijolé kabèh anak lanang pembarep ing Israèl Aku milih wong Lèwi,

19kaanggep pisungsungé umat Israèl. Wong-wong Lèwi kuwi Dakpasrahaké marang Harun lan anak-anaké, supaya padha dadi imam ngladèni wong Israèl ing Kémah Suci. Wong Lèwi kuwi sing nyuwunaké pangapuraning dosa kanggo bangsa iki marang Aku, supaya ora kena ing paukuman samasa nyedhak ing panggonan suci mau."

20Mulané Musa, Harun lan bangsa Israèl kabèh banjur padha masrahaké wong Lèwi marang Allah, kaya sing kadhawuhaké déning Allah lantaran Musa.

21Wong-wong Lèwi banjur padha nucèkaké awaké miturut prenatané agama lan ngumbah sandhangané. Harun nuli nyaosaké wong-wong mau dadi pisungsung mligi sumaos marang Allah. Harun iya nindakaké upacara pangruwating dosané wong-wong Lèwi mau.

22Déné bangsa Israèl nindakaké sakèhé dhawuhé Allah lantaran Musa sing magepokan karo wong Lèwi. Merga saka mengkono wong-wong Lèwi padha wenang nyambut-gawé ing Kémah Suci dipimpin déning Harun lan anak-anaké.

23Gusti Allah ngandika marang Musa,

24"Saben wong Lèwi lanang wiwit umur selawé taun kudu nglakoni kuwajibané ing Kémah Suci,

25lan dibébasaké saka kuwajiban mau yèn wis nyandhak umur sèket taun.

26Sawisé kuwi wong mau kena ngréwangi wong Lèwi liyané sing nglakoni tugas ing Kémah Suci, nanging kuwajiban apa waé sing dilakoni, ora kena ditindakaké ijèn. Mengkono carané enggoné mrenata pegawéané wong Lèwi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel