Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 10 >> 

1(Ing taun kang kateluné pepréntahané Korèsy, ratu ing Pèrsia, ana pangandikané Allah kadhawuhaké marang Dhanièl, sing iya karan Bèltsazar. Pangandika mau nyata saka Pangéran, nanging angèl banget digayuh ing nalar. Ketrangan bab tegesé kaparingaké ana ing wahyu.)

2Nalika semono aku lagi nglakoni prihatin lawasé telung minggu.

3Aku nyegah mangan énak lan daging, ora ngombé anggur lan ora jungkatan nganti sapundhaté telung minggu mau.

4Nalika sasi kapisan taun kuwi tanggal kaping patlikur, aku ngadeg ana ing sapinggiré kali gedhé, yakuwi Bengawan Tigris.

5Bareng aku ngawasaké mendhuwur aku weruh ana wong nganggo jubah léna putih, sabukan emas murni.

6Sarirané mencorong kaya permata. Pasuryané padhang njingglang kaya padhanging kilat. Paningalé murub kaya geni. Astané lan sampéyané gilap kaya tembaga sing digebeg, sarta swantené kaya gemuruhé wong akèh padha nglumpuk.

7Sing weruh wahyu mau mung aku dhéwé. Wong-wong sing bebarengan karo aku ora padha weruh apa-apa, nanging padha ketaman ing giris, banjur padha mlayu ndhelik. Dadi aku mung kari ijèn.

8Bareng weruh wahyu sing nggumunaké mau, awakku lemes, ora duwé kekuwatan sethithik-thithika. Raiku saking puceté nganti wong sing ndeleng aku mesthi pangling.

9Nalika aku krungu swarané, aku semaput ambruk mengkureb ing lemah.

10Banjur ana tangan sing nyekel aku, aku diangkat cagakan tangan lan dhengkulku karo wèl-wèlan.

11Pangandikané malaékat marang aku, "Dhanièl, Gusti Allah asih marang kowé. Ngadega, rungokna lan gatèkna apa sing dakkandhakaké iki. Aku diutus nemoni kowé." Nalika krungu pangandika mau, aku banjur ngadeg karo wèl-wèlan.

12Malaékat mau ngandika karo aku, "Dhanièl, aja wedi. Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu wiwit dina kapisan, nalika kowé duwé niyat ngasoraké awakmu supaya diparingi pangertèn. Tekaku iki merga arep awèh wangsulan bab pandongamu mau.

13Penggedhéné kraton Pèrsia nglawan aku nganti selikur dina. Nanging Mikhaèl, penggedhéné malaékat banjur teka nulungi aku, merga ing Pèrsia aku dhèwèkan.

14Tekaku arep awèh pangertèn marang kowé bab apa sing bakal kelakon tumraping bangsamu ing dina mbésuk. Wahyu kuwi magepokan karo apa sing mbésuk bakal kelakon."

15Nalika malaékat mau ngandika mengkono, aku mandeng lemah, blangkemen.

16Malaékat sing rupané kaya wong lanang mau, banjur ngathungaké astané karo ndumuk lambéku. Aku banjur matur, "Wahyu menika njalari kula kécalan daya kekiyatan kula, ngantos badan kula sekojur lemes lan gemeter.

17Kula ibaratipun réncang-tumbasan ingkang ngadeg ing ngajenging bendaranipun. Kadospundi enggèn kula saged wicanten? Menawi mboten gadhah daya kekiyatan, malah mboten gadhah daya kanggé ambekan."

18Aku didemèk sepisan menèh, banjur krasa kuwat.

19Pangandikané, "Gusti Allah asih marang kowé, mulané aja wedi utawa nyumelangaké prekara apa waé." Bareng krungu pangandika mau, rasané awakku saya kuwat. Aku banjur matur, "Mugi kersa ngandikakaken menapa ingkang badhé kadhawuhaken, awit badan kula sampun kraos sekéca."

20(10:20-21) Pangandikané malaékat mau, "Apa kowé ngerti apa sebabé aku nemoni kowé? Ora liya mung arep medharaké apa sing katulis ana ing Kitabé Kayektèn. Saiki aku arep bali dhisik, perang nglawan pengawalé kraton Pèrsia. Sawisé mengkono penggedhéné kraton Yunani bakal teka. Ora ana sing ngréwangi aku kejaba Mikhaèl, pengawalé bangsa Israèl.

21(10:20)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Daniel 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel