Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 6 >> 

1Sawisé mengkono Sang Raja Darius ndhawuhaké supaya nliti gedhong perawatan (penyimpenan) raja-branané kraton ing Babil, panggonané nyimpen layang-layang keputusané para raja.

2Ana ing Ahméta, ing bètèngé propinsi Média, ketemu ana gulungan sing ana tulisané mengkéné: Serat pèngetan:

3"Rikala jumenengipun Sang Prabu Korèsy, ing taun kapisan, Sang Prabu Korèsy ndhawuhaken préntah mekaten: Pedalemané Allah ing Yérusalèm iku kabanguna menèh minangka panggonan nyaosaké kurban. Pondhasiné kagawéa kang sentosa. Dhuwuré gedhong sewidak asta lan ambané sewidak asta.

4Kudu dipasang watu gedhé-gedhé telung larik, sing selarik lapis kayu. Ragadé kajupukna saka kas negara.

5Mengkono uga praboté Pedalemané Allah mau, rupa emas lan slaka, sing biyèn dipundhut déning Sang Prabu Nebukadnésar saka Pedaleman ing Yérusalèm kabekta menyang Babil, iku kudu dibalèkaké ana ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm menèh, kadokokna ing tilas panggonané, ana ing Pedalemané Allah!

6Déné kowé, Tatnai, bupati daérah sakuloné Éfrat, lan Syétar-Boznai sarta kanca-kancamu, para pegawé daérah sakuloné Éfrat, kowé aja ngaru-biru.

7Penggarapé Pedalemané Allah iku togna waé. Bupati lan para pinituwané wong Yahudi dhéwé karebèn mbangun Pedalemané Allah mau ana ing tilas panggonané lawas.

8Kejaba kuwi aku iya wis paring dhawuh bab apa kang prelu koktindakaké tumrap para pinituwané wong Yahudi kang nggarap Pedalemané Allah, yaiku kowé kudu mbayar ragadé pembanguné Pedaleman marang wong-wong mau saka pengasilané negara, saka bulu-bektiné daérah Kulon Éfrat; enggonmu mènèhaké ragadé kudu tlesih lan ora kena kasèp.

9Apa sing dibutuhaké rupa sapi lanang nom, wedhus gèmbèl lanang nom, cempé kanggo saos kurban obongan konjuk marang Allahé langit lan bumi. Semono uga gandum, uyah, anggur lan lenga, manut pituduhé para imam sing ana ing Yérusalèm, kabèh mau kudu diwènèhi ajeg saben dina, ora kena lali,

10supaya wong-wong mau tansah bisa saos kurban kang gawé renaning penggalihé Allahé langit lan bumi sarta ndongakaké kasugengané Sang Prabu lan para putrané.

11Kejaba kuwi aku wis paring dhawuh, supaya saben wong sing nglirwakaké keputusan iki, cagaké omahé bakal dibedhol siji, digawé sujèn kanggo nyunduki wong mau. Omahé wong mau karubuhna merga saka paneraké.

12Allah kang dedalem ana ing kana muga ngrubuhaké saben raja lan saben bangsa, sing mbaléla nedya mbatalaké keputusan iki lan ngrusak Pedalemané Allah ing Yérusalèm. Aku, Darius, kang ndhawuhaké préntah iki. Poma padha èstokna sing temenan!"

13Tatnai, bupati daérah Kulon Éfrat, Syétar-Boznai lan kanca-kancané padha nglakoni kanthi ngati-ati apa sing didhawuhaké déning Sang Raja Darius.

14Para pinituwané wong Yahudi padha nerusaké mbangun kanthi cékat-cèket, merga saka dhawuhé Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho, sing padha medharaké wangsité Pangéran. Mengkono enggoné padha ngrampungaké pembanguning Pedalemané Allah, atas saka dhawuhé Pangéran Allahé Israèl lan préntahé Korèsy, Darius lan Artahsasta, raja-raja Pèrsia.

15Nalika tanggal telu sasi Adar (sasi katelu) penggarapé Pedalemané Allah rampung kabèh, yakuwi ing taun kaping nem jamané Darius jumeneng raja.

16Wong Israèl, para imam, wong Lèwi lan wong liya-liyané sing bali saka pembuwangan banjur padha ngresmèkaké Pedalemané Allah klawan bungah.

17Kanggo ngresmèkaké Pedalemané Allah mau wong Israèl padha saos kurban rupa sapi lanang satus, wedhus gèmbèl lanang 200, cempé wedhus gèmbèl 400, iya wedhus lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong Israèl kabèh, cacahé rolas manut cacahé taler Israèl.

18Para imam banjur diresmèkaké miturut golongané, semono uga wong Lèwi miturut kulawargané supaya padha nindakaké pegawéané ana ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm, kaya kang katulis ana ing Kitabé Musa.

19Nalika tanggal ping patbelas sasi kapisan wong-wong sing bali saka pembuwangan padha ngriayakaké Paskah.

20Para imam lan wong Lèwi wis padha sesuci bebarengan, mulané kena nyembelèh cempéné Paskah kanggo wong sing bali saka pembuwangan sarta kanggo sedulur-seduluré, yakuwi para imam lan kanggo awaké dhéwé.

21Wong Israèl kabèh banjur padha mangan Paskah, mengkono uga saben wong sing wis padha ninggal tata-carané wong pribumi sarta mèlu nyembah marang Pangéran, Allahé wong Israèl.

22Nuli padha netepi Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi lawasé pitung dina olèhé padha bungah-bungah, merga wis diparingi longgar déning Allah. Gusti Allah wis nelukaké atiné raja ing Asyur, mula Sang Raja mbiyantu wong Israèl mbangun Pedalemané Allah, Allahé Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ezra 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel