Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 5 >> 

1Saiki kita padha merdika. Sang Kristus wis merdikakaké kita. Mulané adegmu dikaya wong merdika, aja gelem dadi batur-tukon menèh.

2Padha rungokna. Aku, Paulus, ngandhani kowé: yèn kowé gelem ditetaki, kuwi ateges Sang Kristus ora ana gunané kanggo kowé.

3Sepisan menèh kowé dakkandhani, wong sing gelem ditetaki, kuwi wajib netepi Angger-anggeré Torèt kabèh.

4Menawa kowé ngudi katunggilaké karo Gusti Allah srana netepi Angger-anggeré Torèt, kowé malah uwal saka Sang Kristus. Dadiné kowé padha ora ngrasakaké sih-rahmaté Gusti Allah.

5Mungguh aku, aku padha ngarep-arep supaya srana pangwasané Sang Roh Suci, sing makarya ana ing sajroning pengandelku aku padha karukunaké karo Panjenengané.

6Awit menawa kita ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, tetak apa ora tetak kuwi ora penting. Sing prelu: Precaya marang Sang Kristus lan ketitiké precaya mau ana ing bab olah katresnan.

7Biyèn uripmu wis becik. Sapa sing njalari kowé saiki ora manut kersané Gusti Allah?

8Mesthi dudu Gusti Allah, sing wis nimbali kowé.

9Ana unèn-unèn: "Ragi sethithik bisa mrasuk ing jladrèn kabèh."

10Éwasemono aku isih tetep precaya karo kowé. Patunggilan kita karo Gusti njalari aku yakin, yèn pengandelmu isih panggah. Sapa waé sing gawé bingungmu, kuwi bakal kaukum déning Gusti Allah.

11Tumraping aku, para sedulur, saupama aku isih mulangaké, yèn tetak kuwi prelu, mesthi aku ora bakal dikuya-kuya. Yèn nyata mengkono, enggonku martakaké bab salibé Sang Kristus mesthiné ora bakal dadi sandhungan.

12Mbok wong-wong sing padha gawé bingungmu kuwi aluwung padha metu waé saka pasamuwan, lan padha ngebiri awaké dhéwé pisan!

13Nanging kowé, para sedulur, kowé wis padha katimbalan supaya dadi wong merdika. Nanging kamerdikan mau aja kokenggo alesan ngumbar hawa-nepsumu. Malah padha tulung-tinulunga srana katresnan.

14Awit Angger-anggering Torèt kuwi wis kecakup ana ing dhawuh siji iki: "Tresnaa marang sapepadhamu, dikaya marang awakmu dhéwé."

15Nanging yèn kowé padha kerah kaya kéwan, diéling, mesthi bakal tumpes kabèh.

16Sing dakkarepaké kuwi mengkéné: Uripmu padha katuntuna déning Sang Roh Suci lan aja padha nuruti hawa-nepsuning daging.

17Awit kareping daging kuwi sulaya karo kersané Sang Roh Suci, lan kersané Sang Roh Suci kuwi cengkah karo kareping daging. Sekaroné mau padha memungsuhan; mulané kowé aja tumindak manut karepmu dhéwé.

18Menawa kowé dituntun déning Sang Roh Suci, kowé ora kawengku déning Angger-anggering Torèt.

19Penggawé sing jalaran saka kareping daging kuwi cetha, yaiku: laku jina, kotor, murang-tata;

20nyembah brahala, ilmu sihir, memungsuhan, seneng padu, mèri, brangasan, gumunggung, seneng gawé crah, lan tukar padu.

21Padha sengit-sinengitan, endem-endeman, jibar-jibur, lan sapanunggalané. Tumrap kuwi mau kabèh, kowé dakélingaké, kaya enggonku wis tau ngélingaké kowé biyèn. Wong-wong sing uripé kaya mengkono ora bakal ditampa ana ing Kratoné Allah.

22Déné wohé panuntuning Sang Roh Suci yakuwi: Katresnan, kabungahan, katentreman, sabar, sarèh, sumlondhoh, kabecikan, setya,

23andhap-asor, ngwasani awaké dhéwé. Ora ana angger-angger sing nglawan prekara-prekara sing mengkono mau.

24Lan sapa sing dadi kagungané Gusti Yésus Kristus, kuwi wis matèni sipat kedagingané dalah hawa-nepsu lan pepénginané pisan.

25Rohé Gusti Allah wis maringi urip anyar marang kita, mulané iya Panjenengané sing kudu ngwaosi urip kita.

26Kita aja banjur dadi gumunggung, genti gawé seriking atiné wong liya, utawa kemèrèn.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Galatia 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel