Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 10 >> 

1Sawisé Abimèlèh tinggal-donya, Tola anaké Puah, nggentèni dadi pemimpin, sing ngluwari bangsa Israèl. Tola kuwi putrané Dodo, saka taler Isakar. Manggoné ing Samir, ing daérah pegunungan Éfraim.

2Enggoné mimpin bangsa Israèl telulikur taun, banjur tinggal-donya lan dikubur ing Samir.

3Sawisé Tola, bangsa Israèl dipimpin déning Yair, lawasé rong puluh taun. Yair kuwi asalé saka Giléad.

4Anaké lanang ana telung puluh. Padha duwé kuldi tunggangan lan désa telung puluh ing daérah Giléad. Désa-désa mau disebut désa-désané Yair.

5Yair tinggal-donya lan dikubur ing Kamon.

6Umat Israèl gawé dosa menèh marang Pangéran; padha ora maèlu marang Allah lan wis ora nyembah marang Panjenengané. Sing disembah-sembah yakuwi déwa-déwa Baal lan Astorèt, sarta déwa-déwané bangsa Siria, Sidon, Moab, Amon lan Filistia.

7Mulané Gusti Allah duka marang umat Israèl, temah bangsa Israèl ditégakaké, dijajah déning bangsa Filistin lan bangsa Amon.

8Wolulas taun lawasé bangsa-bangsa mau nindhes wong Israèl sing manggon ing tanah Giléad. Yakuwi daérahé wong Amori, sawétané Kali Yardèn. Wong Israèl sing ana ing kono padha disiya-siya.

9Wong Amon malah padha nyabrang Kali Yardèn lan merangi taler Yéhuda, Bènyamin lan Éfraim nganti uripé wong Israèl mau sangsara banget.

10Umat Israèl banjur padha sesambat marang Allah, aturé, "Kawula sampun sami damel dosa ing ngarsa Paduka, margi mboten maèlu dhateng Pangéran, Allah kawula, malah sami nyembah dhateng déwa-déwanipun Baal."

11(10:11-12) Gusti Allah paring wangsulan mengkéné, "Biyèn kowé padha dijajah déning bangsa Mesir, bangsa Amori, Amon, Filistin, Sidon, Amalèk lan bangsa Maon. Kowé banjur padha sesambat nyuwun pitulungan marang Aku. Apa Aku ora banjur mitulungi lan kowé Dakluwari saka pangwasané bangsa-bangsa mau?

12(10:11)

13Éwasemono kowé isih terus ninggal Aku lan nyembah marang déwa-déwa. Mulané saiki Aku ora bakal ngluwari kowé.

14Njaluka tulung waé karo déwa-déwa sing kokpilih dhéwé kuwi. Samasa kowé nemu karubedan, padha sesambata, supaya teka mitulungi kowé."

15Nanging umat Israèl mau matur menèh ing ngarsané Pangéran, "Nyumanggakaken menapa ingkang badhé Paduka paringaken dhateng kawula, angger Paduka ing dinten menika mitulungi kawula."

16Umat Israèl banjur mbuwangi reca-recané, lan bali nyembah marang Allah menèh. Mulané Gusti Allah rena ing penggalih, ora téga mirsani kasangsarané umat mau.

17Nalika semono tentara Moab lagi tata-tata arep nglurug perang ing Israèl; tentarané pasang kémah ing Giléad. Semono uga tentarané Israèl padha nglumpuk lan pasang kémah ing daérah Giléad.

18Ana ing kono rakyat lan para pemimpiné taler-taler Israèl padha gawé pengumuman: "Sapa sing wani tumandang perang karo wong Amon, bakal diangkat dadi pemimpiné wong sa-Giléad kabèh."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel