Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 19 >> 

1Sadurungé Israèl duwé raja, ana wong Lèwi manggon ing pegunungané tanah Éfraim. Wong mau njupuk selir wong wadon saka Bètléhèm, daérah Yéhuda.

2Nanging selir mau nuli ora krasan, bali menyang omahé bapakné, ing Bètléhèm. Sawisé ana ing kono patang sasi,

3banjur disusul sing lanang, nggawa batur lan kuldi loro. Satekané ing kono dijak seliré nemoni bapakné. Bareng weruh mantuné, maratuwa mau seneng banget,

4mulané mantuné diendheg, mangan lan ngombé sarta nginep ing kono nganti telung dina.

5Ing dina kapaté wong Lèwi lan seliré mau tangi ésuk umun-umun, banjur tata-tata arep mangkat. Nanging bapakné wong wadon mau nggéndholi lan kandha karo mantuné, "Mbok padha mangan dhisik supaya awakmu kuwat, yèn wis banjur mangkata."

6(19:6-7) Sing arep padha budhal mau padha lungguh menèh, mangan lan ngombé bebarengan. Bareng wong Lèwi mau arep budhal, maratuwané ngajani supaya aja budhal. Tembungé, "Mbok padha seneng-senenga dhisik ana ing kéné," mangkata mengko bengi waé. Wong Lèwi mau banjur nginep menèh sewengi.

7(19:6)

8Ing dina kalimané, nalika isih ésuk umun-umun, padha arep budhal, nanging bapakné wong wadon mau ngendheg menèh, "Mbok padha mangan dhisik; mengko sedhéla engkas budhala!" Banjur padha mangan bebarengan.

9Bareng wong Lèwi mau arep budhal karo seliré lan baturé, wong tuwa mau isih nggéndholi menèh, kandhané, "Saiki wis soré, sedhéla menèh rak banjur peteng. Luwih becik nginep kéné waé, lan seneng-senenga, sésuk tangia ésuk lan muliha."

10(19:10-11) Nanging wong Lèwi mau ora gelem nginep menèh. Banjur mangkat karo seliré lan baturé sarta kuldiné loro, sing wis dipakèhi. Bareng ngadhepaké surup lakuné tekan cedhaké Yébus (Yérusalèm). Batur mau matur bendarané, "Ndara, prayoginipun kita sami nyipeng ing kitha Yébus kémawon."

11(19:10)

12(19:12-13) Nanging bendarané mangsuli, "Ora! Kita aja nginep ing panggonan sing penduduké dudu wong Israèl. Kita mlaku terus waé, mengko sedhéla engkas kita rak wis tekan Gibéa (Rama), banjur nginep ing kono."

13(19:12)

14Banjur padha nerusaké lakuné lan ora nginep ing Yébus. Nalika lakuné tekan Gibéa, wilayahé taler Bènyamin, srengéngéné wis surup.

15Karepé arep nginep ing kutha kono, banjur linggihan ana ing alun-alun; nanging bareng golèk penginepan ora ana wong sing gelem kanggonan. Mulané banjur linggihan ing alun-alun.

16Nalika isih padha linggih ing kono, ana wong tuwa sing lagi bali saka pategalané teka mrono. Wong mau asalé saka daérah pegunungan Éfraim, nanging saiki manggon ing Gibéa. (Penduduk liya-liyané ing Gibéa kuwi wong-wong taler Bènyamin.)

17Bareng wong tuwa mau weruh wong Lèwi lungguh ing alun-alun nuli ditakoni. "Sampéyan saking pundi lan badhé dhateng pundi?"

18Wangsulané wong Lèwi mau, "Kula nembé dhateng saking Bètléhèm, tanah Yudéa, badhé wangsul dhateng griya kula ing paredèn Éfraim. Mboten wonten tiyang setunggal kémawon ing antawisipun penduduk ngriki ingkang purun nampi kula ing griyanipun.

19Kula mboten mbetahaken menapa-menapa, mergi sangu kula cekap. Damèn lan tedhanipun kéwan, kula sampun mbekta; mekaten ugi kanggé kula piyambak, sémah lan réncang kula, sampun wonten roti lan anggur."

20Wong tuwa mau banjur kandha, "Sampun kuwatos, nyipeng kémawon dhateng panggènan kula, mboten sisah tilem ing alun-alun ngriki."

21Wong tuwa mau banjur ngajak tamu-tamuné menyang omahé, sarta makani kuldi-kuldiné tamuné. Sawisé mengkono wong mau banjur wisuh, mengkono uga tamu-tamuné, banjur padha mangan.

22Lagi padha seneng-seneng mengkono, dumadakan omah mau dikepung déning wong-wong ala ing kutha kono. Wong-wong mau padha dhodhog-dhodhog lawang lan nyeluki wong tuwa sing duwé omah kono, "Tamumu lanang sing kokajak nginep ing omahmu kuwi gawanen mréné, arep dakjak turu!"

23Wong tuwa mau banjur metu, lan kandha karo wong-wong mau mengkéné, "Aja mengkono ta, sedulur-sedulur! Penjalukku mbok kowé aja nindakaké sing kaya mengkono, merga wong kuwi rak tamuku!

24Seliré lan anakku wadon sing isih prawan waé bakal dakgawa metu, arep kokkapakaké sakarepmu. Nanging aja nindakaké sing ora patut marang tamuku!"

25Nanging wong-wong ala mau padha ora ngrèwès marang tembungé wong tuwa kuwi. Wong Lèwi mau banjur nyandhak seliré, digawa metu, diulungaké marang wong-wong ala mau. Wong wadon mau banjur padha dirodha-peksa tekan ésuk.

26Bareng wis byar, wong wadon mau bali, nanging tekan ngarep lawangé omahé wong tuwa sing diinepi bojoné, wong wadon mau tiba. Nganti wayahé srengéngé mlethèk wong wadon mau isih ana ing kono.

27Bareng sing lanang tangi lan mbukak lawang arep budhal, weruh seliré gumléthak ing ngarep lawang; tangané siji isih cekelan lawang.

28Tembungé sing lanang, "Tangia, ayo kita padha budhal." Nanging wong wadon mau wis ora mangsuli, merga wis mati. Wong Lèwi banjur ngangkat sing mati disèlèhaké ing gegeré kuldiné.

29Satekané ngomah, wong Lèwi mau banjur njupuk péso. Layoné seliré ditengkel-tengkel dadi rolas, dikirim marang klompok Israèl rolas, saben klompok satengkel.

30Angger wong sing weruh padha muni, "Kedadéan mengkéné iki durung tau kelakon, wiwit bangsa Israèl metu saka tanah Mesir tekan sepréné. Prekara iki ora kena kita nengaké waé; kudu kita rembug lan kita rampungaké."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel