Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 10 >> 

1Umat Israèl kuwi kaya wit anggur sing metokaké woh akèh; saya akèh pametuné, saya akèh enggoné gawé mesbèh. Saya subur lemahé, saya éndah enggoné gawé tugu-tugu watu kanggo brahala sing disembah.

2Umat sing atiné lamis kuwi saiki kudu padha nanggung dosa-dosané. Gusti Allah bakal nggempur mesbèh-mesbèhé lan ngebrukaké tugu-tuguné brahala.

3Wong-wong mau bakal padha kandha, "Kita padha ora duwé ratu, merga kita padha ora ngabekti marang Allah. Nanging ratu mono apa gunané kanggo awaké dhéwé?"

4Wong-wong mau padha umuk, padha ngucapaké sumpah palsu lan gawé prejanjian sing tanpa guna. Keadilan dislèwèngaké dadi penggawé sewenang-wenang, sing ngrembuyung kaya rerungkudan sing ngandhut wisa.

5Sing padha manggon ing kutha Samaria bakal padha nggresah merga kélangan brahalané pedhèt emas sing ana ing Bètèl. Wong-wong mau lan para imamé sing ngladèni brahala mau bakal padha nangis. Bakal padha sesambat, merga brahala mau emasé wis diklèthèk,

6lan bakal diboyong menyang tanah Asyur, kasaosaké minangka pisungsung marang Sang Prabu. Israèl bakal kwirangan merga nggugu naséhat sing ora bener.

7Ratuné bakal kaboyong, kéntir kaya epang ana ing banyu.

8Mesbèh-mesbèhé sing kanggo gawé kurban ana ing punthuk-punthuk Awèn bakal disirnakaké, sarta ketutupan déning eri lan rerungkudan. Wong-wong sing padha nyembah brahala mau bakal padha kandha karo gunung-gunung, "Aku padha dhelikna," lan marang punthuk-punthuk, "Aku padha aling-alingana!"

9Pangéran ngandika mengkéné, "Wiwit ana ing Gibéa kowé wis gawé dosa marang Aku lan kuwi ora kokmarèni nganti sepréné. Ana ing Gibéa kono wong sing duraka mau wis kagebag ing perang.

10Aku sing nglawan lan ngukum bangsa sing duraka iki. Para bangsa bakal padha nglumpuk merangi, sebab bangsa iki bakal kaukum merga saka dosa-dosané.

11Israèl kuwi biyèn kaya pedhèt sing wis dilatih kanggo nggiling gandum. Nanging banjur Dakpasangi rakitan ing githoké supaya bisa nandangi pegawéan sing luwih akèh. Yéhuda Dakenggo mluku lan Israèl Dakenggo nggaru.

12‘Mlukua lan mbukaka lemah garapan anyar kanggo kapreluanmu dhéwé. Nandura kamursidan lan ngundhuha berkah saka enggonmu ngabekti marang Aku. Wis tekan wektuné kowé mbalèni Aku, Pangéran Allahmu, sarta Aku bakal ngesokaké berkah-Ku nganti lubèr marang kowé.’

13Nanging kowé malah padha nandur piala lan ngundhuh asilé. Saiki kowé padha mangan asil panèné enggonmu goroh." Pangéran ngandika menèh, "Merga kowé padha ngendelaké kréta perangmu lan serdhadhumu sing akèh cacahé,

14mulané kowé bakal ketekan ing perang, lan sakèhé bètèngmu bakal disirnakaké. Kelakoné kuwi bakal kaya dhèk jamané Raja Salman nggempur kutha Bèt-Arbèl sajroning perang, nganti biyung saanak-anaké padha mati kabèh.

15Mengkono sing bakal kelakon tumraping kowé, hé wong Bètèl, merga saka bangeté pialamu. Samasa peprangané diwiwiti ratuné Israèl bakal mati."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel