Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 12 >> 

1(12-2) Samubarang sing ditindakaké wong Israèl saka ésuk tekan soré kuwi ora migunani, malah ngrusak. Goroh lan panganiaya saya mundhak akèh. Padha gawé prejanjian karo tanah Asyur lan dedagangan karo wong Mesir."

2(12-3) Pangéran wis nggugat marang Yéhuda, lan Israèl bakal diukum merga saka pretingkahé wong-wongé. Panjenengané bakal males murwat karo penggawéné.

3(12-4) Yakub, leluhuré gelut karo Ésau, seduluré kembar. Bareng wis gedhé Yakub gelut karo Pangéran —

4(12-5) yakuwi gelut karo malaékat sarta menang. Dhèwèké nangis-nangis nyuwun berkah. Pangéran ngrawuhi ing Bètèl lan ngandika marang Yakub.

5(12-6) Kuwi Pangéran Allah Kang Mahakwasa !!— Pangéran, kuwi asmané sing wajib dibektèni.

6(12-7) Mulané saiki, hé turuné Yakub, padha ngandela marang Allahmu, sarta mratobata marang Panjenengané. Sing setya lan temen, sarta padha nganti-antia kanthi sabar marang apa sing bakal katindakaké déning Allahmu.

7(12-8) Pangandikané Pangéran, "Wong Israèl kuwi goroh, ora béda karo wong Kenaan. Padha seneng ngapusi lengganané nganggo timbangan palsu.

8(12-9) Kandhané, ‘Aku sugih. Bathiku akèh. Ora ana sing ngarani yèn kita iki sugihé merga saka ngapusi.’

9(12-10) Nanging Aku, Pangéran Allahmu, sing ngirid kowé metu saka tanah Mesir, Aku bakal ngulihaké kowé bali manggon ana ing kémah-kémah menèh, kaya sing wis kokalami, nalika Aku murugi kowé ana ing ara-ara samun.

10(12-11) Aku wis ngandika bola-bali lantaran para nabi, padha Dakparingi wahyu bola-bali, sarta lantaran para nabi mau Aku ngélingaké marang umat-Ku.

11(12-12) Éwasemono ing Giléad wong padha nyembah brahala, lan wong mau kabèh padha nemahi pati. Ing Gilgal wong padha gawé kurban sembelèhan sapi lanang, lan sing digawé mesbèh saka watu ditumpuk-tumpuk ana ing ara-ara."

12(12-13) Leluhur kita Yakub kepeksa ngungsi menyang tanah Mésopotamia. Ing kana panjenengané kepeksa ngèngèr, nglakoni dadi pangon wedhus.

13(12-14) Gusti Allah ngutus nabi ngluwari umat Israèl saka tanah Mesir lan ngopèni umat mau.

14(12-15) Umat Israèl mau memungu dukané Pangéran, lan wis samesthiné diukum pati merga saka pialané. Pangéran bakal ngukum umat mau merga wis gawé wirangé asmané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel