Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 2 >> 

1Para sedulurmu Israèl undangen: "Ami" (umat-Ku), lan "Rokhama" (sing ditresnani).

2"Hé anak-anakku, biyungmu suwunna pangapura, senajan wis dudu sisihan-Ku menèh, lan Aku dudu bojoné. Konen marèni enggoné laku jina lan nyundel.

3Yèn ora, mesthi bakal Dakdhèdhèli sandhangané nganti wuda kaya dhèk nalika lairé. Sarta Dakdadèkaké kaya ara-ara samun sing garing lan cengkar, wekasané bakal mati kasatan.

4Anak-anaké bakal ora Dakwelasi, merga kuwi anak-anaké sundel sing ora duwé isin.

5Biyungé dhéwé mau kandha, ‘Aku dakmarani para dhemenanku, sebab wong-wong kuwi sing mènèhi pangan lan ombèn-ombèn marang aku, wulu wedhus, léna, lenga zaitun lan anggur.’

6Mulané wong mau bakal Dakpasangi sangkrah eri lan Dakpageri témbok mubeng, supaya aja bisa nuruti kekarepané.

7Biyungmu bakal ngoyak-oyak para dhemenané, nanging ora kecandhak. Bakal nggolèki, nanging ora ketemu. Wong mau banjur bakal muni, ‘Aku dakmbalèni bojoku jaka-lara, merga kaananku nalika semana luwih kepénak ketimbang karo saiki.’

8Wong kuwi ora ngrumangsani yèn Aku sing maringi gandum, anggur, lan lenga, sarta sakèhé slaka lan emas, sing dienggo gawé recané Baal.

9Mulané mbésuk ing mangsa panèn Aku bakal mundhut bali gandum, anggur, wuluning wedhus lan kain léna-Ku sing dienggo sandhangan.

10Sandhangané bakal Dakdhèdhèli ana ing ngarepé para bédhangané, lan bakal ora ana wong siji-sijia sing bisa ngluwari wong mau saka tangan-Ku.

11Dina-dina riayané pendhak taun lan pendhak sasi bakal Dakbatalaké, mengkono uga riayané dina Sabbat, sarta dina-dina riaya agama liya-liyané.

12Wité anggur lan wité anjir bakal Daksirnakaké, merga wong mau kandha-kandha yèn kuwi kabèh pawèwèhé para dhemenané. Keboné anggur lan keboné woh-wohan bakal Dakdadèkaké ara-ara samun, merga dirusak déning kéwan-kéwan galak.

13Wong mau bakal Dakukum miturut dina-dina enggoné nglalèkaké Aku, samasa ngobong menyan kanggo Baal, sarta samasa nganggo hiasan adi, banjur ngetutaké para dhemenané. Mengkono pangandikané Pangéran."

14Mulané wong mau bakal Dakgawa bali menyang ara-ara samun menèh. Ing kana bakal Dakarih-arih supaya mbalèni Aku menèh.

15Kebon angguré bakal Dakbalèkaké menèh lan Akhor (Lembah Kasusahan) bakal Dakdadèkaké gapuraning pengarep-arep. Ana ing kono wong mau bakal nggatèkaké menèh marang Aku, kaya dhèk isih enomé, nalika metu saka tanah Mesir.

16Ing dina kuwi Aku bakal disebut ‘Sisihanku’, lan ora ‘Baalku’,

17Aku bakal ora marengaké nyebut jenengé Baal menèh.

18Aku bakal gawé prejanjian karo sakèhé kéwan alasan lan manuk-manuk, supaya aja padha gawé cilakané umat-Ku menèh. Sakèhé gegamaning perang bakal Daksingkiraké saka tanah kéné, sakèhé pedhang lan panah, supaya umat-Ku bisa urip kanthi ayem tentrem.

19"Hé Israèl, kowé arep Dakpundhut garwa; Aku bakal jujur lan setya; Aku bakal ngetingalaké sih-katresnan-Ku lan piwelas-Ku, sarta kowé Dakrengkuh dadi kagungan-Ku dhéwé selawas-lawasé.

20Janji-Ku bakal Daktetepi lan kowé Dakdadèkaké kagungan-Ku, sarta kowé bakal nganggep Aku Allahmu.

21(2:21-22) Ing dina kuwi Aku bakal miyarsakaké pandongané umat-Ku Israèl. Aku bakal nekakaké udan ing bumi lan bumi bakal metokaké gandum, anggur lan lenga zaitun.

22(2:21)

23Umat-Ku bakal Daksentosakaké ana ing bumi, sarta Dakparingi kemakmuran sing lubèr. Aku bakal ngetingalaké katresnan-Ku marang wong-wong sing disebut: ‘Lo-Ami’ (dudu umat-Ku). Aku bakal ngandika, ‘Kowé kuwi umat-Ku!’ Lan kowé bakal munjuk, ‘Paduka menika Allah kawula.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel