Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 6 >> 

1Ana wong sing padha kandha, "Ayo padha bali mratobat marang Pangéran! Panjenengané wis natoni kita, nanging mesthi bakal marasaké kita. Panjenengané wis nggebagi kita, nanging apa iya ora bakal nambani kita?

2Sajroning loro utawa telung dina Panjenengané bakal nangèkaké kita menèh, lan kita bakal padha urip ana ing ngarsané.

3Ayo padha nggolèki Panjenengané. Panjenengané mesthi bakal miyos methukaké kaya tekané byar raina, kaya tekané udan ing mangsa semi sing nelesi bumi."

4Nanging Pangéran bakal ngandika, "Hé Israèl lan Yéhuda, kowé kuwi apa gunané kanggoné Aku? Katresnanmu marang Aku mung kaya pedhut ing wayah ésuk sing bakal ilang; kaya ebun sing nguwap ing wayah ésuk umun-umun.

5Iya merga kaya ngono mau Aku ngutus para nabi-Ku marang kowé ngundhangaké paukuman lan karusakan. Pamundhut-Ku tumraping kowé wis cetha:

6Aku mundhut katresnanmu sing tetep, dudu kurban kéwan. Aku luwih seneng yèn umat-Ku wanuh karo Aku, ketimbang karo kasaosan kurban obongan.

7Nanging wong-wong mau wis padha kaya Adam, sing nerak prejanjiané karo Aku.

8Giléad kuwi kutha kebak wong sing nindakaké piala lan dhemen matèni.

9Imam-imamé kaya grombolan bégal sing ngadhang mangsané. Malah ana ing dalan sing anjog marang Sikèm panggonan sing suci, padha tegel matèni wong. Mangka penggawéné sing mengkono kuwi dijarag!

10Aku pirsa yèn Israèl ana lelakon-lelakon sing nggegirisi; umat-Ku wis najisaké awaké dhéwé srana enggoné padha nyembah brahala.

11Kanggoné kowé, wong Yéhuda, Aku wis netepaké wektu enggon-Ku arep nekakaké paukuman marang kowé. Kowé bakal Dakwales timbang karo penggawému."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel