Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 9 >> 

1Hé Israèl, padha lèrèna enggonmu mahargya dina-dina riaya kaya carané wong Mesir. Kowé wis nyingkur Allahmu lan wis kokkianati. Ana ing ngendi-endi kowé wis ngedol awakmu dhéwé dadi sundel marang Baal, lan kowé seneng olèh gandum sing kokkira opahé enggonmu nyembah marang Baal!

2Nanging sedhéla menèh gandummu bakal entèk, semono uga lengamu zaitun lan anggurmu.

3Wong Israèl bakal ora lestari manggon ing tanahé Pangéran, merga kowé kudu bali menyang tanah Mesir. Ing Asyur kowé bakal mangan pangan sing karam.

4Ing tanah-tanah manca kowé bakal ora bisa saos kurban dhaharan konjuk marang Allah, utawa saos kurban obongan marang Panjenengané. Panganan sing dipangan bakal gawé najisé saben wong sing mangan, kaya ana ing pelayatan, mung kanggo ngisi weteng luwé. Ora ana sing bakal kacaosaké dadi kurban marang Pedalemané Allah.

5Yèn wis tekan dina riaya, apa sing arep padha ditindakaké kanggo ngluhuraké Pangéran?

6Samasa ana kasangsaran, mangka wong Israèl padha sumebar, wong-wong mau bakal diklumpukaké déning wong Mesir, banjur dikubur ana ing Mèmfis. Bandhané rupa emas lan slaka sarta panggonan tilas omahé bakal padha kethukulan eri lan rerungkudan.

7Paukumané wis tekan wektuné, saben wong nampa sing dadi bagéané. Yèn wis kelakon, Israèl bakal ngerti! Kowé bakal muni, "Nabi kuwi gemblung. Wong sing kerasukan roh kuwi owah!" Kowé padha sengit banget karo aku, merga dosamu gedhé banget.

8Enggonku diutus dadi nabi iki supaya ngélingaké Israèl, umaté. Nanging menyanga ngendi waé paranku, aku arep kokjiret kaya manuk. Ana ing tanahé Allah piyambak wong-wongé padha mungsuhi para nabi.

9Penggawéné mung ala thok, padha kaya nalika ana ing Gibéa, Gusti Allah bakal ngèngeti lan ngukum dosa-dosané.

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Nalika Aku ketemu karo Israèl sing wiwitan, rasané kaya nemu wit anggur sing thukul ing ara-ara samun. Nalika Aku pirsa para leluhurmu sing kawitan, kaya pirsa woh anjir sing mateng gasik dhéwé ing mangsa wowohan. Nanging bareng padha tekan Gunung Péor wong-wong padha miwiti nyembah marang Baal, nganti padha dadi nistha lan njijiki, padha karo brahala sing padha diraketi.

11Kaluhurané Israèl mabur kaya manuk, lan bakal ora duwé anak menèh, wong wadon ing kono bakal padha ora meteng lan nglairaké.

12Senajan duwé anak, anaké bakal Dakpundhut, nganti ora ana sing kari urip. Samasa wong-wong mau Daktégakaké, bakal padha ngalami prekara-prekara sing nggegirisi."

13Dhuh Allah, kawula sumerep anak-anakipun sami dipun oyak-oyak lan dipun pejahi.

14Menapa ingkang badhé kawula suwun kanggé tiyang-tiyang menika? Para tiyangipun èstri kadamela gabug! Kadamela supados mboten sami saged ngrimati bayi-bayinipun.

15Pangandikané Pangéran mengkéné, "Pratingkahé Israèl sing ala mau kawiwitan ing Gilgal. Wiwit dhèk semana Aku sengit karo wong-wong mau. Merga saka penggawéné sing ala, wong-wong bakal Daktundhung saka tanah-Ku, sarta wis ora bakal Dakraketi menèh. Para pemimpiné wis padha mbrontak marang Aku.

16Israèl kuwi presasat wit sing oyodé padha garing, sarta ora metokaké woh. Bakal padha ora duwé anak, lan senajan padha duwé anak, bocah-bocah sing ditresnani mau bakal Dakpatèni."

17Allah sing dakbektèni kuwi bakal nampik umat kagungané, merga padha ora ngrungokaké marang Panjenengané. Wong-wong mau bakal padha nglambrang ing antarané bangsa-bangsa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel