Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 7 >> 

1Imam Mèlkisèdèk kuwi biyèn raja ing negara Salèm lan dadi imamé Allah Kang Mahaluhur. Nalika Rama Abraham kondur saka peprangan sarta mejahi para raja, Imam Mèlkisèdèk methukaké sarta mberkahi panjenengané.

2Rama Abraham nyaosaké saprasepuluhé rampasan saka mungsuh marang Imam Mèlkisèdèk. (Tembung Mèlkisèdèk teges sing sepisan "Ratuning Kaadilan," lan sarèhné Imam Mèlkisèdèk uga jumeneng ratu ing negara Salèm, asmané banjur uga ateges "Ratuning Katentreman".)

3Mungguh Imam Mèlkisèdèk ing Kitab Suci ora kasebutaké sapa rama lan ibuné, mengkono uga sapa leluhuré. Uga ora kasebutaké bab wiyosé lan sédané. Panjenengané kuwi kaya déné Putraning Allah, kang jumeneng imam ing selawasé.

4Coba gagasen, saiba luhuré Mèlkisèdèk kuwi! Rama Abraham, leluhuré bangsa kita waé, nganti ngaturaké saprasepuluhé rampasan saka mungsuh marang panjenengané.

5Para turuné Lèwi, yakuwi wong-wong sing padha dadi imam, kadhawuhan déning Angger-anggeré Torèt, nampani pisungsung saka umat Israèl, yakuwi para seduluré tunggal bangsa, senajan wong-wong Israèl kuwi uga turuné Abraham.

6Mangka Imam Mèlkisèdèk dudu turuné Lèwi, panjenengané disaosi prasepuluhan déning Rama Abraham sarta mberkahi Rama Abraham, wong sing wis kaparingan prasetyané Gusti Allah mau.

7Wis cetha yèn wong sing mberkahi kuwi luwih luhur ketimbang karo wong sing diberkahi.

8Imam-imam sing nampa prasepuluhan kuwi mung wong lumrah, nanging Kitab Suci nélakaké bab Imam Mèlkisèdèk, yèn panjenengané, kang nampani prasepuluhan kuwi gesang selawas-lawasé.

9Dhèk nalika Rama Abraham mbayar prasepuluhan, Lèwi kena diarani uga wis katut mèlu mbayar, senajan para turuné padha nampani prasepuluhan.

10Awit nalika Imam Mèlkisèdèk ketemu Rama Abraham, Lèwi durung lair; kena diarani Lèwi isih ana ing lambungé Rama Abraham, leluhuré.

11Adhedhasar kaimamané Lèwi mau Torèt kaparingaké marang umat Israèl. Saupama leladiné imam-imam Lèwi kuwi biyèn wis sampurna, ora prelu ana imam liyané sing leladi manut tataning kaimamané Mèlkisèdèk, lan ora manut tataning kaimamané Harun.

12Awit menawa salin tatanan kaimamané, mesthiné Angger-anggering Torèt iya kudu ganti uga.

13Merga sing dikarepaké ana ing kéné iki Sang Kristus, sing klebu taler liya. Saka taler mau ora ana wong siji waé sing tau ngladèni mesbèh ana ing Pedalemané Allah, dadi imam.

14Pancèn wong kabèh wis ngerti, yèn Sang Kristus kuwi miyos saka taler Yéhuda; lan Nabi Musa uga ora ngandikakaké apa-apa bab taler iki nalika panjenengané ngandharaké bab imam-imam.

15Prekarané saiki dadi luwih cetha, yakuwi ana imam liya kang jumeneng, manut tataning kaimamané Mèlkisèdèk.

16Panjenengané ditetepaké ngasta kalenggahan imam ora landhesan prenatané manungsa, nanging adhedhasar urip kang langgeng.

17Awit ing Kitab Suci ana pangandika, "Kowé kuwi dadi Imam ing selawasé, manut tatané kaimaman Mèlkisèdèk."

18Pancèn, prenatan sing dhisik kuwi saiki wis disisihaké jalaran wis ora nduwèni kekuwatan lan ora maédahi.

19Awit Torèté Nabi Musa wis babar-pisan ora bisa ngolèhaké kasampurnan. Mulané kita saiki padha duwé pengarep-arep sing luwih becik, sing nyedhakaké kita karo Gusti Allah.

20Kejaba kuwi Gusti Allah rak wis supaos. Nalika imam liya-liyané katetepaké kalenggahané, sumpah sing mengkono mau ora ana.

21Nanging Gusti Yésus katetepaké ngasta imam nganggo sumpah, yakuwi nalika Gusti Allah ngandika marang Panjenengané: "Pangéran wis supaos, sarta Panjenengané ora bakal ngéwahi penggalihé: ‘Kowé bakal dadi Imam ing selawasé.’"

22Iya merga enggoné béda karo imam liya-liyané mau, Gusti Yésus wis dadi tetanggelaning prejanjian kang luwih becik.

23Ana menèh sing mbédakaké Sang Kristus karo imam liya-liyané; imam-imam liyané cacahé akèh, lan saben imam ngalami mati, mula ora bisa nglestarèkaké kalenggahané.

24Nanging Gusti Yésus gesang selawasé, sarta pakaryané enggoné jumeneng Imam ora kalèngsèr marang wong liya.

25Saiki lan kapan waé, Panjenengané saged mitulungi slamet saben wong kang sowan ing ngarsané Allah lumantar Panjenengané. Jalaran Panjenengané gesang ing selawasé prelu nglantaraké wong-wong mau marang Gusti Allah.

26Mulané iya Gusti Yésus kuwi Imam Agung sing kita butuhaké. Panjenengané suci, ora kadunungan keluputan utawa dosa. Panjenengané wis kapisahaké saka wong dosa, kasengkakaké ngungkuli dhuwuré sakèhing langit.

27Panjenengané ora kaya Imam Agung liyané, sing saben dina prelu nyaosaké kurban kanggo dosané dhéwé lan sawisé kuwi lagi kanggo dosaning umaté. Gusti Yésus nyaosaké kurban mung sepisan thok, kanggo ing selawasé, yakuwi nalika Panjenengané nyaosaké sarirané piyambak minangka kurban.

28Torèt njumenengaké Imam Agung saka antarané manungsa kang ora sampurna; nanging prajanjiané Allah kang dikanthèni supaos kang tekané sawisé Torèt, kuwi njumenengaké Sang Putra, sing wis kasampurnakaké ing selawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel