Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 10 >> 

1Ing sawijining dina Nadab lan Abihu, loro-loroné anaké Harun, padha nggawa pedupané dhéwé-dhéwé, banjur diisèni mawa ditumpangi menyan katur marang Allah. Nanging geni mau séjé, dudu geni suci, nyulayani karo dhawuhé Allah.

2Sanalika Allah nekakaké geni sing mbrangas wong loro mau nganti mati ngenggon, ana ing Kémah Palenggahané Allah kono.

3Musa banjur kandha karo Harun, "Ya iki sing dikersakaké déning Allah nalika ngandika, ‘Kabèh wong kang leladi kanggo Aku kudu ngurmati kasucèn-Ku; Aku bakal ngetingalaké kamulyan-Ku marang umat-Ku.’" Nanging Harun meneng waé.

4Mulané Musa banjur ngundang Misaèl lan Èlsafan, anak-anaké Uzièl, pamané Harun. Kandhané Musa, "Jisimé sedulurmu gawanen metu saka Kémah Suci menyang sanjabané Kémah."

5Nuli padha tumandang; jisimé digotong dilambari nganggo sandhangan sing dienggo, digawa metu saka Kémah, kaya sing didhawuhaké Musa.

6Musa banjur kandha karo Harun lan anak-anaké sing isih urip, yakuwi Èléazar lan Itamar, "Awas, rambutmu aja kokadhul-adhul lan klambimu aja koksuwèk kanggo nélakaké kasusahanmu. Yèn nglakoni mengkono kowé bakal mati, lan umat Israèl kabèh bakal kena bebenduné Allah. Wong Israèl liyané kena nangisi patiné wong loro sing kebrangas geniné Allah mau.

7Nanging kowé, Harun lan anakmu loro aja metu saka Kémah Suci, supaya aja mati, merga kowé wis padha dijebadi lan wis dipiji ngladosi Allah." Harun lan anak-anaké padha nurut marang kandhané Musa.

8Gusti Allah ngandika marang Harun,

9"Kowé lan anak-anakmu samasa arep mlebu ing Kémah Suci aja padha ngombé anggur utawa ombèn-ombèn liyané sing mendemi. Yèn wewaler iki kokterak kowé bakal mati. Dhawuh iki prenatan kanggo ing selawasé, kanggo anak-turunmu kabèh.

10Kowé wajib mbédakaké samubarang sing sengkeran, yakuwi sing mligi kagem Allah, lan sing lumrah; sing suci lan sing najis.

11Sakèhing prenatan sing wis Dakdhawuhaké lantaran Musa, kudu kokwulangaké marang umat Israèl."

12Musa clathu karo Harun lan anak-anaké, yakuwi Èléazar lan Itamar, "Turahané kurban gandum sing disaosaké marang Allah kuwi jupuken, gawénen roti tanpa ragi lan panganen ing sacedhaké mesbèh, merga kurban kuwi suci banget.

13Roti mau panganen ing panggonan suci. Kuwi pancèn bagéanmu, Harun, lan anak-anakmu lanang, saka dhaharan sing disaosaké marang Allah. Mengkono dhawuhé Allah marang aku.

14Déné daging dhadha lan sampilé mburi kéwan sing digawé kurban kuwi kena kokpangan karo anak-anakmu lanang lan wadon. Kuwi saosan mligi marang Allah, sing disumbangaké kanggo para imam. Kuwi kena kokpangan ing sedhéngah panggonan sing suci. Saosan mau diparingaké marang kowé lan anak-anakmu dadi bagéanmu, saka kurban keslametan sing disaosaké déning umat Israèl.

15Sampil mburi lan daging dhadha kuwi kudu diteraké marang kowé, samasa gajihé kéwan mau diobong minangka kurban dhaharan kagem Allah. Kuwi hakmu lan haké anak-anakmu ing selawasé, kaya sing didhawuhaké déning Allah."

16Sawisé kuwi Musa nakokaké ana ing endi wedhus sing arep dienggo kurban pangruwating dosa. Dikandhani yèn wedhusé wis diobong. Musa nepsu marang Èléazar lan Itamar,

17"Yagéné kurban pangruwating dosa kuwi ora kokpangan ing panggonan suci kana? Kurban mau suci banget, lan Allah wis maringaké marang kowé, supaya umat Israèl olèh apuraning dosa.

18Sarèhné getihé kéwan kuwi ora digawa menyang Kémah Suci, kuduné kurban mau kokpangan ana ing kana, kaya sing dakkandhakaké."

19Wangsulané Harun, "Ing dina iki umat Israèl rak wis nyaosaké kurban pangruwating dosa lan kurban obongan sumaos marang Allah? Apa aku iya isih bakal ketaman bebenduné Allah? Saupama ing dina iki uga aku mangan kurban pangruwating dosa apa bisa gawé renaning penggalihé Allah?"

20Musa nyarujuki usulé Harun mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel