Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 11 >> 

1Gusti Allah maringaké prenatan marang Musa lan Harun kanggo bangsa Israèl mengkéné:

2(11:2-3) Kéwan-kéwan dharatan, sing nggayemi lan tracaké belah, kuwi kabèh kalal, dadi kena dipangan.

3(11:2)

4(11:4-6) Nanging unta, kancil lan marmut ora kena dipangan. Kéwan-kéwan mau kudu dianggep karam, merga senajan nggayemi, tracaké ora belah.

5(11:4)

6(11:4)

7Babi iya ora kena dipangan; kudu dianggep karam, merga senajan tracaké belah, babi kuwi ora nggayemi.

8Kéwan-kéwan sing mengkono kuwi ora kena dipangan, utawa digepok bathangé, merga kéwan-kéwan mau karam.

9Sakèhé iwak sing ana kèpèté lan ana sisiké, kena dipangan.

10(11:10-12) Nanging sakèhé kéwan sing urip ing banyu, sing ora nganggo kèpèt lan sisik, kudu dianggep karam, dadi ora kena dipangan lan bathangé ora kena digepok.

11(11:10)

12(11:10)

13(11:13-19) Kowé ora kena mangan bangsané manuk-manuk iki: manuk garudha, manuk bidho, bangsané wulung, gagak lan manuk unta, manuk tahmas, blekok lan sakèhé manuk bangsané bango, kuntul, drembolok lan kalong.

14(11:13)

15(11:13)

16(11:13)

17(11:13)

18(11:13)

19(11:13)

20(11:20-23) Kabèh kéwan gumremet sing nganggo swiwi kudu dianggep karam, kejaba sing bisa mencolot, kayata: walang, jangkrik, walang kadung, kuwi kena kokpangan.

21(11:20)

22(11:20)

23(11:20)

24(11:24-28) Yèn nganti nggepok bathangé kéwan-kéwan sing nganggo tracak (kejaba kéwan sing tracaké belah lan nggayemi), sarta kéwan sikil papat sing ana cakaré, kowé dadi najis tekan wayah surup. Sing sapa nggawa bathangé kéwan-kéwan mau, sandhangané kudu dikumbah, lan iya dianggep najis tekan wayah surup.

25(11:24)

26(11:24)

27(11:24)

28(11:24)

29(11:29-30) Tikus lumrah, tikus wirog, tikus pithi lan kadhal, sarupaning (sawernaning) kodhok, landhak, menyawak, bengkarung, kéyong lan bunglon kudu dianggep najis.

30(11:29)

31Sing sapa nggepok bathangé kéwan-kéwan mau dadi najis tekan surup.

32Yèn bathangé kéwan kuwi nibani sawenèhing barang, barang mau dadi najis. Barang lan piranti apa waé, sing ketiban dadi najis lan kudu dikumbah nganggo banyu. Senajan wis dikumbah, barang mau tetep najis tekan surup, iya piranti sing digawé saka kayu, tenunan, kulit, utawa saka bagor.

33Yèn bathangé kéwan mau kacemplung ing kuwali, kuwali saisiné dadi najis kabèh. Kuwali mau kudu diremuk.

34Panganan sing lumrahé kena dipangan, nanging yèn kesiram banyuné kuwali mau, dadi najis; semono uga ombèn-ombèn ing wadhah sing kecemplungan bathang mau, iya dadi najis.

35Sakèhé barang sing ketiban bathang kaya mengkono mau dadi najis. Anglo lan luweng sing ketiban kudu diremuk.

36Sakèhé barang sing kegepok bathang mau dadi najis, kejaba etuk utawa sumur, kuwi dianggep tetep resik.

37Yèn bathang mau nibani wiji sing arep disebar, wiji mau tetep resik.

38Nanging yèn wiji mau lagi dikum ing banyu, mangka ketiban bathang, wijiné dadi najis.

39Wong sing nggepok bathangé kéwan sing kalal dadi najis tekan wayah surup.

40Wong sing mangan bathang mau, pérangan sing ngendi waé, kudu ngumbah sandhangané, éwasemono tetep najis tekan surup.

41Kéwan cilik sing gemrayah ing lemah,

42iya sing nggremet, sing sikil papat apa déné sing sikil akèh, kabèh karam.

43Kowé ora kena mangan bangsané kéwan-kéwan mau supaya ora dadi najis.

44"Aku iki Allahmu, mulané awakmu reksanen supaya tetep suci, merga Aku iki suci.

45Aku iki Allah sing ngirid lakumu kabèh metu saka tanah Mesir, supaya Aku jumeneng dadi Allahmu. Kowé padha dadia suci, merga Aku iki suci."

46Kaya mengkono prenatan bab kéwan dharatan lan bangsané manuk, kéwan sing urip ing banyu lan sakèhé kéwan gumremet.

47Kowé padha mbédakna sing tliti, endi kéwan sing kalal lan endi sing najis utawa karam.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel