Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 14 >> 

1Gusti Allah maringaké prenatan-prenatan marang Musa,

2bab upacara mbirat najisé wong sing wis mari enggoné nandhang lara kusta. Wongé kudu ngadhep marang imam, supaya imam netepaké yèn wong mau ing dina kuwi wis resik.

3Imam kudu ngajak wong mau metu saka désa, banjur dipriksa. Yèn larané wis mari temenan,

4imam kudu ngandhani wongé, supaya nggawa manuk sing ora karam rong iji, karo kayu cemara Libanon satengkel, tali abang lan gagangé suket hisop siji.

5Manuké sing siji kudu disembelèh ana ing kuwali saka lemah, sing isi banyu resik saka sumur.

6Manuk liyané kudu dicelupaké ing getihé manuk sing wis disembelèh mau, bareng karo kayuné cemara, tali abang lan gagangé hisop.

7Getihé manuk sing ana ing kuwali mau kudu dikepyur-kepyuraké déning imam menyang wong sing wis waras mau rambah ping pitu. Imam banjur netepaké yèn wong mau wis resik. Sawisé kuwi manuk sing isih urip mau diculaké ana ing ara-ara.

8Wongé banjur dikon ngumbah sandhangané, nyukur sirahé lan adus. Wong kuwi saiki resik lan kena mlebu ing désa, éwasemono durung kena mulih manggon ing omahé dhéwé nganti pitung dina lawasé.

9Sawisé pitung dina wong mau kudu nyukur sirahé menèh, semono uga jénggoté, alisé lan kabèh wulu ing badané sekojur. Sawisé kuwi kudu ngumbah sandhangané, banjur adus. Sawisé mengkono wong mau dadi resik manut prenataning agama.

10Ing dina kaping woluné wong mau kudu nggawa cempé lanang loro, cempé wadon siji, umur setaun, sing tanpa cacad, karo glepung telung kilogram, sing wis diulet karo lenga zaitun, sarta lenga zaitun sapratelon liter.

11Imam kudu nggawa wongé lan pisungsungé menyang lawangé Kémah Palenggahané Allah.

12Cempéné lanang siji lan lengané zaitun sapratelon liter mau kudu disaosaké déning imam dadi kurban dhendha. Kurban kuwi pisungsung mligi konjuk marang Allah lan dadi bagéané imam.

13Imam kudu nyembelèh cempéné ing panggonan suci, sing adaté kanggo nyembelèh kéwan sing dienggo kurban obongan. Cempé mau kudu disembelèh ing kono, merga kurban dhendha lan kurban pangruwating dosa kuwi suci banget, lan dadi bagéané imam.

14Imam kudu ndulit getihé cempé mau lan nglèlètaké ing kupingé tengen wong sing arep ditetepaké resik mau, semono uga jempolé tangan tengen, lan jempolé sikil tengen.

15Imam banjur ngesok lengané zaitun sethithik ing èpèk-èpèké kiwa.

16Sarta nyelupaké drijiné tengen siji ing lenga sing ana ing èpèk-èpèké kiwa, banjur ngepyur-ngepyuraké lenga mau rambah ping pitu ing njeron Kémah Palenggahané Allah.

17Imam banjur ndulit lenga sing ana ing èpèk-èpèké karo getihé cempé mau, dilèlètaké ing kupingé tengen wong mau, jempolé tangan tengen lan jempolé sikil tengen.

18Turahané lenga sing ana ing tangané imam banjur diusapaké ing sirahé wong mau. Kaya mengkono patrapé nindakaké upacara sesuci manut prenataning agama.

19Sawisé mengkono imam banjur nyaosaké kurban pangruwating dosa lan nindakaké upacara sesuci manut prenataning agama. Imam banjur kudu nyembelèh kéwan sing arep dienggo kurban obongan,

20lan nyaosaké kurban mau bebarengan karo kurban gandum ing mesbèh. Kaya mengkono patrapé nindakaké upacara sesuci manut prenataning agama, supaya wongé dadi resik.

21Yèn wongé mau ora duwé, lan ora kuwat nyaosaké kurban rupa kéwan telung iji, kaya sing ditetepaké, cukup nyaosaké cempé lanang siji waé. Kanggo kurban gandum cukup nyaosaké glepung sakilogram, sing diulet karo lenga zaitun; lan lenga zaitun sapratelon liter.

22Kejaba kuwi iya kudu nyaosaké manuk dara utawa manuk drekuku loro; sing siji kanggo kurban pangruwating dosa, sijiné kanggo kurban obongan.

23Saosan mau kabèh kudu dipasrahaké marang imam ing lawangé Kémah Suci, nunggal dina karo upacara pasucèné.

24Cempé lan lengané zaitun kudu disaosaké déning imam dadi saosan mligi konjuk marang Allah; barang mau dadi bagéané imam.

25Imam banjur kudu nyembelèh cempé mau, lan nglèlètaké getihé sethithik ana ing kupingé tengen wong sing lagi arep disucèkaké, semono uga ing jempolé tangan tengen, lan jempolé sikil tengen.

26Imam kudu ngesokaké lengané zaitun ing èpèk-èpèké dhéwé sing kiwa,

27banjur nyelupaké drijiné tengen siji ing lenga mau, dikepyur-kepyuraké rambah ping pitu ing njeron Kémah Palenggahané Allah.

28Lenga mau salong ana sing diusapaké wongé, ing panggonan sing mauné diusapi nganggo getih, yakuwi: kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengen wong sing lagi arep disucèkaké.

29Turahané lenga sing ana ing tangané imam kudu diusapaké ing sirahé wongé. Kaya mengkono patrapé nindakaké upacara sesuci manut prenataning agama.

30Sawisé kuwi imam kudu nyaosaké salah siji dara utawa drekuku mau,

31dienggo kurban pangruwating dosa; sijiné kanggo kurban obongan. Kaya mengkono patrapé imam enggoné nindakaké upacara sesuci manut prenataning agama.

32Mengkono prenatané ngresiki wong sing mauné lara kusta, mangka ora kuwat nyaosaké kurban-kurban sing ditetepaké kanggo upacara sesuci.

33Gusti Allah ndhawuhaké marang Musa lan Harun prenatan bab omah sing kena ing lelara budhug.

34"Samasa bangsa Israèl wis manggon ing Kenaan, tanah sing dijanjèkaké déning Gusti Allah.

35Sing sapa ngonangi tandha-tandhané lelara budhug ing omahé, kudu lapur karo imam.

36Sadurungé teka dhéwé mriksa, imam kudu akon ngetok-etokaké isining omah kabèh. Yèn ora ditokaké, barang-barang mau bakal ditetepaké najis. Imam kudu teka mriksa omah mau,

37endi sing kena ing lelara budhug. Yèn ana blentongé, rupané semu ijo utawa semu abang,

38imam kudu nutup omah mau lawasé pitung dina.

39Let pitung dina imam kudu teka mriksa menèh. Yèn blentongé mrèmèn,

40(14:40-41) imam kudu mréntahaké ndhodholi bata lan lépané témbok sing blentong mau lan dibuwang ing sanjabané kutha ing panggonan sing najis.

41(14:40)

42Bata sing dibuwang mau diganti bata anyar lan dilépa nganggo lépa anyar.

43Yèn témbok mau ana blentongé menèh, mangka bata lan lépané sing lawas wis dibuwang,

44imam kudu teka mriksa menèh. Yèn blentongé wis mrèmèn tekan ngendi-endi, omah mau ditetepaké najis

45lan kudu dibrukaké. Kayu, bata lan lépané kabèh kudu dibuwang ing njaban kutha, ing panggonan sing najis.

46Sadurungé dibrukaké, sapa waé sing mlebu ing omah tutupan mau dadi najis nganti wayah surup.

47Sing sapa turon utawa mangan ing omah mau sandhangané kudu dikumbah.

48Yèn sawisé dilépa témboké mari blentongé, imam kudu teka mriksa lan netepaké omah mau resik, merga blentongé wis ilang babar pisan.

49Saraté netepaké omah mau resik manut prenataning agama kuwi mengkéné: Imam kudu njupuk manuk loro, kayu cemara Libanon, tali abang lan gagang hisop.

50Manuk sing siji kudu disembelèh ing kuwali sing isi banyu resik saka sumur.

51Kayuné cemara, tali abang, gagangé hisop lan manuk sing isih urip kudu dicemplungaké ing getihé manuk sing disembelèh lan ing banyu resik mau. Banyuné banjur diciprat-ciprataké ing omahé nganti rambah ping pitu.

52(14:52-53) Manuké sing isih urip banjur diculaké déning imam ing ara-ara sanjabané kutha. Mengkono patrapé imam enggoné nindakaké upacara nucèkaké omah supaya omah mau resik manut prenataning agama.

53(14:52)

54Mengkono prenatan bab lara kusta,

55(14:55-56) plenthing, gudhig, korèng, panu utawa abuh, bab sandhangan lan omah sing kena lelara budhug.

56(14:55)

57Prenatan-prenatan kuwi kanggo dhasar netepaké najis lan orané sawijining barang, manut prenataning agama."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel