Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 22 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2supaya nglantaraké dhawuhé marang Harun lan anak-anaké mengkéné, "Kowé aja gawé kucemé asma-Ku kang suci. Mulané sesaosan-sesaosané umat Israèl sing konjuk marang Aku kudu koksaosaké klawan hurmat. Aku iki Allah.

3Yèn ana salah sijiné anak-turunmu sing kaanané najis, mangka nyedhaki sesaosané umat Israèl sing konjuk marang Aku. Wong mau ora kena nyaosaké kurban menèh ana ing mesbèh. Aku iki Allah.

4Yèn ana anak-turuné Harun sing lara kusta, utawa nandhang memala ngetokaké mani, wong mau ora kena mangan sesaosan suci, yèn durung ditetepaké resik manut prenatané agama. Imam dadi najis menawa nggepok barang sing najis merga saka layon. Imam uga najis yèn nandhang memala ngetokaké mani,

5utawa yèn nggepok kéwan utawa wong sing najis.

6Imam sing najis, kuwi najisé tekan surup. Sawisé surup wong mau durung kena mangan barang sesaosan, menawa durung adus.

7Sawisé adus lagi kena mangan saka sesaosan suci mau, merga kuwi pancèn pangané.

8Imam ora kena mangan dagingé kéwan sing mati ngurag utawa sing matiné merga dimangsa kéwan galak. Yèn mangan, imam mau dadi najis. Aku iki Allah.

9Kabèh imam kudu netepi prenatan-prenatan sing wis Daktetepaké. Yèn ora, bakal keluputan lan nemahi mati, merga nerak prenatan-prenatan sing suci mau. Aku iki Allah, lan Aku sing nyengker para imam dadi kagungan-Ku.

10Sesaosan sing disengker konjuk marang Aku mung olèh dipangan déning brayaté imam dhéwé. Wong liya ora kena, senajan dadi saomah utawa nyambut-gawé kanggo imam.

11Nanging batur-tukoné imam, sing dituku lan dibayar nganggo dhuwité imam dhéwé, utawa lair ing omahé imam mau, olèh mangan pangan sing kanggo imam mau.

12Anaké wadon imam, sing kawin karo wong dudu imam ora kena mangan saka sesaosan sing disengker konjuk marang Aku.

13Nanging yèn wis randha utawa pegatan lan ora duwé anak, lan wis mulih ing omahé wong tuwané, sarta uripé gumantung wong tuwané, olèh mangan pangan sing kanggo imam. Mung brayaté imam dhéwé kena mangan saka sesaosan sing digawé kurban.

14Menawa ana wong sing dudu brayaté imam, ora kejarag mangan saka pangan sesaosan suci mau, wongé kudu ngijoli regané pangan mau kabèh, diluwihi sapralimané.

15Para imam ora kena awèh dhadhakan nganti sesaosan sing konjuk marang Aku, dicecamah,

16merga nglilakaké sesaosan suci mau dipangan déning wong sing ora wenang mangan. Kuwi bakal njalari wong mau keluputan lan kena paukuman. Aku iki Allah, lan Aku sing nyengker sesaosan mau."

17Gusti Allah ngandika marang Musa, supaya

18(22:18-19) nglantaraké dhawuh marang Harun, anak-anaké lan umat Israèl kabèh, prenatan-prenatan mengkéné: "Menawa ana wong Israèl utawa wong manca sing manggon ing kono nyaosaké kurban obongan kanggo ngluwari kaulé, utawa kanggo saos sukur metu saka rilaning atiné dhéwé: Kéwan sing dienggo kurban kudu lanang lan tanpa cacad, supaya ditampi déning Allah.

19(22:18)

20Menawa kéwané ana cacadé, Allah ora bakal kersa nampi.

21Menawa ana wong nyaosaké kurban keslametan konjuk marang Allah kanggo ngluwari kaulé, utawa kanggo saos sukur metu saka rilaning atiné dhéwé, kéwané kudu tanpa cacad supaya ditampi déning Allah.

22Aja nyaosaké kurban marang Allah kéwan sing picak, sing balungé tugel, sing buntung, sing wudunen sing ana nanahé, sing kena lara kulit utawa gudhigen. Kéwan-kéwan sing mengkono mau aja koksaosaké kanggo kurban dhaharan ana ing mesbèh.

23Kurban sing disaosaké metu saka rilaning atiné dhéwé mau kena rupa kéwan sing cacad awaké, nanging kéwan sing mengkono mau ora kena kanggo kurban ngluwari kaul.

24Ora kena saos kurban konjuk marang Allah rupa kéwan sing dikebiri srana dijepit, diiris, digecak utawa dikethok. Aja ana sing nglakoni penggawé mengkono mau ing tanahmu.

25Kéwan pawèhé wong manca ora kena digawé kurban dhaharan. Kéwan sing mengkono mau dianggep cacad, dadi ora bakal ditampi déning Allah.

26(22:26-27) Pedhèt, cempé wedhus gèmbèl, utawa wedhus jawa sing mentas lair, kudu diworaké karo emboké nganti pitung dina lawasé. Sawisé kuwi lagi kena kanggo saos kurban dhaharan.

27(22:26)

28Sapi lan pedhèté, wedhus gèmbèl lan cempéné, wedhus jawa lan cempéné aja digawé kurban nunggal sedina.

29Menawa nyaosaké kurban pamuji konjuk marang Allah kudu manut prenatan, supaya kurban mau ditampi déning Allah.

30Kurban kudu dipangan ing dina iku uga, lan ora kena dingèngèh tekan ésuké."

31Gusti Allah ngandika, "Dhawuh-dhawuh-Ku tetepana. Aku iki Allah.

32Aja gawé kucemé asma-Ku. Umat Israèl kabèh kudu ngakoni yèn Aku iki suci. Aku iki Allah, kang nucèkaké kowé kabèh.

33Aku kang ngirid kowé metu saka ing tanah Mesir, supaya Aku dadi Allahmu, Aku iki Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel