Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 27 >> 

1(27:1-2) Gusti Allah maringaké prenatan marang Musa kanggo bangsa Israèl mengkéné: "Wong sing disaosaké marang Allah srana kaul,

2(27:1)

3(27:3-7) kena diluwari nganggo mbayar dhuwit manut pengaji resmi, sing diprenata mengkéné: !!— Wong lanang, sing umuré 60 taun luwih: ajiné 15 dhuwit slaka.; !!— Wong wadon, sing umuré 60 taun luwih: ajiné 10 dhuwit slaka.; !!— Wong lanang, sing umuré 20 tekan 60 taun: ajiné 50 dhuwit slaka.; !!— Wong wadon diwasa: ajiné 30 dhuwit slaka.; !!— Bocah lanang, sing umuré 5 tekan 20 taun: ajiné 20 dhuwit slaka.; !!— Bocah wadon: ajiné 10 dhuwit slaka.; !!— Bocah lanang sangisoré 5 taun: ajiné 5 dhuwit slaka.; !!— Bocah wadon cilik: ajiné 3 dhuwit slaka.

4(27:3)

5(27:3)

6(27:3)

7(27:3)

8Yèn sing kaul mau wong ora duwé, dadi ora kuwat mbayar pengaji sing ditetepaké mau, kudu nggawa wong utawa bocah sing disaosaké marang Allah srana kaul mau marang imam. Imam kudu netepaké pengaji sing luwih cendhèk manut kekuwatané wong mau.

9(27:9-10) Yèn sing disaosaké marang Allah srana kaul mau kéwan sing kena dienggo kurban, ora kena diijoli nganggo kéwan liya, merga apa sing disaosaké marang Allah kuwi suci. Yèn meksa diijoli kéwan liyané, kéwan loro-loroné dadi kagungané Allah.

10(27:9)

11Yèn sing dikaulaké mau kéwan sing karam, dadi ora kena digawé kurban, wongé sing kaul mau kudu nggawa kéwané marang imam.

12Imam kudu netepaké regané kéwan mau. Rega sing wis ditetepaké mau ora kena dienyang.

13Yèn wongé kepéngin nebus nganggo dhuwit, dhèwèké kudu mbayar regané kéwan mau diluwihi sapralimané.

14Yèn ana wong nyaosaké omahé marang Allah srana kaul, imam kudu netepaké regané omah mau manut kaanané omahé. Rega sing ditetepaké mau ora kena dienyang.

15Yèn wongé arep ngijoli omah mau nganggo dhuwit, kudu mbayar regané diluwihi sapralimané.

16Yèn ana wong arep nyaosaké sapérangané lemahé marang Allah, regané kudu ditetepaké miturut akèhé wiji gandum sing dibutuhaké saupama lemah mau digarap. Saben rong puluh kilogram wiji gandum diregani sepuluh dhuwit slaka.

17Menawa lemah mau disaosaké pas salebaré Taun Yobèl, kudu dibayar mung manut apa regané waé.

18Yèn enggoné nyaosaké lemah mau wis sawetara taun salebaré Taun Yobèl, imam kudu ngétung pira pengajiné lemah mau saupama diedol pas salebaré Taun Yobèl, banjur ngétung isih pirang taun menèh tekané Taun Yobèl candhaké, nuli netepaké regané lemah mau sangisoré pengajiné.

19Yèn wongé arep nebus lemah sing disaosaké mau, kudu mbayar regané lemah diluwihi sapralimané.

20Yèn wong mau ngedol lemahé tanpa mbayar tebusané marang Allah, wewenangé nuku bali lemah mau ilang.

21Ing Taun Yobèl lemah mau selawas-lawasé dadi kagungané Allah lan diparingaké marang para imam.

22Yèn ana wong nyaosaké marang Allah lemah olèhé tuku,

23imam kudu neksir regané manut cacahé taun tekan Taun Yobèl candhaké. Wong mau ing dina kuwi uga kudu mbayar rega sing ditetepaké déning imam. Dhuwit kuwi dadi kagungané Allah.

24Ing Taun Yobèl, lemah mau dibalèkaké marang sing duwé sekawit, utawa marang anak-turuné.

25Sakèhing rega kudu ditetepaké manut pathokan sing kanggo ing Kémah Suci.

26Anak pembarepé kéwan, kuwi dadi kagungané Allah, mulané ora kena disaosaké dadi kurban manasuka. Pedhèt, cempéné wedhus gèmbèl utawa cempéné wedhus jawa kuwi kagungané Allah.

27Anak pembarepé kéwan sing karam kena ditebus nganggo rega resmi, diluwihi sapralimané. Yèn kéwan mau ditebus, kena diedol marang wong liya nganggo rega resmi.

28Wong ora kena ngedol utawa nuku menèh barang sing wis disaosaké marang Allah tanpa sarat, iya sing rupa manungsa, iya kéwan utawa palemahan. Ing selawas-lawasé dadi kagungané Allah.

29Malah manungsa pisan sing wis diruwat manut prenatané Allah ora kena ditebus; wong mau kudu dipatèni.

30Saprasepuluhé pametuné bumi kabèh, iya gandum iya woh-wohan kudu kasaosaké marang Allah.

31Yèn sing duwé arep nebus sapérangan, kudu mbayar apa mesthiné, diluwihi sapralimané.

32Saprasepuluhé raja-kaya kuwi kagungané Allah. Yèn kéwan-kéwan disaosaké, saben kéwan sing kasepuluh kudu disaosaké marang Allah.

33Sing duwé raja-kaya mau ora kena milihi sing becik-becik utawa sing ala-ala, utawa nglironi. Yèn dilironi, kéwan sing dilironi lan sing kanggo nglironi loro-loroné dadi kagungané Allah lan ora kena ditebus."

34Kaya mengkono prenatan sing didhawuhaké déning Allah ana ing Gunung Sinai, marang Musa, kanggo bangsa Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel