Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 9 >> 

1Sawisé upacara tetepan rampung, ésuké Musa ngundang Harun lan anak-anaké, sarta para pinituwané umat Israèl.

2Musa kandha karo Harun, "Njupuka pedhèt lanang nom siji lan wedhus gèmbèl lanang siji sing tanpa cacad, kanggo kurban obongan konjuk marang Allah. Sapiné lanang kanggo kurban pangruwating dosa, lan wedhusé gèmbèl kanggo kurban obongan.

3Umat Israèl konen nggawa wedhus lanang siji, kanggo kurban pangruwating dosa, pedhèt siji lan cempé siji, loro-loroné umur setaun lan tanpa cacad.

4Banjur sapi lanang siji lan wedhus lanang siji, kanggo kurban keslametan. Kéwan-kéwan mau kudu dienggo kurban konjuk marang Allah, bebarengan karo kurban dhaharan sing dicarub karo lenga. Kuwi kudu ditindakaké, merga ing dina iki Allah bakal ngrawuhi umaté."

5Kabèh sing didhawuhaké Musa mau padha digawa ing ngarep Kémah lan umat kabèh padha nglumpuk ing kono, padha sungkem sujud marang Allah.

6Musa banjur kandha, "Kowé didhawuhi nindakaké kuwi mau kabèh, supaya kowé bisa padha weruh kamulyané Allah sing ngéram-éramaké."

7Banjur clathu karo Harun, "Menyanga mesbèh, kurban pangruwating dosa lan kurban obongan iki saosna, supaya olèh pangapuraning dosamu lan dosané umat. Tindakna manut dhawuhé Allah."

8Harun nuli mangkat lan nyembelèh sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosané dhéwé.

9Sawisé mengkono getihé kéwan mau digawa anak-anaké marang Harun. Harun nyelupaké drijiné ing getih mau, dilèlètaké ing sungu-sungu ing pojoké mesbèh. Turahané disiramaké ing sikilé mesbèh mubeng.

10Gajih, ginjel lan pérangané ati sing apik dhéwé diobong ing mesbèh, kaya sing didhawuhaké déning Allah marang Musa.

11Nanging daging lan lulangé kéwan mau diobong ing sanjabané Kémah.

12Harun banjur njupuk kéwan sing arep dienggo kurban obongan kanggo awaké dhéwé, nuli disembelèh. Getihé digawa déning anak-anaké dipasrahaké marang Harun. Harun nyiramaké getih mau ing lambungé mesbèh mubeng.

13Endhas lan pérangan-pérangan liyané uga dipasrahaké marang Harun, banjur diobong ing mesbèh.

14Jeroan lan sampilé kéwan mau banjur diresiki, nuli diobong ing mesbèh, ditumpangaké ana ing turahané kurban obongan.

15Sawisé rampung, Harun banjur nyaosaké kurban kanggo umat Israèl. Wedhus sing arep dienggo kurban kanggo pangruwating dosa banjur dijupuk, disembelèh lan disaosaké, patrapé kaya enggoné nyaosaké kurban pangruwating dosa kanggo dhèwèké dhéwé.

16Uga kéwan sing arep kanggo kurban obongan dijupuk, banjur disaosaké manut prenatan.

17Uga disaosaké kurban dhaharan. Glepungé dijupuk segegem, banjur diobong ing mesbèh, kanggo tambahané kurban obongan pedinan.

18Harun banjur nyembelèh sapiné lanang sing kanggo kurban keslametan tumrap umat Israèl. Getihé kéwan mau diteraké déning anak-anaké; sawisé ditampani, getih mau banjur disiramaké ing lambungé mesbèh mubeng.

19Gajihé sapi lan wedhus mau ditumpangaké ing dhadhané kéwan loro sing disembelèh mau,

20banjur digawa menyang mesbèh. Gajihé banjur diobong ing mesbèh,

21nanging dagingé dhadha lan sampilé mburi dipasrahaké marang para imam, dadi pisungsung mirunggan marang Allah, kanggo para imam, kaya sing didhawuhaké marang Musa.

22Sawisé kurban mau kabèh diladèkaké, Harun banjur ngangkat tangané lan mberkahi umat Israèl, nuli mudhun.

23Musa lan Harun banjur mlebu ing Kémah Palenggahané Allah. Sametuné saka kono banjur mberkahi umat. Cahya kamulyané Allah ngetingal mblerengi para umat sing padha ana ing kono.

24Dumadakan Allah nekakaké geni saka ing langit lan ngobong kurban obongan lan sakèhé kang ana ing mesbèh. Weruh lelakon mengkono mau wong kabèh padha giyak-giyak lan banjur sungkem sujud marang Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel