Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 1 >> 

1Ing jaman kuna sing wiwitan mula Gusti Allah nitahaké jagad.

2Bumi kaanané isih ora karu-karuwan, tur sepi banget. Salumahé bumi ketutupan banyu, mangka kaanané peteng ndhedhet. Déné Rohé Allah makarya ana ing sandhuwuré banyu.

3Gusti Allah nuli ngandika, "Anaa padhang." Banjur ana padhang.

4Gusti Allah mirsani yèn padhang mau wis becik. Panjenengané nuli misah padhang karo peteng,

5sing padhang diarani "rina," sing peteng diarani "wengi". Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapisan.

6Gusti Allah nuli ngandika, "Anaa penthèngan kang misahaké banyu dadi loro, ing panggonané dhéwé-dhéwé." Banjur iya dadi mengkono.

7Kaya mengkono Gusti Allah wus yasa penthèngan kanggo misahaké banyu sing ana sangisoring penthèngan karo banyu sing ana sandhuwuré penthèngan mau.

8Penthèngan kuwi diarani "langit". Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapindho.

9Gusti Allah banjur ngandika, "Banyu kang ana ing sangisoring langit padha nglumpuka dadi siji, supaya katona dharatané." Banjur iya dadi mengkono.

10Dharatan mau diarani "bumi," lan klumpukané banyu diarani "segara". Gusti Allah mirsani yèn kaanané wis becik.

11Panjenengané nuli ngandika, "Bumi metokna tetuwuhan rupa-rupa, yakuwi thethukulan kang nuwuhaké wiji, lan wit-witan kang metokaké woh-wohan." Banjur iya dadi mengkono.

12Bumi metokaké tetuwuhan werna-werna, iya thethukulan sing nuwuhaké wiji, semono uga wit-witan sing metokaké woh-wohan. Gusti Allah mirsani yèn kuwi mau kabèh wis becik.

13Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang katelu.

14Gusti Allah banjur ngandika, "Ing langit anaa pepadhangé sing misahaké rina lan wengi, sarta kanggo tengeran wiwitané dina, taun lan mangsa riaya manut prenataning agama.

15Karo menèh padha dadia pepadhang ing langit lan madhangana bumi." Banjur iya dadi mengkono.

16Gusti Allah yasa pepadhang loro sing gedhé, yakuwi srengéngé ngerèh wayah rina, lan rembulan ing wayah bengi, mengkono uga yasa lintang-lintang.

17Pepadhang-pepadhang mau diprenahaké déning Gusti Allah ana ing langit kanggo madhangi bumi,

18ngerèh wayah rina lan wayah bengi, apa déné misahaké padhang karo peteng. Gusti Allah mirsani yèn kabèh mau wis becik.

19Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapat.

20Gusti Allah nuli ngandika, "Ing banyu anaa kéwan banyu werna-werna, lan ing awang-awang anaa manuké."

21Gusti Allah nitahaké kéwan kang gedhé-gedhé banget, lan werna-werna sing padha urip ing banyu, semono uga sakèhé manuk. Gusti Allah mirsani yèn kuwi kabèh wis becik.

22Nuli padha diberkahi; pangandikané marang kéwan-kéwan sing ana ing banyu, "Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, ngebakana banyuning segara. Lan manuk-manuk padha tangkar-tumangkara ana ing bumi."

23Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kalima.

24Gusti Allah banjur ngandika, "Ing bumi anaa kéwan werna-werna, kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, kang gedhé lan kang cilik." Banjur iya dadi mengkono.

25Gusti Allah yasa sato kéwan kuwi mau kabèh, sarta dipirsani wis becik.

26Gusti Allah nuli ngandika, "Ayo Kita padha yasa manungsa, nulad gambar lan pasemon Kita. Manungsa iku ngwasanana iwak-iwak, manuk-manuk, lan sakèhé kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, sing gedhé tekan sing cilik dhéwé pisan."

27Gusti Allah nuli yasa manungsa nulad gambar lan pasemoné Piyambak. Enggoné nitahaké manungsa mau lanang lan wadon.

28Nuli padha diberkahi, pangandikané, "Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; turunmu padha ngebakana lan ngwasanana bumi. Mengkono uga padha ngwasanana sakèhing iwak, manuk-manuk lan kéwan-kéwan alasan."

29Sarta pangandikané menèh, "Kowé padha Dakparingi sarupané thethukulan kang metokaké wiji, apa déné sarupané woh-wohan minangka panganmu;

30nanging sakèhing sato-kéwan alasan lan sakèhing manuk sarta sarupaning kéwan-kéwan liyané Dakparingi suket lan godhongé tetuwuhan minangka pangané." Banjur iya dadi mengkono.

31Gusti Allah nuli mirsani samubarang yasané, lan kabèh mau wis becik banget. Mengkono wis dadi soré lan wis dadi ésuk; yakuwi dina kang kanem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel