Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 18 >> 

1Kecrita Gusti Allah ngetingal menèh marang Abraham, ing sacedhaké wit-witan papané pangibadah, ing Mamré. Nalika semono wayah awan pinuju panas-panasé. Abraham lagi linggihan ing ngarepan,

2dumadakan ana priyayi telu teka.

3Énggal-énggal Abraham menyat, methukaké, banjur sumungkem, sarta matur, "Menawi dhangan ing penggalih, mangga sami kula aturi pinarak ing pondhok kula, mangké badhé kula segah sawontenipun.

4Mangké kula pendhetaken toya kagem wijik, lajeng kersaa lenggahan, ngaso ing éyuban.

5Mangké lajeng badhé kula aturi dhahar sawontenipun, kanggé wewahing kekiyatan." Wangsulané para kang rawuh, "Iya, daktrima, aku dakmampir."

6Abraham nuli énggal-énggal mlebu ing kémah ngandhani Sarah, tembungé, "Gelis, gawéa roti, njupuka glepung telung taker."

7Banjur énggal-énggal menyang panggonané sapi, milih pedhèt sing lemu, dipasrahaké marang batur, dikon énggal-énggal nyembelèh lan ngolah dagingé.

8Sawisé mengkono banjur ngladèkaké susu kenthel, pohan lan daging pedhèt sing diolah mau, kabèh kasaosaké para tamu. Déné Abraham dhéwé nunggoni karo ngadeg ing sacedhaké para tamu kang padha dhahar.

9Para tamu padha ndangu, "Bojomu Sarah ana ing ngendi?" Unjuké Abraham, "Wonten ing nglebet."

10Ana tamuné siji sing nuli ngandika, "Sangang sasi engkas aku bakal mréné menèh. Sarah, bojomu bakal wis duwé anak lanang." Mangka Sarah ngrungokaké saka ing mburi lawang, ing pengkerané tamu sing padha lenggahan.

11Abraham lan Sarah kuwi dhèk semana wis padha tuwa, lan Sarah wis ora garap sari.

12Mulané Sarah ing batin ngguyu, karo ngunandika, "Apa tenan aku isih bisa duwé anak? Wong aku wis nini-nini mengkéné, mangka bojoku ya wis tuwa."

13Gusti Allah banjur ngandika karo Abraham, "Yagéné Sarah kokngguyu, lan muni ing batin, ‘Apa ya temenan aku bakal duwé anak?’

14Ing ngatasé Allah ora ana barang sing mokal. Suk taun ngarep, pendhaké mangsa iki, Aku bakal mréné menèh lan Sarah mesthi wis duwé anak lanang."

15Merga saka wediné Sarah sélak, "Kula mboten gumujeng." Senajan mengkono Gusti Allah ngandika, "Ora, kowé wis ngguyu."

16Sawisé mengkono para tamu telu mau tindak bebarengan ngener ing kutha Sodom. Abraham nguntapaké tamuné.

17Gusti Allah ngunandika, "Apa Aku ora arep blaka karo Abraham bab apa kang arep Daktindakaké?

18Mangka turuné Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhé lan kwasa, lan sakèhé para bangsa ing bumi rak bakal kaberkahan merga saka dhèwèké?

19Apa Abraham ora wis Dakpilih supaya mulang marang anak-turuné netepi pitedahé Allah, sarta urip nglakoni kautaman lan kabeneran? Yèn padha nurut, Aku bakal netepi apa kang wis Dakjanjèkaké marang Abraham."

20Gusti Allah banjur ngandika marang Abraham, "Aku krungu pesambat tumrap kutha Sodom lan Gomora, merga dosané gedhé banget.

21Mula Aku arep mrana nyatakaké apa pesambat mau bener mengkono."

22Tamuné mau sing loro budhal menyang Sodom, nanging Abraham isih kèri, ngadeg ana ing ngarsané Gusti Allah.

23Abraham marek lan munjuk, "Menapa Panjenengan inggih badhé numpes tiyang mursid sareng kaliyan tiyang duraka?

24Saupami ing salebeting negari ngriku wonten tiyang sèket ingkang mursid, menapa tiyang-tiyang menika inggih badhé Panjenengan tumpes? Menapa Panjenengan mboten milujengaken negari menika krana tiyang mursid sèket ingkang manggèn wonten ing ngriku?

25Panjenengan mesthi mboten badhé mejahi tiyang mursid sareng kaliyan tiyang duraka, awit menawi mekaten rak mboten mbédakaken tiyang mursid kaliyan duraka. Menapa inggih Hakim ingkang ngadili tiyang sajagad mboten badhé nindakaken kaadilan?"

26Pangandikané Gusti Allah, "Yèn ing negara Sodom ana wong mursid sèket waé, mesthi Dakéman krana saka wong-wong mau."

27Unjuké Abraham menèh, "Dhuh Pangéran, kula menika namung lebu lan awu kémawon, mila mboten pantes munjuk ing ngarsa Panjenengan.

28Tiyang mursid sèket wau mbokmenawi wonten kirangipun gangsal. Menapa krana saking kirang tiyang gangsal wau Panjenengan badhé numpes tiyang sanegari sedaya?" Pangandikané Gusti Allah, "Menawa ing kono ana wong patang puluh lima waé kang mursid, negara iku mesthi ora Daktumpes."

29Abraham nuli munjuk menèh, "Mbokmenawi ing ngriku namung wonten tiyang kawan dasa ingkang mursid?" Paring wangsulané Gusti Allah, "Mesthi bakal Dakwurungaké, merga saka wong patang puluh mau."

30Aturé Abraham, "Dhuh Allah, sampun ngantos duka. Mbokmenawi wontenipun namung tigang dasa." Pangandikané Gusti Allah, "Mesthi Dakwurungaké yèn ana wong telung puluh waé sing mursid."

31Unjuké Abraham sepisan menèh, "Nyuwun ngapunten, déné kula sampun kumawantun ing ngarsanipun Pangéran. Kadospundi saupami ing ngriku namung kepanggih tiyang kalihdasa ingkang mursid?" Pangandikané Allah, "Mesthi ora bakal Daktumpes."

32Abraham isih ngenyang menèh, "Sampun duka, dhuh Pangéran, awit saking atur kula ingkang pungkasan menika, mbokmenawi ing ngriku namung kepanggih tiyang sedasa ingkang mursid." Pangandikané Gusti Allah, "Mesthi ora bakal Daktumpes merga saka wong sepuluh sing mursid."

33Sawisé rampung ngandika karo Abraham, Gusti Allah banjur tindak, lan Abraham nuli mulih.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel