Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 27 >> 

1Kecrita nalika wis tuwa, Iskak ing sawijining dina ngundang Ésau, anaké mbarep, dikandhani, "Nggèr anakku." Wangsulané Ésau, "Kula, pak."

2Iskak banjur kandha mengkéné, "Kowé ngerti yèn aku wis tuwa lan mbokmenawa ora suwé menèh bakal mati.

3Mulané gendhéwa lan panahmu jupuken, lan lungaa mbebedhag kéwan ing alas.

4Olahen sing énak kaya sing dadi karemanku, mbanjur ladèkna mréné. Sawisé dakpangan kowé bakal dakberkahi; kuwi berkahku pungkasan kanggo kowé sadurungé aku mati."

5Ribkah krungu apa sing dikandhakaké Iskak marang Ésau. Mulané bareng Ésau wis mangkat mbebedhag.

6Ribkah banjur kandha karo Yakub, "Aku mau krungu bapakmu kandha karo kakangmu Ésau mengkéné,

7‘Lungaa mbebedhag, aku olèhna kéwan alas, kuwi olahen lan ladèkna mréné. Sawisé rampung enggonku mangan, aku bakal mberkahi kowé ana ing ngarsané Pangéran, sadurungé aku mati.’"

8Ribkah nerusaké enggoné ngandhani Yakub, anaké, "Mulané, nggèr, kandhaku iki rungokna lan lakonana.

9Lungaa menyang panthaning wedhus, miliha cempé wedhus jawa loro sing lemu, mengko dakolahé kaya sing dadi karemané bapakmu.

10Banjur aturna supaya didhahar, lan sawisé mengkono kowé bakal diberkahi sadurungé bapakmu tilar-donya."

11Nanging Yakub mangsuli, "Bu, kakang badanipun rak kebak rambut, mangka kulit kula klimis.

12Mangké yèn bapak nggrayangi badan kula lan pirsa yèn kula apusi, kula rak badhé mboten dipun berkahi, malah badhé dipun ipat-ipati."

13Pangucapé ibuné, "Nggèr, aja kuwatir. Karebèn aku sing nyangga ipat-ipaté. Kowé nglakonana apa sing dakkandhakaké mau. Lungaa, njupuka cempé-cempéné."

14Yakub banjur lunga njupuk cempé loro mau lan diaturaké marang ibuné. Ribkah banjur ngolah masakan senengané Iskak,

15nuli njupuk sandhangané Ésau sing apik dhéwé, sing disimpen ing omahé, dienggokaké Yakub.

16Lengen lan guluné Yakub sing klimis kuwi ditutupi nganggo kulit cempé.

17Daging sing wis diolah mau lan roti panggangan banjur dikon ngladèkaké.

18Sawisé mengkono Yakub banjur mlebu ing kamaré bapakné lan matur, "Bapak!" Wangsulané Iskak, "Kowé kuwi sapa? Ésau apa Yakub?"

19Yakub mangsuli, "Kula Ésau, putranipun bapak ingkang mbajeng. Dhawuhipun bapak wau sampun kula lampahi. Mangga kula aturi lenggah lan dhahar daging ingkang sampun kula masak menika. Sesampunipun lajeng kula aturi mberkahi kula."

20Iskak banjur clathu, "Kokgelis temen enggonmu olèh bedhagan, nggèr?" Wangsulané Yakub, "Menika mboten sanès margi saking berkahipun Pangéran, Allah sesembahanipun bapak."

21Iskak banjur akon Yakub nyedhak, "Nyedhaka mréné, nggèr. Awakmu dakgrayangané, apa nyata kowé kuwi anakku Ésau apa dudu."

22Yakub banjur nyedhak, nuli digrayangi bapakné. Pangucapé Iskak, "Swaramu kokkaya swarané Yakub, nanging tanganmu kaya tangané Ésau."

23Enggoné pangling karo Yakub kuwi merga tangané Yakub mau uga dhiwut-dhiwut kaya tangané Ésau.

24Sadurungé mberkahi, Iskak takon menèh karo Yakub, "Apa kowé kuwi anakku Ésau temenan?" Wangsulané Yakub, "Inggih, leres!"

25Iskak banjur kandha, "Aku jupukna dagingé sairis. Sawisé dakpangan, kowé nuli bakal dakberkahi." Yakub banjur ngladèkaké dagingé, sawisé kuwi diaturi ngunjuk anggur sethithik.

26Iskak akon Yakub nyedhak, pangucapé, "Nyedhaka mréné, nggèr. Aku ambungen."

27Bareng Yakub nyedhak lan ngambung bapakné, Iskak ngambu gandané sandhangané Ésau. Yakub banjur diberkahi, pangucapé, "Gandané anakku kuwi kaya gandané lemah subur sing binerkahan ing Gusti Allah.

28Muga Allah maringana marang kowé ebuning langit, lan bumi sing eloh. Muga Panjenengané maringi kowé gandum lan anggur klawan lubèr!

29Para bangsa padha ngawulaa marang kowé lan nungkula ana ing ngarepmu. Kowé mengkua sakèhé sanak-sedulurmu lan anak-anaké biyungmu padha ngurmatana marang kowé. Wong sing nyupatani kowé kenaa ing supata, lan wong sing mberkahi kowé diberkahana déning Allah."

30Bareng Iskak wis rampung enggoné mberkahi, Yakub banjur mundur. Ora let suwé Ésau teka saka enggoné mbebedhag.

31Kéwan bedhagané banjur diolah lan diladèkaké marang bapakné. Aturé, "Mangga lenggah pak, lan dhahar masakan daging angsal-angsalan kula mbebedhag, tumunten kersaa mberkahi kula!"

32Iskak nuli takon, "Lho, kowé kuwi sapa?" Wangsulané Ésau, "Kula Ésau, putra mbajeng panjenengan."

33Awaké Iskak sekojur gemeter, banjur takon, "Yèn ngono, sing nggawa masakan kéwan bedhagan mréné mau sapa? Masakané wis dakpangan sadurungé kowé teka. Banjur uga wis dakberkahi, berkahku pungkasan, lan berkah kuwi bakal tetep selawas-lawasé."

34Bareng krungu tembungé bapakné mengkono mau Ésau banjur nangis kelara-lara merga kecuwan. Aturé marang bapakné, "Dhuh bapak, mugi inggih kersa maringi berkah dhateng kula."

35Wangsulané Iskak, "Adhimu wis mréné ngapusi aku lan ngrebut berkah sing jané arep dakwènèhaké kowé."

36Pangucapé Ésau, "Mula bener jenengé Yakub. Wis ping pindho iki dhèwèké ngapusi aku. Biyèn wis ngakali wewenangku dadi pembarep, saiki berkah sing mesthiné kanggo aku direbut." Aturé Ésau marang bapakné, "Menapa bapak mboten kagungan berkah sanèsipun kanggé kula?"

37Wangsulané Iskak, "Yakub wis dakdadèkaké bendaramu, lan sanak-seduluré kabèh bakal ngawula marang dhèwèké. Gandum lan anggur iya wis dakwènèhaké. Kowé wis ora komanan apa-apa, nggèr!"

38Ésau adreng penjaluké marang bapakné, "Menapa bapak namung kagungan berkah menika thok? Dhuh bapak, èstu kula ugi nyuwun panjenengan berkahi." Ésau enggoné njaluk mau karo nangis keranta-ranta.

39Iskak banjur mangsuli, "Papan sing bakal kokenggoni kuwi cengkar, ora ana lemahé eloh lan ebun sing tumurun.

40Srananing panganmu kuwi pedhang, nanging kowé bakal ngawula marang adhimu. Bisané luwar saka pamengkuné, yèn brontak nglawan dhèwèké."

41Ésau gething banget karo Yakub, merga Yakub wis ngrebut berkah sing saka bapakné. Pangucapé Ésau ing batin, "Titènana, ora suwé menèh bapak bakal tilar-donya. Sawisé pelayadané rampung, Yakub bakal dakpatèni."

42Bareng Ribkah ngerti rancangané Ésau sing mengkono mau, Yakub banjur diundang lan dikandhani, "Rungokna, kakangmu Ésau niyat arep males kowé; kowé arep dipatèni.

43Énggal lungaa menyang panggonané kakangku Laban ing Haran,

44lan mondhoka ana ing kono sawetara mangsa, nganti kakangmu lilih atiné.

45Yèn wis, mengko aku bakal kongkonan wong mrana marani kowé. Apa aku dikon kélangan anak loro tunggal sedina!"

46Ribkah banjur matur marang Iskak, "Kula mboten betah ngraosaken sémah-sémahipun Ésau, tiyang-tiyang bangsa Kenaan menika. Menawi Yakub inggih angsal laré èstri Hèt kados menika, kula aluwung pejah kémawon."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel