Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 32 >> 

1Yakub banjur nerusaké lakuné. Dumadakan weruh ana Malaékaté Pangéran sawetara padha methukaké.

2Yakub banjur clathu, "Iki Pedalemané Allah." Mulané panggonan mau dijenengi: Mahanaim.

3Sawisé kuwi Yakub banjur kongkonan wong sawetara ndhisiki lakuné menyang tanah Édom, nemoni Ésau, kakangné.

4Kongkonan mau padha diweling mengkéné, "Matura karo bendaraku Ésau, ‘Kang abdi Yakub matur mekaten: Kula ngaturi pirsa, bilih sadangunipun menika kula ngèngèr Laban.

5Samangké kula gadhah lembu, kuldi, ménda gèmbèl lan ménda jawi, tuwin réncang sawetawis. Enggèn kula ngaturi pirsa menika mboten sanès supados pisowan kula menika ndadosaken rena panjenengan.’"

6Nalika bali, kongkonan mau padha matur, "Kula sampun kepanggih kaliyan kang raka Ésau, samenika sampun bidhal methukaken panjenengan, kadhèrèkaken tiyang kawan atus."

7Krungu aturé para kongkonan mau Yakub wedi banget. Para baturé, mengkono uga wedhusé gèmbèl lan wedhus jawa, sapi lan untané dipérang dadi rong pantha.

8Pangunandikané, "Saupama Ésau nempuh sing sapantha, digawé ludhes, saora-orané sing liyané bisa oncat."

9Yakub ndedonga, "Dhuh Allah, ingkang dipun sembah leluhur kula Abraham lan Iskak; mugi kersa miyarsakaken atur kula! Panjenengan piyambak ingkang paring dhawuh, supados kula wangsul dhateng negari kula lan sanak-sedhèrèk kula. Panjenengan sampun prejanji badhé ngirid lampah kula wangsul kanthi wilujeng.

10Kula mboten pantes nampi sih lan kasetyan ingkang tumanduk dhateng kula. Nalika kula mangkat, nyabrang Lèpèn Yardèn, kula mboten mbekta menapa-menapa, kejawi teken. Mangka samangké kula wangsul mbekta pepanthan kalih menika.

11Adreng panyuwun kula, mugi kaluwarana saking tanganipun kakang kula Ésau. Kula ajrih mbokbilih mangké nempuh lan nggecak kula sedaya, para tiyang èstri lan laré-laré.

12Mugi Panjenengan ngèngeti janji Panjenengan, bilih Panjenengan badhé ngirid lampah kula wangsul dhateng panggènanipun bapak kula kanthi wilujeng. Sarta Panjenengan badhé maringi anak-turun kathah, ngantos mboten saged kaétang, mergi kathahipun kados wedhi ing gisiking seganten."

13Yakub nginep ana ing kono. Nuli nisihaké raja-kayané sapérangan, kagawé atur-atur marang Ésau, kakangné.

14Atur-atur mau rupa wedhus wadon rong atus, wedhus lanang rong puluh, wedhus gèmbèl wadon rong atus, wedhus gèmbèl lanang rong puluh,

15unta sing isih nusoni telung puluh, saanaké pisan, sapi wadon patang puluh, sapi lanang rolas, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh.

16Kéwan-kéwan mau dipantha-pantha lan saben panthané dipasrahaké marang batur siji; karo diweling mengkéné, "Mlakua ndhisiki lakuku. Antarané pepanthan siji lan sijiné kudu ana leté."

17Batur sing ana ing ngarep dhéwé diweling mengkéné, "Mengko yèn kepethuk kakangku Ésau lan ditakoni, ‘Bendaramu sapa? Kéwan-kéwan iki duwèké sapa?’,

18wangsulana, ‘Gadhahanipun kang abdi Yakub. Menika atur-atur kanggé Ésau, bendaranipun. Kang abdi Yakub piyambak ngetutaken wonten wingking.’"

19Batur sing kapindho, katelu lan kabèh sing kapasrahan pepanthan mau diweling padha: Yèn kepethuk Ésau dikon matur,

20"Kang abdi Yakub piyambak mlampah ngetutaken wonten wingking." Pikirané Yakub, "Muga-muga srana atur-atur iki Ésau lilih atiné, lan yèn mengko ketemu karo aku, wis bisa ngapura kaluputanku."

21Mengkono atur-atur mau mlaku ndisik, lan Yakub dhéwé bengi kuwi kèri, nginep ana ing kémah.

22Ing bengi kuwi uga Yakub tangi lan nyabrangaké bojoné loro sarta seliré loro tuwin anaké sewelas, ing Kali Yabok.

23Nuli iya nyabrangaké sabarang darbèké kabèh.

24Nanging Yakub dhéwé kèri ijèn ana ing kémah. Dumadakan ana wong lanang teka nggelut Yakub nganti ngarepaké byar.

25Bareng ora bisa ngalahaké Yakub, wong mau banjur muntir cethiké Yakub nganti kesléo.

26Clathuné wong mau, "Aku culna, iki wis arep byar." Wangsulané Yakub, "Panjenengan mboten badhé kula culaken, menawi dèrèng mberkahi kula."

27"Jenengmu sapa?," pitakoné wong mau. Wangsulané, "Yakub."

28Clathuné wong mau, "Jenengmu aja disebut Yakub menèh, nanging Israèl; merga kowé wis gelut karo Allah lan karo manungsa, mangka menang."

29Yakub genti takon, "Asma panjenengan sinten?" Nanging diwangsuli, "Kowé ora prelu takon jenengku!" Yakub banjur diberkahi.

30Pangunandikané Yakub, "Aku wis ketemu karo Allah adu-arep, éwasemono isih lestari urip." Mulané panggonan mau dijenengi Pnièl.

31Bareng srengéngéné mlethèk Yakub banjur mangkat. Lakuné pincang, merga cethiké kesléo.

32Tekan sepréné wong Israèl, anak-turuné Yakub, padha ora mangan daging sing ana ing cethik, merga cethiké Yakub kesléo nalika gelutan karo Allah mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel