Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 4 >> 

1Adam urip bebarengan karo Kawa, somahé, temah Kawa ngandheg, lan mbabar anak lanang. Pangucapé Kawa, "Merga saka pitulungané Gusti Allah aku duwé anak lanang." Mulané anaké mau dijenengaké Kain.

2Sawisé kuwi Kawa mbabar anak lanang menèh, dijenengaké Abil. Abil dadi pangon wedhus, lan Kain dadi wong tani.

3Sawisé wetara mangsa Kain mau nyaosaké kurban marang Gusti Allah saka pametuné lemahé.

4Déné Abil uga njupuk cempé tembéan, disembelèh lan dagingé sing apik dhéwé kacaosaké minangka kurban marang Gusti Allah. Gusti Allah rena marang pisungsungé Abil,

5nanging pisungsungé Kain ditampik, mula Kain nepsu banget, lan ulaté mbesengut.

6Gusti Allah nuli ngandika marang Kain, "Yagéné kowé nepsu? Apa sebabé ulatmu mbesengut?

7Menawa tumindakmu becik, mesthi ulatmu padhang. Nanging sarèhné tumindakmu ala, dosa wis cumepak ana ing ngareping lawangé atimu, arep ngwasani kowé; nanging kuwi kudu koktelukaké."

8Kain banjur kandha karo Abil, adhiné, "Ayo padha menyang tegalan." Bareng wis tekan tegalan Abil nuli digebug sarta dipatèni.

9Gusti Allah nuli ndangu marang Kain, "Abil adhimu ana ing endi?" Aturé Kain, "Kawula mboten sumerep. Menapa kawula menika pamomongipun adhi kawula?"

10Pangandikané Gusti Allah, "Yagéné kowé koknglakoni pretingkah kang mengkono? Getihé adhimu sesambat marang Aku saka ing bumi, nyuwun piwales.

11Mulané kowé kena ing ipat-ipat lan katundhung saka ing bumi kéné, merga lemah iki wis mangap nadhahi getihé adhimu nalika kokpatèni.

12Menawa kowé nggarap lemah, ora bakal ana pametuné. Kowé bakal ora duwé panggonan sing tetep lan bakal nglembara ana ing bumi."

13Unjuké Kain marang Gusti Allah, "Paukuman menika awrat sanget, ngantos kawula mboten kiyat nyanggi.

14Panjenengan sampun nundhung kawula saking bumi ngriki, tebih saking pengayoman Panjenengan. Kawula badhé dados tiyang nglembara ingkang mboten gadhah panggènan ingkang tetep wonten ing bumi, lan sintena kémawon ingkang mrangguli kawula temtu badhé mejahi kawula."

15Nanging Gusti Allah ngandika, "Ora pisan-pisan. Menawa ana kang matèni kowé, bakal kawales tikel ping pitu." Kain nuli diparingi ciri déning Gusti Allah, supaya aja nganti dipatèni déning sapa waé sing mrangguli.

16Kain banjur mundur saka ngarsané Gusti Allah lan manggon ing tanah Nod, ing sawétané tanah Èden.

17Kain lan bojoné duwé anak lanang, dijenengaké Hénokh. Kain nuli ngedegaké kutha dijenengaké kaya jenengé anaké mau, yakuwi Hénokh.

18Hénokh nurunaké Irad. Irad nurunaké Mekhuyaèl; Mekhuyaèl nurunaké Metusaèl, Metusaèl nurunaké Lamèkh.

19Lamèkh duwé bojo loro: Ada lan Zila.

20Ada duwé anak Yabal, lan Yabal kuwi dadi leluhuré bangsa sing ngingu raja-kaya lan manggon ing kémah.

21Adhiné Yabal jenengé Yubal, dadi leluhuré para wong sing seneng nylempung lan nyuling.

22Zila nglairaké Tubal-Kain, dadi leluhuré para sayang lan pandhé. Tubal-Kain duwé adhi wadon, jenengé Naamah.

23Lamèkh kandha karo bojo-bojoné mengkéné, "Ada lan Zila, padha rungokna kandhaku! Yèn ana wong natoni aku, wong kuwi mesthi dakpatèni, semono uga yèn ana nonoman sing gawé bilurku.

24Yèn wong matèni Kain diwales ping pitu, nanging yèn matèni aku, bakal diwales ping pitung puluh pitu."

25Adam lan Kawa diparingi anak menèh. Pangucapé Kawa, "Gusti Allah wis maringi aku anak lanang ijolé Abil, sing dipatèni Kain." Mulané anak mau dijenengaké Sèt.

26Sèt duwé anak lanang, dijenengaké Énos. Nalika semono wong wiwit padha manembah klawan nyebut Asmané Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel