Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 12 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun ing tanah Mesir. Pangandikané,

2"Sasi iki bakal dadi sasi wiwitaning taunmu.

3Bab iki préntahna marang umat Israèl kabèh, yakuwi: Ing tanggal sepuluh sasi iki saben wong lanang kudu nyepakaké wedhusé gèmbèl siji utawa cempé wedhus bérok siji kanggo brayaté.

4Yèn brayat kuwi cacahé wongé kesethithiken kanggo ngentèkaké wedhus gèmbèl siji utawa cempéné wedhus bérok, brayat mau nglumpuka karo tanggané sing cedhak sarta mangana wedhusé bebarengan, nganti bisa ngentèkaké daging sing kena dipangan.

5Kowé kabèh padha kena milih antarané wedhus gèmbèl apa wedhus bérok, anggeré lanang, umuré setaun sarta tanpa cacad.

6Sebanjuré ing tanggal patbelas, benginé, umat Israèl kabèh kudu nyembelèh kéwan-kéwan mau.

7Getihé kéwan kuwi kudu dijupuk sethithik, diosèraké ing pipining lawang kiwa-tengen sarta ing ndhuwuré omah sing dienggo mangan cempé mau.

8Ing benginé dagingé kéwan mau kudu dipanggang lan dipangan karo jangan pait sarta roti tanpa ragi.

9Kéwan mau kabèh kudu dipanggang, saendhasé, sikilé sarta jeroané. Daging sing wis dipanggang mau panganen, aja ana sing dipangan mentahan utawa digodhog.

10Dagingé sethithik waé ora kena diengèh nganti ésuk. Yèn ana turahané kudu diobong nganti entèk.

11Enggonmu mangan kudu karo rerikatan, lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken. Yaiki sing jenengé Riaya Paskah kanggo ngurmati Aku, Allahmu.

12Ing bengi kuwi Aku bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan matèni saben anak lanang mbarep, iya anaking manungsa, iya anaking kéwan. Aku bakal ngukum sarupaning déwa-déwa ing tanah Mesir, Aku iki Allah.

13Getih ing pipi lawanging omahmu kuwi kanggo tandha yèn kuwi omah-omah panggonanmu. Yèn Aku mirsa getih mau, omah iku bakal Daklangkungi, temah kowé ora Daktumpes ing sajroné Aku ngukum tanah Mesir.

14Ing dina kuwi kowé kabèh kudu gawé riaya kagem Allah, minangka pengéling-élingmu marang apa sing wis Daktindakaké. Dina kuwi dadia dina riaya ing selawas-lawasé."

15Gusti Allah ngandika, "Sajroné pitung dina kowé kabèh ora kena mangan roti nganggo ragi. Ing dina kapisan aja ana ragi ing omahmu, sebab yèn sajroné pitung dina mau ana wong sing mangan roti nganggo ragi, wong mau ora kena dadi umat-Ku menèh.

16Ing dina kapisan sarta dina kapitu kowé kabèh kudu ngumpul ngibadah. Ing dina kuwi ora kena ana sing nyambut-gawé, kejaba nyedhiakaké pangan.

17Dina gedhé iki kudu kokpèngeti, merga iya ing dina iki Aku ngentasaké bangsamu metu saka ing tanah Mesir. Mulané sebanjuré turun-temurun dina iki tetep pèngetana, dadèkna dina gedhé.

18Ing sasi kapisan, wiwit tanggal patbelas soré nganti tanggal selikur soré, kowé kabèh ora kena mangan roti sing ana raginé.

19(12:19-20) Sajroné pitung dina mau aja nyimpen ragi ing omahmu. Yèn ana wong Israèl utawa wong manca sing mangan roti nganggo ragi, wong kuwi kudu dianggep dudu umat-Ku."

20(12:19)

21Musa ngumpulaké sakèhing tuwa-tuwané Israèl, banjur dhawuh marang wong-wong mau, "Lungaa, golèka cempé wedhus gèmbèl utawa cempéning wedhus bérok lan sembelèhen, supaya brayatmu mèngeti Riaya Paskah.

22Njupuka suket isop satekem, banjur celupna ing bokor sing isi getihing kéwan mau sarta osèr-osèrna ing pipining lawang lan ing ndhuwuré. Sapa waé ora kena metu saka omah nganti ésuk.

23Samasa Gusti Allah tindak ndlajahi negara iki ndawahaké wewelak marang wong Mesir, Panjenengané bakal mirsa getih ing ndhuwur sarta ing pipining lawang, temah bakal ora nglilani Malaékat sing nekakaké wewelak mlebu ing omahmu.

24Mulané kowé lan anak-putumu kudu padha nindakaké prenatan iki ing selawas-lawasé.

25Yèn kowé kabèh wis padha mlebu ing negara sing diparingaké Allah kaya sing dijanjèkaké, padha netepana upacara kuwi.

26Déné yèn anak-anakmu padha takon, apa karepé upacara mau,

27kowé kudu mangsuli, ‘Yaiki kurban Riaya Paskah kanggo ngurmati Gusti Allah, sebab omahé wong-wong Israèl dilangkungi, nalika Allah mejahi anak-anaké mbarep wong Mesir, mangka kita diayomi!’" Wong Israèl banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.

28Sawisé mengkono nuli padha lunga nindakaké apa sing didhawuhaké déning Allah marang Musa lan Harun.

29Ing tengah wengi Allah mejahi saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembarepé Sang Pringon nganti pembarepé wong tahanan ing pakunjaran; malah tekan kéwan sing lair kawitan iya dipatèni.

30Ing wengi kuwi, Sang Pringon, para penggedhé sarta wong Mesir kabèh padha tangi. Ing satanah Mesir kabèh keprungu tangis lan panjerit sing nrenyuhaké, merga ora ana omah siji waé sing ora kepatèn anaké lanang mbarep.

31Ing bengi kuwi uga Sang Pringon nimbali Musa lan Harun sarta dhawuh, "Lungaa saka kéné, kowé sarta bangsamu! Metua saka negaraku! Lungaa saos kurban marang Allahmu kaya sing kokkarepaké.

32Wedhus gèmbèl, wedhus jawa sarta sapimu kabèh gawanen! Lungaa, aku padha suwunna berkah!"

33Kaya mengkono wong-wong Mesir padha neseg kanthi adreng marang bangsa Israèl, supaya padha énggal lunga saka ing tanah Mesir; pangucapé, "Yèn kowé ora énggal-énggal lunga, aku kabèh mesthi padha mati."

34Wong-wong Israèl banjur padha njupuk roti sing isih wujud jladrèn tanpa ragi, kabuntel ing sléndhang, nuli disampiraké ing pundhaké.

35Wong-wong mau wis nindakaké apa sing didhawuhaké déning Musa. Mengkono uga iya wis padha njaluk barang-barang mas-masan lan slaka sarta sandhangan marang wong Mesir.

36Allah ndadèkaké wong Mesir padha ngajèni marang wong Israèl, sarta mènèhi apa waé sing dijaluk. Dadiné wong Mesir presasat dijarah-rayah déning wong Israèl.

37Wong Israèl banjur padha budhal saka kutha Raamsès menyang kutha Sukot, cacahé wong lanang wetara 600.000 (nem kethi); ora kepétung wong wadon lan bocah-bocah.

38Akèh wong-wong bangsa liya werna-werna padha mèlu, mengkono uga akèh banget wedhus gèmbèl, wedhus jawa sarta sapi kang iya padha digawa.

39Wong-wong mau padha mbakar roti tanpa ragi, yakuwi jladrèn gawan saka Mesir, sebab padha dikon lunga dadakan, nganti ora kober nyawisaké sangu.

40Wong Israèl enggoné manggon ing tanah Mesir lawasé wis 430 taun.

41Ing dina pungkasan taun sing ping 430 mau, umaté Allah padha tirakatan kagem Pangéran Allahé, merga padha dientasaké saka ing tanah Mesir.

42Bengi kuwi uga dadi bengi tirakatan kanggo sakèhé wong Israèl turun-temurun kagem kamulyané Pangéran, Allahé.

43Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun, "Yaiki prenatan Riaya Paskah. Wong bangsa liya ora kena mèlu mangan Paskah iki.

44Nanging batur sing wis koktuku kena mèlu mangan, angger wis koktetaki.

45Wong neneka sarta buruh opahan ora kena mangan.

46Enggonmu mangan daging cempé kudu ana ing panggonané cempé mau dimasak, ora kena digawa metu. Aja pisan-pisan nugel balungé cempé iku.

47Sapasamuwané Israèl kabèh kudu netepi prenatan iki.

48Yèn ana wong bangsa liya sing tetep pemanggoné ing antaramu, mangka kepéngin mangan Paskah kanggo ngurmati Allah, wong mau kudu koktetaki dhisik, sawisé iku lagi kena mèlu mangan. Sawisé mengkono wong manca mau kaanggepa kaya déné wong Israèl asli, sarta kena mèlu mèngeti Riaya Paskah.

49Prenatan tumraping wong Israèl asli lan wong bangsa liya kang manggon ing tengahmu iku padha."

50Kabèh wong Israèl padha mbangun-turut sarta nindakaké apa sing didhawuhaké déning Allah marang Musa lan Harun.

51Ing dina kuwi Allah ngirid para taleré umat Israèl metu saka ing tanah Mesir.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel