Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 16 >> 

1Umat Israèl kabèh banjur padha mangkat saka ing Élim; lan ing tanggal limalas sasi loro, tekan segara wedhi Sin, yakuwi antarané Élim lan Gunung Sinai.

2Ana ing kono umat Israèl padha nggrundeli Musa lan Harun,

3tembungé, "Langkung saé menawi Gusti Allah enggènipun mejahi kula wonten ing Mesir, sebab wonten ing ngrika kula samboten-mbotenipun saged ngadhep kuwali isi daging lan roti ngantos tuwuk. Nanging samenika panjenengan sampun ngirid kula sapasamuwan dumugi ngriki supados kula sami pejah kaliren."

4Pangandikané Allah marang Musa, "Aku bakal nekakaké pangan kaya udan saka ing langit kanggo kowé kabèh. Saben dina kowé kudu padha nglumpukaké pangan kuwi sacukupé kanggo sedina. Srana patrap mengkono Aku bakal pirsa apa wong-wong iku iya padha mbangun-turut karo dhawuh-Ku apa ora.

5Ing dina kaping nem wong Israèl kudu padha nglumpukaké sarta masak pangan mau tikel loroné adaté."

6Musa lan Harun banjur ngandika marang wong-wong Israèl, "Mengko soré kowé bakal padha ngerti yèn Allah sing ngluwari kowé saka ing tanah Mesir.

7Sésuk kowé bakal padha ndeleng cahyaning Pangéran kang mblerengi, mretandhani yèn Gusti Allah rawuh. Panjenengané wis mirengaké panggrundelmu marang Panjenengané, iya marang Panjenengané piyambak, sebab aku iki rak mung nindakaké dhawuhé."

8Musa banjur ngandika, "Mengko soré Gusti Allah bakal maringi daging marang kowé, sarta sésuk-ésuk roti nganti sawaregmu, merga Panjenengané wis miyarsa panggrundelmu marang Allah. Yèn kowé nggrenengi aku, iku satemené kowé nggrenengi Gusti Allah."

9Musa banjur ngandika marang Harun, "Umat kabèh kumpulna ing ngarsané Allah, sebab Panjenengané wis midhanget panggrundelé."

10Bareng Harun ngandika marang umat Israèl, kabèh banjur padha madhep marang ing ara-ara samun. Sanalika iku uga cahya kamulyané Allah ngetingal ana ing sajroning méga.

11Pangandikané Allah marang Musa,

12"Aku wis midhanget panggrundelé wong Israèl. Kandhakna karo wong-wong iku, yèn ing wayah soré bakal padha mangan daging, lan ing wayah ésuk bakal padha mangan roti sawaregé. Srana mengkono wong-wong bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran Allahé."

13Ing wayah soré ana manuk gemak gegrombolan akèh banget padha neba nganti nutupi panggonan sing kanggo ngedegaké kémah; déné ésuké banjur ana bun ing sakubenging kémah.

14Bareng bun mau wis nguwab, banjur katon ana barang tipis kaya sisik rata saara-ara samun. Wujudé alus banget kaya bun sing njendhel.

15Bareng wong Israèl weruh, banjur padha takon-tinakon, "Apa kuwi?" Musa banjur ngandika marang wong-wong Israèl, "Iya iki pangan sing diparingaké marang kowé kabèh.

16Gusti Allah wis dhawuh, supaya saben wong njupuk sacukupé kanggo brayaté, wong siji rong liter, saben brayat njupuka miturut jiwané."

17Wong-wong Israèl banjur padha nindakaké dhawuh mau; nalika ditaker nganggo gomèr ana sing olèhé nglumpukaké luwih, nanging uga ana sing kurang.

18Sing nglumpukaké akèh jebul ora turah, lan sing nglumpukaké sethithik iya ora kurang, mula saben wong mung nglumpukaké sepira butuhé.

19Musa kandha karo wong-wong mau, "Aja nyimpen pangan iki tekan sésuk-ésuk."

20Nanging ana sawetara wong Israèl sing padha ora nggugu marang dhawuhé Musa. Wong-wong mau padha nyimpen pangan tekan dina ésuké. Nanging ésuké pangan mau jebul mambu lan kebak sèté, ndadèkaké dukané Musa.

21Saben ésuk wong-wong Israèl padha nglumpukaké pangan sacukupé, déné yèn srengéngéné wis panas, pangan sing kèri ing lemah banjur ajèr.

22Ing dina kanem wong-wong padha nglumpukaké pangan nganti tikel loro, wong siji patang liter. Para pemimpiné umat kabèh padha teka sarta nglapuraké marang Musa.

23Musa banjur kandha marang wong-wong mau, "Sésuk kuwi dina Sabbat. Gusti Allah wis netepaké yèn dina Sabbat kuwi dina kanggo ngaso, yakuwi dina kagem Panjenengané. Ing dina kuwi apa sing arep kokpanggang, panggangen, lan apa sing arep kokgodhog, godhogen. Turahané kudu disisihaké lan disimpen kanggo ésuké."

24Turahané pangan mau banjur padha disimpen kanggo ing dina ésuké netepi dhawuhé Musa. Pangan mau ora mambu lan ora ana sèté.

25Musa ngandika, "Ya iki panganmu kanggo ing dina iki, sebab dina iki dina Sabbat, dina pengasoan kanggo ngurmati Allah, sarta kowé sethithik waé ora bakal nemu pangan ing sanjabaning kémah.

26Nem dina lawasé kowé kudu nglumpukaké pangan, nanging dina kapitu kuwi dina kanggo ngaso; ing dina iku ora ana roti."

27Ing dina kapitu ana wong Israèl sawetara arep nglumpukaké pangan, nanging ora olèh apa-apa.

28Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Nganti pira lawasé enggonmu padha ora mbangun-turut marang dhawuh-dhawuh-Ku?

29Titènana yèn Aku, Allah, wis maringi kowé dina kanggo ngaso. Mulané ing dina kanem Aku maringi pangan kanggo rong dina. Ing dina kapitu kudu padha ngaso ing omah, ora kena lunga."

30Dadi ing dina kapitu wong-wong padha ora nyambut-gawé.

31Pangan mau dijenengaké manna déning wong Israèl. Manna kuwi rupané kaya wiji cilik, wernané putih lan rasané kaya biskuit, sing digawé nganggo madu.

32Pangandikané Musa, "Gusti Allah wis ndhawuhi kita, supaya nisihaké manna sethithik kanggo turun kita, supaya turun kita padha ngerti pangan sing diparingaké déning Allah marang kita ana ing ara-ara samun; yakuwi nalika Gusti Allah ngirid kita metu saka ing tanah Mesir."

33Dhawuhé Musa marang Harun, "Njupuka guci, isènana manna rong liter sarta dokokna ing Papan Palenggahané Allah, disimpen kanggo turun kita."

34Harun banjur nyèlèhaké guci ing sangareping Pethi Angger-angger, disimpen, manut dhawuhé Allah marang Musa.

35Manna kuwi dadi pangané wong Israèl sajroné patang puluh taun, nganti padha tekan Kenaan, panggonané sing tetep.

36(Gomèr iku takeran kanggo barang garing sing lumrahé dienggo dhèk jaman semana; sagomèr padha karo rong puluh liter.)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel