Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 22 >> 

1"Sing sapa nyolong sapi utawa wedhus gèmbèl, mangka banjur didol utawa disembelèh, kudu ngijoli. Sapi siji ijolé sapi lima, déné wedhus gèmbèl siji ijolé papat.

2(22:2-4) Wong mau kudu ngijoli sing wis dicolong. Yèn ora duwé apa-apa, wong kuwi kudu didol dadi batur-tukon kanggo ijolé barang sing wis dicolong. Yèn kéwan colongan mau sapi, kuldi utawa wedhus gèmbèl, kecekel isih urip, sing nyolong kudu ngijoli saben kéwan siji ijolé loro. Yèn ana maling ing wayah bengi kecekel ing sajroning omah, banjur dipatèni, sing matèni ora diukum. Nanging yèn kedadéan mau ing wayah awan, sing matèni kudu diukum pati.

3(22:2)

4(22:2)

5Sing sapa ngumbar kéwané ing pategalan utawa kebon anggur, mangka kéwan mau banjur saba sarta mangan tanduran tegalé wong liya, sing duwé kéwan kudu mbayar ganti-rugi nganggo pametuné pategalan utawa kebon angguré dhéwé.

6Sing sapa ngobong-obong pategalané, mangka geni mau nyalad grumbul ri, banjur mrèmèn ngobong pategalané wong liya, sarta ngobong gandum sing lagi thukul utawa lagi dienèni, wong sing ngobong-obong mau kudu mbayar ganti-rugi.

7Sing sapa gelem nyimpen titipan dhuwit utawa barang sing pengaji duwèké wong liya, nanging barang mau banjur dicolong maling ing omahé, yèn malingé kecekel, kudu mbayar tikel loro.

8Nanging yèn malingé ora kecekel, wong sing nyimpen barang pengaji mau kudu digawa menyang panggonan ngibadah lan ana ing kono kudu sumpah yèn ora nyolong barang titipan mau.

9Yèn ana cecongkrahan bab barang sing ilang, upamané sapi, kuldi, wedhus gèmbèl, sandhangan utawa apa waé, mangka banjur ketemu, mangka karoné padha ngaku yèn nduwèni barang mau, wong-wong mau kudu padha digawa menyang panggonan ngibadah. Wong sing ditetepaké salah kudu mbayar tikel loro marang layanané congkrah.

10Menawa ana wong ngopèni titipan kuldi, sapi, wedhus gèmbèl, utawa kéwané wong liya mangka kéwan mau banjur mati, tatu utawa dicolong ing wong, nanging ora ana seksiné,

11wong kuwi kudu lunga menyang panggonan ngibadah lan sumpah yèn ora nyolong kéwan sing dititipaké mau. Menawa kéwan mau ora dicolong, sing duwé kudu nrima, déné sing ngopèni ora prelu mbayar ganti-rugi.

12Nanging yèn kéwan mau dicolong dhéwé, sing ngopèni kudu mbayar ganti-rugi marang sing duwé.

13Yèn kéwan mau dimangsa kéwan galak, wong sing ngopèni kudu nuduhaké bukti marang sing duwé, supaya ora prelu mbayar ganti-rugi.

14Yèn ana wong nyilih kéwan, mangka banjur tatu utawa mati, lan sing duwé ora ana ing panggonan kono, sing nyilih kudu mbayar ganti-rugi.

15Nanging yèn ing wektu mau sing duwé ana ing kono, sing nyilih ora prelu mbayar ganti-rugi. Déné yèn kéwan mau séwan, kabayara nganggo ongkos séwan."

16"Sing sapa nuroni prawan sing durung pacangan, kudu mbayar mas kawin lan prawan mau dadia bojoné.

17Nanging yèn bapakné prawan mau ora ngolèhaké anaké dipèk bojo, wong lanang mau kudu mbayar marang bapakné bocah wadon mas kawin sapantesé.

18Wong wadon sing nindakaké ngèlmu sihir, kudu dipatèni.

19Sing sapa laku jina karo kéwan kudu dipatèni.

20Sing sapa sesaji marang allah liyané Aku, kudu diukum pati.

21Kowé aja nyia-nyia utawa nindhes marang wong manca; élinga yèn kowé biyèn iya padha dadi wong manca ana ing tanah Mesir.

22Aja tumindak sewenang-wenang marang randha utawa bocah lola.

23Yèn kowé padha tumindak mengkono, Aku Allah sing bakal nulungi, menawa wong mau padha sesambat nyuwun tulung marang Aku.

24Aku bakal duka sarta matèni kowé klawan pedhang, temah bojomu dadi randha, lan anak-anakmu padha lola.

25Yèn kowé padha ngutangi dhuwit marang wong miskin umat-Ku, aja kaya tukang potang sing njaluk anakan.

26Yèn kowé nganti njupuk jubahé wong pepadhamu dadi barang gadhèn, kudu kokbalèkaké sadurungé suruping srengéngé,

27awit iya mung kuwi kemulé, iya mung kuwi sandhangané. Apa sing arep dienggo kemul samasa turu? Samasa wong mau sesambat marang Aku nyuwun tulung, Aku bakal nulungi merga Aku iki sipat asih mirma.

28Aja ngala-ala marang Allah, lan aja ngipat-ipati penggedhéné bangsamu.

29Aja lali saos pisungsung saka pametuné gandummu, peresané anggurmu, lan lenga zaitunmu marang Aku, ing wektu sing wis ditemtokaké. Semono uga anakmu lanang kang pembarep iku saosna marang Aku,

30semono uga pedhèt lan cempé sing lair kawitan. Kéwan lanang sing lair kawitan mau karebèn kumpul karo biyungé sajroné pitung dina, déné ing dina kang kaping woluné anaking kéwan mau saosna marang Aku.

31Umat-Ku kabèh, dadia wong suci, aja padha mangan daginging kéwan apa waé, sing matiné merga ditubruk kéwan galak; dagingé kéwan mau pakakna asu."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel