Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 27 >> 

1"Gawéa mesbèh saka kayu akasia, wujudé pesagi; dawa lan ambané padha, yakuwi 2,2 mèter. Dhuwuré 1,3 mèter.

2Wènèhana sungu ing saben pojok sisih ndhuwur. Sungu-sungu mau kudu dadi siji karo mesbèh, sarta dilapisi prunggu.

3Gawéa wadhah awu, sekop, baki, garpu lan wadhah geni. Piranti iku mau kabèh kudu digawé saka prunggu.

4Gawéa kranjang tembaga, awujud jala sarta wènèhana gelangan papat ing pojoké kanggo ngusung.

5Dhuwuré kranjang mau separoné dhuwuré mesbèh. Lan dipasanga ing sangisoring wengkuné.

6Gawéa pikulan saka kayu akasia sing dilapisi prunggu,

7sarta slobokna ing gelangan pikulan ing sisih mesbèh kanggo ngusung.

8Mesbèh iku gawénen saka blabag, ing njero kothong, manut rancangan sing Dakdhawuhaké marang kowé nalika ana ing gunung."

9"Gawéa plataran ing kiwa-tengené Kémah Palenggahan-Ku sing diwatesi nganggo gordhèn kain léna alus. Ing sisih Kidul gordhèn mau dawané 44 mèter,

10disangga cagak prunggu rong puluh nganggo umpak prunggu rong puluh; nganggo canthèlan lan blandar saka slaka.

11Gawénen kaya mengkono uga ing sisih Lor.

12Ing sisih Kulon gordhèné dawané 22 mèter, nganggo cagak rong puluh sarta umpak rong puluh.

13Ing sisih Wétan, sing ana lawangé, plataran mau ambané 22 mèter.

14(27:14-15) Ing kiwa-tengené lawang kudu ana gordhèn sing dawané 6,6 mèter nganggo cagak telu lan umpak telu.

15(27:14)

16Kanggo lawangé kudu ana gordhèn sing dawané sangang mèter saka kain léna alus sing ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang, sarta direngga nganggo sulaman. Gordhèn mau kudu disangga déning cagak papat sandhuwuring umpak papat.

17Kabèh cagak sakiwa-tengené lawang mau digandhèng nganggo gandhèngan slaka; canthèlané kudu saka slaka lan umpaké saka prunggu.

18Pager sakubenging plataran mau dawané 44 mèter, ambané 22 mèter sarta dhuwuré 2,2 mèter. Gordhèné digawé saka kain léna alus sarta umpaké saka prunggu.

19Piranti sing dienggo ana ing Kémah, pathoké lan pageré kabèh digawé saka prunggu."

20"Wong Israèl préntahana nggawa lenga zaitun sing becik dhéwé, kanggo ngisèni damar-damar ing sajroning Kémah Palenggahan-Ku supaya disumed saben bengi.

21Harun lan anak-anaké kudu padha nyumed damar-damar mau. Panggonané pedamaran mau ana ing sanjabané gordhèn sing nutupi Pethi Prejanjian. Ing panggonan-Ku, lampuné kudu tetep murub wiwit surup nganti ésuk. Dhawuh iki kudu ditindakaké selawas-lawasé déning wong Israèl lan turun-turuné."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel