Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 3 >> 

1Ing sawijining dina Musa angon wedhus jawa lan wedhus gèmbèl duwèké Imam Yitro, maratuwané, yakuwi imam ing tanah Midian. Nalika lagi nggiring wedhus-wedhusé pindhah menyang ara-ara liyané, lakuné Musa nganti tekan ing Gunung Sinai, yaiku gunung suci.

2Ing kono Malaékaté Pangéran rawuh ing sajroning urubing geni kang ana ing tengahing grumbul. Musa weruh yèn grumbul mau murub nanging ora kobong.

3"Anèh," batiné. "Apa sebabé grumbul kuwi ora kobong? Beciké dakparanané."

4Nalika Allah mirsa Musa nyedhaki panggonan mau, banjur ngandika saka ing tengahing grumbul, "Musa! Musa!" Unjuké Musa, "Nuwun! Kawula wonten ing ngriki."

5Gusti Allah banjur ngandika, "Aja nyedhak! Trumpahmu copoten, sebab lemah sing kokidak iku suci.

6Aku iki Allahé leluhurmu, Allahé Abraham, Iskak lan Yakub." Musa nuli nutupi rainé, sebab wedi nyawang marang Allah.

7Gusti Allah banjur ngandika, "Kasangsarané umat-Ku ing Mesir wis Dakpirsani. Aku wis mireng pasambaté wong-wong kuwi kang padha nyuwun diluwari saka ing panindhesé wong Mesir. Sejatiné Aku mirsa sakèhing kasangsarané.

8Mulané Aku tedhak prelu nguwalaké wong-wong iku saka ing tanganing wong Mesir sarta ngirid menyang papan sing ombèr. Tanah sing gemah ripah, lan saiki dienggoni wong Kenaan, Hèt, Amori, Fèris, Hèwi lan Yébus.

9Tangisé bangsa-Ku wis Dakpirengaké sarta patrapé wong Mesir nindhes wis Dakpirsani.

10Saiki kowé Dakutus nemoni Sang Pringon, lan nuntun umat-Ku metu saka ing tanah kono."

11Nanging Musa matur, "Kawula menika sinten, déné kadhawuhan sowan raja lan ngirid tiyang Israèl medal saking tanah Mesir?"

12Gusti Allah banjur ngandika, "Aku bakal nunggil karo kowé sarta menawa bangsa mau wis kokirid metu saka ing tanah Mesir, kowé kabèh bakal ngabekti marang Aku ing gunung iki. Yakuwi buktiné yèn Aku kang ngutus kowé."

13Aturé Musa, "Nanging menawi kawula manggihi tiyang-tiyang Israèl, lajeng kawula criyosi, ‘Gusti Allah pepundhèné leluhurmu wis ngutus aku nemoni kowé kabèh’, mangka tiyang-tiyang menika lajeng takèn, ‘Sapa asmané?’, wangsulan kawula dhateng tiyang-tiyang menika lajeng kadospundi?"

14Pangandikané Pangéran, "Aku iki Panjenengané Kang Ana. Wong-wong mau kudu kokkandhani, ‘Panjenengané Kang Ana wis ngutus aku nemoni kowé kabèh.’

15Kandhakna karo bangsa Israèl, yèn Aku iki Allah, sesembahané leluhuré, Allahé Abraham, Iskak lan Yakub. Aku wis ngutus kowé nemoni wong-wong mau. Allah, yakuwi asma-Ku langgeng selawas-lawasé, dadia sebutan-Ku kanggo sakèhing bangsa turun-temurun.

16Mangkata, para pemimpiné bangsa Israèl kabèh padha kumpulna. Kandhaa karo wong-wong mau, yèn Aku, Allah sesembahané leluhuré, Allahé Abraham, Iskak lan Yakub, wis ngrawuhi kowé. Kandhakna yèn Aku wis ngetingal marang kowé, sarta wis mirsa apa sing ditindakaké wong-wong Mesir marang dhèwèkné.

17Lan Aku bakal ngluwari bangsa Israèl saka panindhesé bangsa Mesir. Bangsa Israèl mau bakal Dakirid menyang tanah sing gemah ripah loh jinawi; negarané wong Kenaan, Hèt, Amori, Fèris, Hèwi lan Yébus.

18Umat-Ku bakal nggugu karo kowé. Sabanjuré mangkata bebarengan karo para pemimpiné Israèl mau sowan Sang Pringon lan matura, yèn Pangéran, Allahé wong Ibrani wis ngrawuhi kowé. Nyuwuna palilah lunga menyang ara-ara samun sing adohé lakon telung dina, prelu saos kurban marang Pangéran Allahmu."

19Gusti Allah banjur ngandika menèh, "Aku mirsa, yèn Sang Pringon ora bakal nglilani kowé lunga, kejaba menawa dipeksa.

20Nanging Aku bakal ngetingalaké pangwasa-Ku. Ing kana Aku bakal ngukum wong Mesir nganggo kasangsaran sing nggegirisi. Sabanjuré kowé kabèh bakal dililani lunga.

21Wong-wong Mesir bakal Dakgawé supaya ngurmati kowé kabèh, nganti samasa kowé padha mangkat iya bakal padha disangoni.

22Saben wong wadon Israèl njaluka dandanan emas lan slaka marang wong Mesir, tanggané tunggal saomah. Barang-barang mau enggokna anak-anaké lanang lan wadon. Srana mengkono dadi bisa nggawa raja-branané wong-wong Mesir."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel