Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 37 >> 

1Bézaleèl gawé Pethi Prejanjian saka kayu akasia, dawané 110 sèntimèter, ambané sarta dhuwuré padha, yakuwi 66 sèntimèter.

2Ing njaba lan ing njero dilapisi emas murni, lan nganggo wengku emas mubeng.

3Banjur digawèkaké gelangan emas papat kanggo nylobokaké pikulan, sing dipasang ing sikilé Pethi papat, saben sisih gelangan loro.

4Iya digawèkaké pikulan saka kayu akasia, dilapis nganggo emas.

5Banjur dislobokaké ing saben sisihing Pethi mau.

6Pethi mau iya digawèkaké tutup saka emas murni, dawané 110 sèntimèter lan ambané 66 sèntimèter.

7Lan digawèkaké rerupan emas mujud kerub loro nganggo swiwi sing diukur,

8sing siji ing sisih kéné, sijiné ing sisih kanané. Rerupan loro mau digawé dadi siji karo tutupé.

9Digawé padha adhep-adhepan; déné swiwiné megar nutupi Pethi mau.

10Bézaleèl gawé méja saka kayu akasia, dawané 88 sèntimèter, ambané 44 sèntimèter lan dhuwuré 66 sèntimèter.

11Méja mau dilapisi mas murni, mubeng dipasangi plisir mas.

12Iya banjur digawèkaké wengku sing ambané 7,5 sèntimèter sakubengé méja mau. Wengkuning méja diwènèhi plisir mas.

13Digawèkaké gelangan usungan papat sing dipasang ana ing pojok papat sandhuwuring sikilé.

14Gelangan kanggo slobokan pikulan dipasang mèpèt wengkuning méja mau.

15Pikulané digawé saka kayu akasia dilapisi mas.

16Digawé uga piranti sing temumpang ing méja mau kayata: piring-piring, cangkir-cangkir, kendhi-kendhi lan mangkok-mangkok wadhah anggur saosan, kabèh digawé saka mas murni.

17Bézaleèl gawé pedamaran saka mas murni. Bancikané lan sikilé saka mas sing diukir. Direngga nganggo kembang-kembangan, kudhup lan slagané irasan karo gagangé.

18Pedamaran mau ana pangé nem metu saka lajeré, saben sisih telu.

19Ing saben pang ana rerenggané kembang telu kaya kembang badam karo kudhup lan slagané.

20Ing gagangé ana rerenggan kembang papat kaya badam karo kudhup lan slagané.

21Lan ing sangisoring saben pang sajodho ana kudhupé.

22Wadhah lampu mau sarta kudhup-kudhupé lan pang-pangé digawé saka ukir-ukiran mas siji.

23Ing pedamaran mau digawèkaké damar pitu karo gunting lan tadhah langes saka mas murni.

24Kanggo gawé pedamaran sarta pirantiné kabèh mbutuhaké mas murni 35 kilogram.

25Bézaleèl gawé mesbèh saka kayu akasia kanggo padupan. Mesbèh mau pesagi, dawa lan ambané padha 45 sèntimèter. Dhuwuré 90 sèntimèter. Sungu-sunguné ing pojoké papat dadi siji karo mesbèhé.

26Ing sisih ndhuwur, sisihé papat sarta sunguné dilapisi mas murni lan ing sakubengé digawèkaké plisir mas,

27banjur digawèkaké gelangan kanggo mikul, dipasang ing sangisoring plisir ing sisihé loro kanggo slobokan pikulan samasa mesbèh mau diusung.

28Pikulané padha digawé saka kayu akasia sarta dilapis mas.

29Bézaleèl uga gawé lenga jebad lan dupa murni sing dicampur karo lenga wangi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel