Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 5 >> 

1Musa lan Harun sowan Sang Pringon sarta matur, "Pangéran, Allahipun Israèl dhawuh mekaten, ‘Umat-Ku lilanana lunga, supaya ngabekti marang Aku ana ing ara-ara samun.’"

2Sang Pringon ndangu, "Pangéran Allahmu kuwi sapa? Apa sebabé aku kudu ngrungokaké Allahmu lan nglilani bangsa Israèl lunga? Aku ora tepung karo Allahmu kuwi sarta Israèl ora daklilani lunga."

3Musa lan Harun matur, "Pangéran, Allahipun tiyang Ibrani sampun ndhawuhi kula, supados panjenengan nglilani tiyang Ibrani késah dhateng ara-ara samun, ingkang tebihipun lampahan tigang dinten, prelu saos kurban dhateng Pangéran Allah, inggih Allah kula. Menawi kula sedaya mboten nglampahi, Pangéran badhé mejahi kula srana sesakit saha perang."

4Sang Pringon ngandika marang Musa lan Harun, "Apa karepmu wong-wong kuwi kokkon ninggal pegawéané? Batur-batur kuwi kudu bali nyambut-gawé menèh!

5Bangsamu cacahé wis luwih akèh tinimbang bangsa Mesir. Lan saiki kowé kabèh arep lèrèn, ora nyambut-gawé!"

6Ing dina kuwi uga para pengawas bangsa Mesir sarta para mandhor Israèl didhawuhi mengkéné,

7"Bangsa kuwi aja kokwènèhi merang menèh kanggo gawé bata, karebèn golèk dhéwé.

8Wong-wong kuwi konen gawé bata cacahé padha kaya wingi-wingi, siji waé ora kena kurang. Dhasar wong kurang gawéan, mulané tansah golèk alesan supaya dililani lunga saos kurban marang Allahé.

9Mulané pegawéané tambahana sing luwih abot, aja diwènèhi wektu kanggo ngaso, supaya ora kober ngrungokaké crita sing ora-ora."

10Para pengawas Mesir sarta mandhor-mandhor Israèl nuli padha budhal lan kandha karo wong-wong Israèl, "Sang Prabu dhawuh supaya aku padha ora mènèhi merang menèh marang kowé.

11Kowé kabèh kudu golèk dhéwé, nanging olèhmu gawé bata kudu padha cacahé karo sing wingi-wingi."

12Bangsa Israèl banjur lunga ngubengi tanah Mesir golèk merang.

13Saben dina wong Israèl mau dipeksa déning para pengawas supaya gawé bata cacahé padha kaya nalika diwènèhi merang.

14Para pengawas Mesir nuli padha nggebugi mandhor-mandhor Israèl sing diwajibaké ngatur gawéané para batur. Wong Mesir mau padha takon, "Yagéné wong-wong Israèl ora gawé bata padha cacahé karo wingi-wingi?"

15Mandhor-mandhor Israèl banjur sowan Sang Prabu sarta sesambat, "Kénging menapa panjenengan matrapi kula sedaya mekaten?

16Kula mboten dipun paringi merang, nanging kedah damel bata. Samenika kula sami dipun gebagi, mangka panjenengan ingkang tanggel jawab."

17Sang Pringon dhawuh, "Kowé padha kesèd, ora gelem nyambut-gawé. Kuwi sebabé kowé padha njaluk dililani saos kurban marang Allahmu.

18Ayo nyambut-gawé menèh! Kowé padha ora diwènèhi merang, nanging kudu bisa gawé bata sing padha cacahé."

19Mandhor-mandhor padha krasa yèn wong-wongé padha répot banget, awit didhawuhi kudu gawé bata cacahé padha kaya wingi-wingi.

20Sapungkuré sowan Sang Pringon wong-wong mau banjur padha nemoni Musa lan Harun sing pancèn lagi ngentèni.

21Tembungé mandhor-mandhor mau, "Gusti Allah sampun mirsa pokal panjenengan, mila mesthi badhé ngukum panjenengan, sebab panjenengan ingkang dados jalaranipun kula sami dipun sengiti déning Sang Pringon tuwin para pengageng. Panjenengan nyukani dhadhakan dhateng piyambakipun kanggé mejahi kula."

22Musa banjur sowan marang ngarsané Allah menèh, aturé, "Dhuh Allah, menapa sebabipun Paduka ndhatengaken kasangsaran dhateng bangsa menika? Menapa sebabipun Paduka ngutus kawula mriki?

23Wiwit kawula sowan dhateng Sang Pringon, matur dipun utus déning Allah, Sang Pringon sampun nyiya-nyiya bangsa menika; lan Paduka mboten maringi pitulungan menapa-menapa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel