Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 9 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa, "Sowana marang Sang Prabu, matura yèn Allahé wong Ibrani ngandika mengkéné, ‘Umat-Ku luwarana, supaya bisa ngabekti marang Aku.

2Yèn kowé meksa ora nglilani, lan arep terus kokkukuhi,

3kowé bakal Dakukum nganggo pageblug ing antarané kéwan-kéwanmu kabèh !!— jaran, kuldi, unta, sapi, wedhus gèmbèl, sarta wedhusmu liyané kabèh.

4Aku bakal mbédakaké antarané kéwané wong Israèl lan kéwané wong Mesir. Kéwané wong Israèl ora ana siji waé sing bakal mati.

5Aku, Allah, netepaké, ing dina sésuk olèh-Ku arep nindakaké prekara iki!’"

6Ésuké Gusti Allah nindakaké prekara mau. Kéwané bangsa Mesir padha mati kabèh, nanging kéwané bangsa Israèl ora ana sing mati siji-sijia.

7Nalika raja ndangu, wong-wong banjur matur, yèn kéwané wong Israèl ora ana siji-sijia sing mati. Éwasemono raja Mesir tetep mangkotaké galihé lan ora nglilani bangsa Israèl lunga.

8Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun, "Njupuka awuné pawon sawetara gegem. Ing ngarepé raja, awu mau sawurna.

9Awu mau dadi lembut lan bakal sumebar rata satanah Mesir. Ing endi-endi banjur bakal ana memala wudun ing awaké manungsa lan kéwan, wusanané mecah dadi korèng."

10Musa lan Harun banjur njupuk awu sethithik nuli sowan Sang Prabu. Musa nyawuraké awuné mendhuwur. Banjur ana memala wudun ing awaké manungsa lan kéwan sing sabanjuré dadi korèng.

11Para ahli sihir ora bisa nemoni Musa, merga awaké sekojur wudunen kaya wong Mesir liyané.

12Nanging Gusti Allah mangkotaké atiné raja Mesir, kaya sing wis dingandikakaké, merga ora mirengaké aturé Musa lan Harun.

13Gusti Allah ngandika marang Musa, "Sésuk-ésuk lungaa sowan marang Sang Prabu lan matura yèn Pangéran Allahé wong Ibrani ngandika mengkéné, ‘Kowé nglilanana umat-Ku supaya bisa ngibadah marang Aku.

14Sepisan iki ora mung para penggedhé lan rakyatmu sing Dakukum, nanging uga kowé dhéwé, supaya kowé padha ngerti yèn Aku iki ing salumahing bumi ora ana sing madhani.

15Menawa Aku kersa ngagem pangwasa-Ku kanggo ngukum kowé lan rakyatmu mesthi kowé wis Dakgebag klawan pageblug lan kowé kabèh mesthi bakal padha tumpes.

16Nanging Aku isih ngéman marang uripmu, supaya kowé weruh pangwasa-Ku lan supaya asma-Ku kaluhuraké ana ing salumahing bumi.

17Nanging kowé isih tetep ngalang-alangi lan ora gelem nglilani umat-Ku lunga.

18Sésuk Aku bakal nekakaké udan ès sing deres banget, sing durung tau kelakon ing tanah Mesir.

19Saiki préntahna supaya raja-kaya lan sakabèhing barang-darbèkmu diprenahaké ing panggonan sing becik. Para manungsa lan kéwan sing ana ing njaba tanpa éyub-éyub, samasa ketiban ès bakal padha mati!’"

20Sawetara penggedhé padha wedi marang pangandikané Allah. Para batur lan raja-kayané banjur padha digawa mlebu ngomah supaya slamet.

21Nanging para penggedhé liyané ora maèlu marang pangandikané Allah mau; batur-batur sarta raja-kayané ditinggal ing njaba tanpa éyub-éyub.

22Gusti Allah nuli ngandika marang Musa, "Tanganmu acungna ing langit, banjur bakal ana udan ès ing satanah Mesir kabèh. Manungsa, kéwan lan tanduran ing tegal bakal padha kodanan."

23Musa banjur ngacungaké tekené ing langit. Gusti Allah banjur ndhatengaké gludhug, udan ès sarta bledhèg nyamber-nyamber.

24Udané ès, dibarengi bledhèg apa déné lésus sing nggegirisi banget; kaanan sing mengkono mau durung tau kelakon ing tanah Mesir.

25Udan ès mau wrata sanegara kabèh lan nyirnakaké apa waé sing ana ing njaba, iya manungsa iya kéwan. Lésusé ngrusak sakèhing tanduran ing tegalan sarta ngrubuhaké sakèhing wit-witan.

26Mung tanah Gosèn, panggonané wong Israèl, ora ana udan ès.

27Raja Mesir banjur nimbali Musa lan Harun, dhawuhé, "Sepisan iki aku ngaku kedosan marang Allah. Allah sing bener, déné aku lan rakyatku sing salah.

28Ndedongaa marang Allah, merga aku kabèh wis padha sangsara merga udan ès iki. Aku janji nglilani kowé padha lunga, aja padha manggon ing kéné menèh."

29Aturé Musa marang Sang Prabu, "Menawi kula sampun dumugi ing njawi kitha, kula badhé ndedonga dhateng Gusti Allah. Gludhugipun nunten badhé kèndel, déné jawahipun badhé terang lan panjenengan badhé sami mirsa, bilih bumi menika kagunganipun Gusti Allah.

30Nanging kula sumerep bilih Sang Prabu saha para pengageng dèrèng sami ajrih dhateng Gusti Allah."

31Tanduran rami lan jewawut padha rusak, mangka jewawuté wis wayahé ngundhuh; déné raminé lagi semi.

32Mung tanduran gandum sing ora rusak, merga durung mangsané.

33Musa banjur mundur lan tindak menyang njaban kutha, sarta ngangkat astané ndedonga marang Gusti Allah. Sanalika gludhugé lan udané ès sirep, sarta udané banjur terang.

34Bareng Sang Pringon pirsa kaanan mau banjur mbacutaké enggoné gawé dosa. Raja lan para penggedhé tetep mangkotaké penggalihé kaya adaté.

35Sang Pringon ora nglilani wong Israèl budhal, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang Musa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran