Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 1 >> 

1Kidung sing éndah dhéwé, anggitané Suléman. Pengantèn wadon:

2Kawula kacucupa mawi lathi Panjenengan; sih-katresnan Panjenengan menika ngungkuli nikmating anggur!

3Ganda Panjenengan arum sanget; asma Panjenengan menika kados lisah jebad ingkang kaesokaken, mila para prawan sami kasmaran dhateng Panjenengan.

4Kawula mugi Panjenengan tuntun, énggal-énggal ndhèrèk Panjenengan! Sang Raja, kawula kaajaka mlebet ing kamar Panjenengan. Kita sesarengan badhé bingah-bingah, ngraosaken nikmating sih-sinihan! Mboten maiben menawi tiyang èstri sami asih dhateng Panjenengan.

5Hé para putri ing Yérusalèm, ireng kulitku, nanging ayu rupaku. Irengku kaya kémah-kémah sing ana ing ara-ara samun Kédar, nanging ayuku kaya gordhèn ing kratoné Suléman.

6Aku aja kokrèmèhaké merga kulitku, sing gosong déning panasing srengéngé. Kakang-kakangku padha nepsu karo aku, banjur akon aku nyambut-gawé ing kebon angguré, nganti aku ora kober ngrumat kebon anggurku dhéwé.

7Dhuh gantilaning nyawa kawula, pepanthaning ménda Panjenengan badhé Panjenengan giring dhateng pundi? Wonten pundi enggèn Panjenengan ngersakaken para ménda sami ngéyub ing wanci tengangé? Supados kawula mboten prelu mrika-mriki madosi Panjenengan ing antawisipun para pangèn. Pengantèn lanang:

8Hé wong wadon sing ayu dhéwé, apa kowé weruh panggonanku? Nglacaka tapaké para wedhus; cempému ngonen ana ing kono, sacedhaké kémahé para pangon.

9Hé kekasihku, aku sumlengeren ndeleng ayuné rupamu, kaya jaran wadon sing gawé birainé jaran-jaran lanang sing narik kréta titihané Firaun.

10Éndah pipimu diapit-apit déning sumping, mengkono uga gulumu sing dihias ing kalung.

11Mengko kowé dakgawèkaké hiasan saka emas, nganggo kekembangan slaka. Pengantèn wadon:

12Sasuwéné Sang Raja lenggah ing pesaréané, ganda arum saka narwastuku ngebaki kamar.

13Samasa kekasihku semèlèh ing pangkonku, gandané kaya blendok mur.

14Kekasihku mau kaya kembang pacar sedhompol, sing lagi mekar ing kebon-kebon anggur Èn-Gedi. Pengantèn lanang:

15Hé kekasihku, ayu temen kowé kuwi, cahyané mripatmu kaya mripaté manuk dara. Pengantèn wadon:

16Dhuh kekasih kawula, èstu nggantheng Panjenengan menika; sasat rumput ijem ingkang minangka balé kita.

17Kajeng sédar minangka cagak, lan kajeng cemara minangka gebyogipun griya kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel