Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 4 >> 

1Pengantèn lanang: Iba ayumu, hé kekasihku! Mripatmu sumunar ing sangisoring krudhungmu kaya mripaté manuk dara. Rambutmu ngombak kaya lakuné wedhus gèmbèl sing temurun saka pegunungan ing Giléad.

2Untumu putih kaya putihé wedhus gèmbèl sing mentas dicukur lan diedusi. Kabèh padha meteng kembar, ora ana sing gabug.

3Lambému kaya pita abang, nengsemaké banget yèn kowé guneman. Pipimu sing ndurèn sajuring sumringah, ana ing sangisoring krudhungmu.

4Gulumu kaya menarané Dawud, bunder lan alus, dicanthèli tamèng sèwu mubeng.

5Payudaramu kaya anak kidang kembar sing padha nyenggut ana ing tengahing kembang bakung.

6Aku arep menyang gunung panggonané mur lan kemenyan, lan ana ing kana nganti tekané angin subuh sarta petengé bengi ilang.

7Hé kekasihku, iba ayuné rupamu, éndah temen awakmu sekojur.

8Ayo padha medhun saka Libanon, hé pacanganku, ayo mèlu aku medhun saka pucaké Gunung Amana, saka Gunung Sendir lan Gunung Hèrmon, panggonané para singa lan macan tutul.

9Hé kekasihku, pacanganku, aku kédanan karo kedhèping mripatmu, lan karo kalung sing kokenggo ing gulumu.

10Hé kekasihku lan pacanganku, katresnanmu gawé bungahing atiku. Katresnanmu ngungkuli nikmaté anggur, gandamu arumé ngungkuli wewangèn kabèh.

11Kekasihku, lambému ngungkuli legining madu, ilatmu presasat pohan lan madu tumraping aku. Sandhanganmu gandané ngungkuli sakèhé wewangèn sing ana ing Libanon.

12Dhuh adhikku, pacanganku, kowé kuwi upamané kaya petamanan sing kopèn, kaya belik sing disengker.

13Tanduran werna-werna padha tuwuh kanthi subur, wit delima metokaké woh sing énak rasané. Kembang pacar lan narwastu,

14kembang narèd, karkom, dlingo lan manis-jangan, lan wit rupa-rupa sing metokaké menyan lan blendok mur, sarta garu, apa déné sarupané wewangèn kang adi.

15Kowé kuwi presasat sendhang ing taman, tuking banyu urip, kali kang banter iliné, gemrojog saka Libanon. Pengantèn wadon:

16Hé angin saka Lor, tangia, hé angin saka Kidul, midida, tamanku silirana karebèn amrik gandané. Supaya kekasihku mlebu ing taman kagungané, lan dhahar wowohan sing dikersakaké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel